Bar ngrasakke mangan larang, eee mau (Selasa, 19 Februari 2008) aku kaliren. Wis jam 13.30 durung sempat nang warung utawa kantin. Pas arep golek mangan, ndadak diceluk kancaku, "Arep nang endi mBah?" Jawabku, "Arep mangan". Hehehehe.... kancaku ngajak mlebu kamar kerja, ambek omong, "Nang kene wae aku duwe pangan... sik ya tak kongkonan dhisik...".
Udakara seprapat jam, utusan bali nggawa wungkusan telu. Sing loro padha sing siji langsung dibukak isi gorengan tempe . Jarene kuwi mendhoan. Ning embuh, sing penting isine wungkusan sijine....

Tak bukak mak byaaak... ngono, weleh isine lengkap. Onok segane, onok sayure, onok terinye.... Kancaku omong, "Iki lho Mbah sing diarani SEGA KUCING.... Lengkap to? Regane ya mik rong ewu sebungkus...."

Klemun-klemun nggliyeng aku. Mendah neyaaaa sing tak pangan wingi diijolke sega meong iki.... wiiiiiisssss cukup dipangan wong rongatus... hahahahaha.... Sedih ya?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar