Kamis, Januari 06, 2011
Joyoboyo Mukso...
Kapanne Ki Dalang Soeloyo Gemblung Carita wis njelasake nek Prabu Jayabaya saka Mamenang Kedhiri iku sakti mandraguna. Saking sektine, malah bloedrueg-an. Dilapori nek anake wedok diusir ambek bojone, Gendrayana saka Jawastina, dituduh jare mbobot tanpo diboboti, terus muntap. Jawastina dilebur kelem nang laut, kari mik pulau cilik-cilik sing kremun-kremun nek didelok saka tanah Jawa.Mula diarani Karimunjawa.... hehe lak ngunnuuu tah?
Jayabaya disengeni ambek Raja Dewa amarga nglebur praja ora cecala (menghanjurkan kerajaan lain tanpa kasih berita pendahuluan utawa peringatan). Mulane jabatanne sebagai titising Wisnu dijabel. Jayabaya uga kudu ndang bali nang kayangan sakwise bayi sing dikandut ambek anake (Pramesthi) sing jare mbobot gara-gara mangku keris (mulane tah wong wedok ojok seneng mangku keris tah lading... bisa mbobot lho... sing duwe keris sakti jugak ojok sembarangan namakna keris tah ndeleh keris. sida mlungKER gak kena gae ngeRIS kapok koen!) lahir umur 10 tahun wis ketemu ambek pasangan sejati kanggo nggulawenthah jagad, Jayabaya kudu balik nang kayangan alias GAME OVER at the level 9th.
Kaleksanan, putune Jayabaya lahir dinehi jeneng Anglingdarma. Barengan ambek putune patih Kedhiri sing lagi diusir, dijenengi Bathik Madrim. Pas bar ulang tahun 10 tahun, wektu iku ancene Patih Kediri wis dipanggil mulih dijak rembugan sing apik-apik, mulane Anglingdarma ketemu ambek Bathik Madrim lan dadi kanca dolanan neker tah benthik.
Lucune, Jayabaya ijik urip. Mulane sak jroning atine seneng banget. Weee dewa ora pecus ngukum jalma manungsa. Lha nyatane aku ora sida matek.... Mikir ngono karo seneng-seneng metu nang taman, wanci surup.
Nang taman lagi rame swara jangkrik ambek walang kecek lan tonggeret nong.Jayabaya sing uga duwe aji Gineng (bisa ngerti artine swara kewan apa wae, kaya Nabi Sulaiman Si Pengendara Angin), ketarik ambek swarane walang kekek (belalang sembah). Walang mau lagi nyanyi-nyanyi. Nitik swarane ya walang wedok.
Dicidheki kok ayu (jarene Jayabaya sing nganggo mripat walang). Kepincut, terus delikan sakuntara cucul pakaian, ningkatna aji gineng nganti malik dadi Walang Kekek Lanang.. clek... ngono ae. Lha saka uwong dadi sakwalang?
Walang Jayabaya nyidheki Walang Wedok sing lagi nyanyi. Walang wedok kaget, onok walang lanang kok masiya tuwek ndadak nganggo KULUK.. mulane bareng dirayu ya terus ae ketut. Dadi perang tanding ora karuwan antarane Walang Jayabaya ambek Walang Wedok. Perang tanding andon asmara ing plataran taman Kraton Mamenang.
Sak wise tuwuk lan kari kesele, Walang Wedok nyidheki Walang Jayabaya, ambek ngomong:
"Mas Walang, sampeyan lali kweajibane walang lanang ya? Kanggo uripe anak-anak sampeyan sing nang endog-ku mengko, sampeyan kudu ngurbanake awak sampeyan dhewe... tak klethak sirah sampeyan.."
Jayabaya keweden, arep alok ora bisa keprungu saka kraton.. wong sing metu bahasa Walang.. ecek-ecek-ecek.... ngono thok.
Isuke, kraton geger mik nemu sandhanganne Jayabaya nang taman, ambek kuluke ketemu nang ngisor wit dadap, ndadak malik dadi sak upil.... wong tilas dianggo walang...! Patih Haryamurti enggal paring pawara nek panjenenganne Sang Maharaja Jayabaya wus kasil Mukswa balik nang kayangan.....kaya sing dijanjekake duk nalika entuk paukuman saka Raja Dewa, kudu bali nang kayangan nek putune wis umur 10 tahun!
