Rame tenan urusan sedulur papat kalimo pancer iki. Ana sawetara manawa sedulur papat iku asale saka ari2, banyu kawah (ketuban), getih lan puser. Dene pancere ya diri pribadine dhewe.
Pitakonan sing bisa diajokna: duk nalika jabang bayi isih nang kandhutan, si ari-ari, banyu kawah, getih lan puser iku urip? Yen urip njur sawise jabang bayi lahir, nang endi papane daya-urip sedulur papat iku sing sadurunge dadi jabang bayi, wis dadi saranane urip ing alam kandhutan.
Nek aku ngono ndelenge mik sedherhana. Sedulur 4 iku ana ing sadhengah makhluk kang lair utawa netes. Malah ing alame tetuwuhan kang nganggo kembang lan woh uga kaya mangkono.
Mula ya wis melu wae nang budhaya lan tradis sing wis atusan malah kepara ewonan tahun urip nang tanah jawa iki. Nek sing biasane nguubur ari2 sauba rampene nang njaban lawang sisih tengen ya wis ditindhaake wae. Nek sing biasane nglarung nang laut, ya wis dileksanaake wae.
-nuwun-
Sori ajar nulis nganggo gadget. Nek ana salah ketik jalaran kegedhen jempol, dimaklumi ya.