Kamis, Oktober 22, 2009

Rujak Silet

Walah, kapan kae aku kok yo diundang tetemuan nang ngayogyokarto. Lha sing ngundang konco-konco saka departemen pertanian.

Pas ngono kok yo onok ae sing ndhagel. Jarene kancaku mau: "Wah Mas, wingi-wingi pas Pak eSBeYe ngundangi calon-calon menteri, konco-konco nang kantor wis rencana tuku silet, lho"

"Lho gae opo?"
"Silet yo gae nyukur jenggot tah brengos.."
"Lha ngopo to?"
"Yo bek-beke mengko menteri sing kepilih uduk soko PeKaeS...."
"Njut...?"
"Yo konco-konco sing maune klimis yo bakal nyukur jenggote"
"Lha ning?"
"Yo iku, sing dipilih Pak BeYe, pancet soko PeKaeS, ngono lho?"
"Hayaaah... mentan anyar iku uduk PKS, tapekno PKB...."
"Ngawur ae sampiyan.. jelas PKS ngono lho, malah jenggote lebih tebel mbangane Pak Anton..."
"PKB to wis...!"
"PKB mik entuk menteri 2 ngono lho..."
"PKB = PKS Banget..."
"Semprul....!!!"