Mekaten para sedherek lelampahan Jayabaya Mukswa sing ditulis ambek kanca-ne mbah soeloyo sing ahli serangga.... sepisan maneh gak lucu babah... wong ancene ora lagi nglucu, kok.
Tentara Go Blog...
Onok tentara loro sudrun tenan. Pas perang mbrondong tembakan nang daerah musuh sing mik keletan dalan, ndadak pluruné sing aténé dipasang nang rèntèngan entèk. Dhèkné nggolèki nang sekitar kono gak nemu. Akhiré dhèkné bengak-bengok:
"Hooooeeeee....! Pluru tambahané endi Rèèèèk!"
Dijawab ambèk sing lagi mimpin serangan (pangakaté nèk ngono iku opo sé? Kôpral tah sersan? Héhéhéhé... gak eruh aku... kôpral aé yo bèn cocok ambèk critané... qqqq...) nganggo bengak-bengok pisan:
"Hééé.... prajurit goblog! Ojok sampèk krungu mungsuh nèk pluruné mèh entèk.... pokok brondong teruuuuuusssss!"
(Wis nèk ngônô iku endi sing goblog gak eruh aku. Sing lagi takok pluru opo Pak Kopral?)- ancène Pak Tara iku yo sok-sok gublug ngônô iku kok..... nèk ijik kopral tah sersan. Nek wis kolonel njut coup.... héhéhé. Apane gak goblog, wong pluru mèh entèk kok mbengok mréntah pokok brondong terusssss! [Dening mBah Soeloyo]
Senin, November 01, 2010
Jaran Kepang, Rohnya dari Gunung Merapi
http://devihankphie.files.wordpress.com/2010/02/lemuria-atlantis-worldmap.jpgNuwun sewu, nganggo boso Indonesia
Di rubrik Teropong Kompas hari ini tentang Suriname ada artikel berjudul: Jarang Kepang, Rohnya dari Gunung Merapi. Ada pernyataan yang "menggelikan" dari pimpinan grup seni Jaran Kepang Suriname itu, yang bernama Poidjojo, ketika ditanya tentang yang "menyurupi" para pemain asuhannya demikian: "Sing nyurupi niku saking negoro jowo, saking Gunung Srandil lan Gunung Merapi" (yang menyurupi itu dari negara jawa, Gunung Srandil dan Gunung Merapi).
Ditanya lagi, mengapa bukan roh dari Suriname? "Ya, bisa saja, tapi ndrawasi (menghawatirkan), masalahnya bukan apa-apa. Maksudnya roh-roh yang merasuki itu harus dipanggil dengan mantra berbahasa Jawa dan dupulangkan dengan gending-gending Jawa seperti "Waru Doyong" dan Sampak Guntur". Kalau roh yang merasuki tidak bisa berbahasa Jawa, nanti tidak bisa dipulangkan"....:-)
Selain ungkapan menggelikan itu, ada lagi kesimpulan pelapornya, "Begitulah kuda lumping telah terintegrasi sebagai bagian dari budaya Suriname (sebagai catatan kuda lumping dan reog juga hidup di negara bagian Johor, Malaysia). Betapa mereka merawat sang kuda lumping dan menjadikannya sebagai bagian dari budaya negeri benua Amerika itu.....
Nah di sini, kalau saya ingat-ingat tentang buku "Atlantis - Lost Continent Finally Found" yang ringkasannya ada di http://www.atlan.org/ jadi semakin plong dengan angan-angan saya sendiri... he he he, Sedang yang dibawa oleh para KOELIE saja bisa sedemikian mempengaruhinya budaya Nusantara (khususnya Jawa) ini di negeri lain. Apalagi jika dahulu kala budaya lengkap dengan peradaban dan teknologi BAHARI itu disebarkan secara sengaja oleh tokoh-tokoh Nusantara sekaliber pembangun Borobudur, Sukuh Cetho, Panataran, Prambanan dan Plaosan serta Dieng ke berbagai negeri... pastilah akan sangat menentukan corak dan gaya budaya negeri-2 yang didatangi oleh kapal-kapal Nusantara.

Kenapa bisa hilang? Bukti-bukti kecil baru saja bermunculan berupa bencana Tsunami Mentawai dan Wedhus Gembel Merapi. Di http://www.atlan.org/ itu disampaikan bahwa sebelum Sumatera - Jawa terpisah akibat letusan Krakatau Kuno, Nusantara adalah Atlantis. Bencana besar Krakatau Kuno menghabiskan hampir seluruh peradaban Atlantis Nusantara sehingga tinggal hanya dataran-dataran tinggi dan puncak-puncak gunungnya menjadi Benua Maritim Nusantara.
Orang-orang yang selamat dari bencana dan "nyangsang" di berbagai tempat berusaha membuat REPLIKA ATLANTIS lengkap dengan UBARAMPE-nya. Maka bangunan-2 kuno bisa mirip-mirip. Bentuk bangun Candi Sukuh bisa mirip "jebles" dengan yang ada di Mexico..:-). Di relief Sukuh dan Cetho ada bentuk kepala dengan raut wajah berbagai bangsa..... dalam posisi 'menyerah' kepada tokoh berpakaian WAYANG.. ha ha ha ha. Apa maknanya?Sebagai negeri di atas Cincin Api Pasifik, rupa-rupanya rona dunia ini ditentukan oleh gejolak alam Nusantara sejak jaman kuno.... itu yang ingin disampaikan oleh penulis buku Atlantis - Lost Continent Finally Found. Bencana Krakatau Kuno, katanya mengakhiri jaman Es... menenggelamkan 2/3 benua Atlantis.. menyisakan kepulauan Nusantara, sekaligus menyebarkan manusianya yang kebetulan 'nyangsang' di berbagai tempat, mengajarkan berbagai macam peradaban nusantara sambil ngaku "KAMI adalah ANAK DEWA" ha ha ha haaaa.... biar dituruti.... hissy.
Selasa, Oktober 19, 2010
Bausastra #4 (A12 ~ A14)
Kutho - bèntèng, témbok soko boto utowo watu sing kuwat, akutho - singidan utawa ngangg aling-aling benteng.
Saksi - wong kang mrangguli utowo meruhi kedaden.
Surasane - Wong kan duwe perkoro nang pengadilan kang ngandelake critane poro saksi.
Akutho Saksi: Duwe perkoro pengadilan ning amping-ampingan poro saksi.
13. Ala Kandhutane
Ala - elek, bosok, jahat
Kandhutan - isen-isen, gembolan, simpenan, isining ati
Surasane - Wong kang bosok kelakuwane lan tindak-tanduke
14. Alesus Gumeter
Lesus - angin sing muter ning gedhe.
Gumeter - wis ngarani, geter-geter.
Surasane: Wong kang gawe kaco ing sak tengahing kaputusan kang adil ing pengadila.
Alesus Gumeter: Wong kang gawe kaco ing sak tengahing penmgadilan kanthi nganggo sworo kang ngawut-awut kahanan.
Senin, Oktober 18, 2010
Bausastra #3 (A9 ~ A11)
Adus - wis ngarani, reresik awak sarono nyiramaké banyu.
Kringet - Banyu kang metu saka jroning badan
Surasane - Wong kang makaryo kanthi nemen lan sregep supoyo keluargané biso slamet lan bahagia.
Adus Kringet: Wong kang kringeten amargo makaryo.
A10. Akadang Saksi
A10. Akadang Saksi
Kadang- sedulur, akadang = nganggep sedulur, duwe sedulur, nyedulur
Saksi - wong kang nyeksèni
Akadang Saksi : Gawé rembugan lan prajanji ambèk seksi sing nguntungaké ing sak jrôning persidangan

11. Akèh Sandhungané
Akèh - gunggung kang akeh.. he he he.
Sandhungan - samubarang kalir kang biso njalari wong mlaku kesandhung, wong makaryo keno gangguwan... lsp.
