Sak wise aku nemu akal kanggo ngombe (ngonsumsi) PROPOLIS nganggo Jahe Wangi weton PT Jamu Sidomuncul, nang bloge Mbah Soeloyo iki aku kepengin mbabar cara maneh sing lebih sip. Sabab, jahe mono ora mik semacam, ning onok maneh jinis liya sing jarene para ahli jejamuan luwih kuat khasiate. Jahe Abang... sing nek nang Jepang kana dilalap nalika isih mentah, utawa diacar....Pas mau (Minggu, 22 Juni 2008) aku nunggu toko (Warung Biyang Propolis Dramaga), ndadak kepengin tuku kopi nang Indomaret. Lha, wis nang cedhak kopi kok onok Jahe Wangi... eee cedhake onok Jahe liya.... Nah Jahe Abang utawa Jahe Merah (Jamer) wis ana sing ngolah, yaiku EVYNA FOOD kang mapan ing Depok, Jawa Barat. Kemasanne jian cekli tenan. Sak dos isi 5 sachet regane mik Rp 7,525. Murah tenan... mereke ya huapik tenan:
NATURAL HERBAL DRINK
X'TRAGIN
JaheMerah
RED GINGER TEA
Koyok gambar ngisor iki.

Lha, njut mak prentul ngono wae kelingan nang toko onok PROPOLIS. Mula banjur onok resep anyar kanggo ngunjuk PROPOLIS ben enak, seger, tur nambah khasiate... sarana digawe ES JAHE MERAH + PROPOLIS (Es Jamer Pro)...
Tekan omah langsung praktek. Gawe Es Jamer, terus dak tetesi 3 tetes propolis. Dadine yen dietung mono regane mik Rp 3000 (es Jamer) + Rp 3000 (3 tetes propolis) = Rp 6000. Wis murah biyanget iki... segerrrrr terus angeeeet... gorokan dadi entheng....
Monggo lho yen kepengin nyobak, dak aturi mundhut X'Tragin nang toko-toko sing dodolan. Nek wis ngono banjur mundhut PROPOLIS nang warungku. Warung virtual lebih enak.... Panjenengan ora sah tindakan nang Bogor, mampir nang Dramaga sing macet-e pol-polan saben dinane. Cukup ngunduh formulir pemesanan ing http://www.propbiyang.net/daftar.html.

Bar ngundhuh formulir, terus diisi... terus dikirim balik nang alamat tokoku mnidramaga@yahoo.com. Terus Panjenengan kari transfer duit pembayarane. Aturanne, pembelian perdana (paket pertama 7 botol propolis @ 6ml) regane Rp 580,000. Paket sak banjure Rp 550,000 sepaket... piro wae panjenengan ngersakake regane tetep sak mono. Ongkos kirim kanggo Pulau Jawa, Indonesia bagian Barat lan Indonesia bagian Tengah gratis nganti 7 paket. Nek lebih saka iku, angger kersa dibagi-bagi dadi 7 paket ya GRATIS... ning nek sak brug ngono, biaya tambahanne Rp 5,000 per paket (P. Jawa) utawa Rp 10,000 kanggo Luar Jawa nganti Indonesia Tengah. Kanggo Indonesia bagian Timur, aku isih perlu ongkos kirim seragam Rp 10,000 per paket.

Sopo sing ra kemecer nonton Es Jamer Pro iki? Seger tenaaaan.....
Tidak ada komentar:
Posting Komentar