Sak liyané kuwi, kancané ayam gawé éling jaman cilikan. Ono tempe kemul. Tempe goreng dikemuli gandum....
Jumat, April 25, 2008
Ayam Geprèk
Sak liyané kuwi, kancané ayam gawé éling jaman cilikan. Ono tempe kemul. Tempe goreng dikemuli gandum....
Rabu, April 23, 2008
Ani-ani tandhing Arit

Hasile ya lumayan akeh. Malah kalebu dami-damine uga bisa payu di-dol. Akibate sawah jaman saiki akeh sing ra subur. Lha kabeh bio-massa-ne dijupuk, ra ono sing dibalekake je....
Sak liyane iku, gandheng sing makarya panen pari iku mik wong lanang, akibate wong tani kang wadon kelangan wektu melu ngupakara kasile panen pari nang sawah. Wong-wong wadon wis ora derep maneh. Para wanita mik dadi seneng ngerumpi. Nek jaman biyen lumayan bisa petan... hahahaha

Lha nek sing iki carane wong panen pari jaman biyen. Nganggo ani-ani. Panenne ya ngati-ati. Sepisan ngati-ati ben ora keperang ani-ani-ne, ping pindhone ngati-ati aggone milih ulenan pari. Ben kasile panen iku akeh sing mentes. Mengko yen oleh bawon ya akeh berase....

Yen nganggo ani-ani bisa milih-milih. Pari kang elek ditinggal dadi jatahe wong ngasak. Wong ngasak nek ora saka desa liya, ya wong sak desa ning sing duwe cacat sosial, mula ora diajak derep. Lumayan isih oleh ngasak. Yen cacat sosiale nemen, umpamane malingan, clemer, utawa mik gawe isinne wong sak desa, ya ora oleh ngasak babar pisan. Iki kalebu paukuman tradisional sing efektif. Ketoke kejem, ning ngemu pendidikan sosial bermasyarakat. Wong urip mono ra bisa ijen. Sak liyane kudu srawung kang becik, uga kudu melu njaga kaurmatane desa.
Selasa, April 22, 2008
Kampus Kelebon Politik?

Ning bareng aku dikirimi foto loro iki terus wae cumleng pikirku. Nang nggo poster kampanye Ahmad Heryawan lan Dede Yusuf, lha kok latar belakange mahasiswa-mahasiswa IPB kang lagi dilantik? Weh-weh... opo memper lan bener iki? Yen nganti bener-bener kaya mangkene.. wis-wis mik kari nunggu kapan rontok lan ambruke pawiyatan luhur ing IPB iki. Apa bisa dosen-dosen kang tibake aktif nang parte-parte iku bisa NETRAL anggone mulang-muruk marang mahasiswa? Apa bisa mahasiswa-mahasiswa kang sejatine tokoh-tokoh muda parte iki bisa mrantasi tugas-tugas akademik-e?

Coba digalih yen ing DPC PKS Dramaga kang cedhak ambek kampus IPB nganti ana poster kang kaya mangkene? Mbuh nang endi maneh kiblate para sivitas akademika kampus rakyat iki. Kok umyek melu-melu politik. Apa maneh politik-e melu marang parte kang dhasare agomo? Weleh-weleeeh... piye yo?
Njut piye ngono lho, sikep kang dora (boso arabe munafik) nganti dadi sikepe para ngilmuwan lan calon ngilmuwan kaya mangkene iki. Kapan bisane IPB melu moncer nang donyane akademik lan pendidikan tinggi ing Nuswantara? Apa bisa nggayuh IPB kalebu universitas kang kelas dunia, kelas internasional, yen para akademisi-ne wae tumindak lan darbe sikep DORA kaya mangkene?
Ah, aku minangka dosen utun ing IPB, kepengin ah... asung peling marang kanca-kanca. Mbok ayo mikirake moncere kampus IPB... urusan negara ben wae dipikir ambek sing kepengin kuwasa. Ngideri Nuswantara ya ben wae sak karep-karepe. Ning pelingku... mbok yo minangka dosen utawa guru (luwih-luwih guru besar; jaman biyen sebutane mPu utawa Begawan) kuwi bener-bener bisa diguGU lan ditiRU ngono lho....
Dadi manungsa guru kuwi abot... kudu Ber Budi Bawa Leksana.... Ber budi tegese kebak marang nalar lan penemu kang jumbuh karo pendidikan kang wis dilakoni. Bawa Leksana kuwi ibarate kara manggis sigar tekan kendagane... arepa njaba ireng, ning balibare tetep putih.... apa kang diucapake kudu numus marang kelakone... ya bawane ya leksanane...
Nuwun
BUKAK WARUNG
Senin, April 21, 2008
Walah walaaaah..... ngadili kok UTEG
Aneh temen wong-wong jaman saiki. Lhah mbok yo uwis, mikir kepriye bisane bangsane dhewe iki moncer ngono lho. Kepriye bisane ora kurang pangan. Ora kabotan yen tuku lengo...
Tur yo piye ngono lho. Lha wong sing Kagungan Donya wae ngeparengake Ahmadiyah bisa maujud. Senajan kepiya kepiye-o kae, barang kang bisa maujud lan ngrembaka iku ya oleh kersane Sing Murbeng Dumadi to yo.... Apa podho ora wedi yen entuk sikuning JAGAD? Udur udreg masalah uteg...
--nuwun--