Surasané: Wong kang nemoni pirang-pirang perkoro utowo alangan utawa uripé kang sarwo kangèlan.
Akeh Sandhungané: Wong kang kudu nglakoni pirang-pirang alangan lan perkoro sak jrôning uripé.
Sabtu, Oktober 16, 2010
Bausastra #2 (A4 ~ A6)
4. ADOL AYUAdol - dodolan, ngijolaké barang dadi duwit nang wong liyo
Ayu - wis ngarani, wewujudané wanito utowo kang wewatak wadon sing narik ati, nyengsemaké lan sak panunggalanné
Surasanné: Wong wadon kang kepéngin katon ayu dimèn payu ha ha ha, umumé ngandhut tujuwan kang ôra prayôgo
Adol Ayu: tingkah pôlah kang katindakaké bèn katon ayu.. trus dituku kosok baliné, ADOL BAGUS.... ha ha haaa
5. ADOL GAWÉ
Adol - podho karô katerangan ing dhuwur
5. ADOL GAWÉ
Adol - podho karô katerangan ing dhuwur
Gawé - kerjo, utowo makaryo
Surasanné - Wong ngisoran kang kepéngin dipuji déning dhuwuran ing babagan pethel (rajin) lan kaprigelanné ing panggawéyan
Adol Gawé - nuduhaké yèn kétok pethel lan prigel makaryo, bèn olèh pangalembono lan ôpah luwih akèh... hi hi hi hiii..
6. ADOL GENDHUNG
Adol - podho karo katerangan dhuwur
6. ADOL GENDHUNG
Adol - podho karo katerangan dhuwur
Gendhung - ora sopan, kemaki, sombong, umuk....
Surasanné - Wong kang ôra gelem ngurmati wong liyo; kemethak....
Adol Gendhung - nuduhaké sombongé kanthi tumindak kang ôra sôpan babar blas.... kemethak, kemaki, jemotos...
Bausastra #1 (A1 ~ 3)
1. ABANG-ABANG LAMBÉ Abang-abang - kabèh Abang, arepo abang kaé...
Lambé - wis ngarani... pérangan tutuk (cangkem)
Surasané: Tetembungan lamis kang kanggô narik atiné liyan.
Abang-abang Lambé: Arepo abang kaé yo mung lambé.... he he he he.
2. ADANG NGLIWET
Adang: gawé sego sarono dikukus;
Ngliwet: gawé sego ugo hananging beras pususan langsung digodhog nang nggon kendhil, yèn kakèhan banyu biso ditajini....(tajin iki ombèn ombèn sèhat akèh vitaminné) yèn kegedhèn geni biso sangit, yèn kasatan dadi ono intipé; keno digawé sego aking...:-).
Surasané: Nindakaké gawéyan werno lôrô kang tujuwané podho, kanthi kasil kang apik; luwih apik ketimbang manowo ditindakaké siji mboko siji...
3. ADEDAMAR TANGGAL PISAN KAPURNAMANAdedamar: migunakaké damar utawa lampu, utawa cecolok kang ora gedhé padhangé, malah keporo remeng-remeng.
Tanggal pisan: tanggal pisan Jowo iku mbulan wiwit jumedhul, mik njlirit koyo alise kenyo ayu.... he he he he ning kewalik.
Purnomo: kahanan mbulan naliko tanggal 14 - 16. Padhang njingglang.
Kapurnaman: ujug ujug waé mbulan dadi purnomo.
Surasané: Wong kang nggugat wong liyo nang pengadilan, ning perkarané ôra diurus nganti rampung, sabab dhèwèké duwé roso welas kang gedhé marang kang digugat.Adedamar Tanggal Pisan Kapurnaman: Migunakaké cecolok kang melik-melik wulan tanggal sepisan ujug-ujug ôlèh pepadhang lir wulan purnomo.....
[dijupuk lan didadèkaké boso Jowo soko: Kamus Peribahasa Jawa: Dengan
penjelasan dan pengertiannya, anggitanné F. S. Darmasoetjipta, Penerbit
Kanisius, 1985].
Langganan:
Entri (Atom)





