Minggu, Oktober 12, 2008

Tan Keno Kinoyongoppo


Jan-jané ki sing dho dirembug iku lhô juk opoooo ngônô lhô? Mamulo wong Jowo iku jan-jané yo kaum AGNOSTIK sing pualing jempolan… ha ha ha ha… nganggô wewaton:
“Kang Tan Kinoyongopo” iku. Tanpo pepindhan kanggoné sing dianggep GUSTI.

Mulo jaman gemiyèn nèk arep nyembah yo gandhèng gak eruh sing disembah iku kepiya-kepiyé-né, terus nganggô montro-sworo. Nganggô gamelan… njut tari-tarian, uro-uro, kidungan, wayangan.

Nang endi Dhèwè mapan? Yo embuh, wong gak eruh kepiya-kepiyé-né iku. Ning njut terus metu nalar-nalar sing gumathok…. jaré Kang Tan Kinoyongopo iku njut maujud nang piranti-piranti pepujan, lan panguoso. Mulo njut ono tetembungan:

  1. Hyang Widhi (Kang Paring Palilah marang sakabèhing TITAH)
  2. Kang Murbèng Dumadi (Kang Ngatur, Nggulowenthah, SangMaha Manajer kabèh kang pinracoyo dititahaké déning Dhèwèké).
  3. Hyang Wenang (sing puualing duwé wewenang - oleh opo waé wong yo gak eruh kepiya-kepiyé-né).
  4. Hyang Tunggal - lha tan keno kinoyongopo iku nek gak tunggal yo batal.. ha ha ha ha…
  5. Hyang Wiséso (kang paling kuwoso.. sak karep-karepé yo olèh)
  6. Hyang Wisésaning Tunggal… rangkumané kabèh mau….

Wong agnostik iku yo ngônô ikuu.. rumongso ORA GADUK nalaré yèn kudu nggagas Kan Tan Kinoyongopo mau. Njutyo wis… mik ngônô iku. Mik nalaré, wong nyambut-gawé waé onok juragané mosok jagad kang ugo nyambut gawé iki ora ono JURAGANÉ?

SOPO? Yo embuh… ra gaduk pokokmèn.

Opo Juragan mau perlu omah? Yo embuh… perlu manggon opo ôra... opo perlu ngeyup? Ngawur aé.

Opo kudu disembah? Yo embuh, tergantung pribadi masing-masing. . arep nyembah opo nyumpah…. sak karep-karepmu dhéwé.

Nèk umpamané kudu nyembah ngônô, carané? Yo embuh… wong Juragan Jagad yo piya-piyé waé olèh.

Opo perlu kitab, kanggô nyembah? Yo embuh… wong kitab iku anané yo sak wisé wong-wong biso nulis… biso gawé piranti kanggo nyimpen boso..

Lhô nèk ngônô sing paling TOP iku BOSO, yo? Yo embuh… witikno sing biso sesrawungan lan gawé bebrayan nganggô boso sing bédo-2 ki yo mik manungso. Malah saiki boso-boso mau biso digathuk-gathukaké nganggô pirang-pirang piranti translator lan transkriptor, interpretator, lan tor-tor liyane, njut disimpen pen nang media rekorder… elektronik kang wis ora ilok-ilok gedhéné. Mandar onok papan nyimpen lan sesrawungan nyediani 3 GB gratis… dadi BLOG-BLOG… (wordpress.com lan blogspot.com umpamané)

Gèk saiki ‘flash-disk’ waé yo wis biso pirang-pirang GB.. keno kanggô nampung pirang-pirang pawarto lan gegambaran macem-macem. .. yo ‘pra? Saben dino aku ngesaki pirang-pirang skripsiné mahasiswaku, ketambah buku-buku elektronik lan kalebu terjemahan Quran… yo mik mak plung mlebu kanthongan.

Gunané yo koyo gèk Mas Bagong golèk katerangan: ’OPO TO TEGESÉ AGNOTISME’… ha ha ha ha nganggo kamus elektronik sing embuh papané nang endi… aku ora weruh… ning ono kamus iku… sing cetho sing gawé menungso.. hua ha ha haaa… lha nèk kitab, sing gawé sopo?

Nèk Agomo sing gawe sopo?

Nèk Agnostik sing ngagas sopo?

Manungso tho?

Kamongko manungso iku bedo-bedo, datan wonten sidik jari kang kembar… Dhé.

Pun pareng nggih Pak Dhé….