Rabu, Februari 20, 2008

Meooong....

Bar ngrasakke mangan larang, eee mau (Selasa, 19 Februari 2008) aku kaliren. Wis jam 13.30 durung sempat nang warung utawa kantin. Pas arep golek mangan, ndadak diceluk kancaku, "Arep nang endi mBah?" Jawabku, "Arep mangan". Hehehehe.... kancaku ngajak mlebu kamar kerja, ambek omong, "Nang kene wae aku duwe pangan... sik ya tak kongkonan dhisik...".

Udakara seprapat jam, utusan bali nggawa wungkusan telu. Sing loro padha sing siji langsung dibukak isi gorengan tempe . Jarene kuwi mendhoan. Ning embuh, sing penting isine wungkusan sijine....
Tak bukak mak byaaak... ngono, weleh isine lengkap. Onok segane, onok sayure, onok terinye.... Kancaku omong, "Iki lho Mbah sing diarani SEGA KUCING.... Lengkap to? Regane ya mik rong ewu sebungkus...."

Klemun-klemun nggliyeng aku. Mendah neyaaaa sing tak pangan wingi diijolke sega meong iki.... wiiiiiisssss cukup dipangan wong rongatus... hahahahaha.... Sedih ya?
[nuwun]

Bar mangan

Semprul... Patang Atus Ewu?

Wadhuh... Aku Minggu wingi (17 Februari 2008) diajak ketemu ambèk Bos Bappeda Teluk Bintuni - Papua Barat. Ketemune nang Hotel Borobudur. Wisss-wis Udan nggrejeh saka Bogor, eee tekan Jakarta garing ring.

Tekan Hotel diajak mangan-mangan. Ndadak kancaku alok-alok, "Ndik kene sing huenak iku Sop Buntut Goreng" ... horotoyooooh.... Sop kok goreng... hehehehe... lha ndilalahe sing metu pisanan ya mik sega ditumpuki buntut sapi goreng, ambek sambel sak mangkok, acar bawange wutuh guedhi-guedhi ngene iki. Aku ngglibet sedhilut api-api nang toilet.., terus tak waca jenenge resto kuwi... Blaik jenenge "Bogor Cafe".

Wee... lha apa bener pangiraku ya? Sop buntut goreng kuwi ora duduhan. Garingan thok ngono iku? Tibake ya ora ngono, sebab terus ditututi duduh.. Weleh dadi eling nek jajan bakso Tasik. Mie, bakso dipisah ambek duduhe.

Waaa, ya kepeksa telap-telep telas kathah temenan aku. Bar ngono terus BAFE... (bener ora yo nulise?). Telap-telep maneh... wong ra mbayar....
Bareng arep mbayar, dithuki 'bill' hehehehehe hahahahaha sing kebagian nggawa dhuwit celila-celili... jarene: "Blaik ki kurang je... weleh-weleeeeh, mangan wong lima kok ya rong juta, ngene rek....?" Batinku.... huuuu Sempruuuuul.... mangan sop buntut goreng ambek es-krim wae lho patangatus ewu.... Gek ngono akeh artis lan selebritis mangan-mangan nang kono... njut dhuwite saka ngendi ya?
[nuwun]




Selasa, Februari 19, 2008

Kenalan


Aku Soeloyo, pengin gawe BLOG iki yo ben diarani ora GOBLOG-2 nemen. Sing jelas BLOG iki ora ngapusi. Umpamane onok BLOG gambare seksi... bul isine tawa MLM, Asuransi, Lotre... wis-wis.... rak kapusan to jenenge nek ngono kuwi?


Nek Blog iki ora ngono... blos drong apa anane. Gambare elek... isine ya pancet ae elek.. hahahaha.

Pun ngriku nggih... sing ajeng nyumbang tulisan tak aturi japri ndik soeloyo@yahoo.com. Mengko tak undang wis


Hayu Hayu Rahayu

Lha huikih... senenganku sate tongseng, khas Solo-Klaten. Arepa wis nang warung apik, tetep wae mbakar lan masake nganggo ANGKRING.....