Eeee, kok ndilalah tanggal 13 April 2008 iku ya padha-padha ing dina Radhite tumapake. Padha karo dhek aku dhaup. Tur ya pas pisan ambek PILKADA(L) Gubernur Jawa Barat. Ketambahan maneh dina sak durunge (12 April 2008) aku sak keluarga ngresmèkaké warung: Warung Biyang Propolis (ing) Dramaga Bogor. Mula ing dina minggu iku kanthi ngerik anak-bojo lan keponakan niat mangan nang njobo. Ning ya gandheng wong sekeng, tetep golek sing reregane ènthèng. Pilihan warung ya nang warung Ayam Geprèk. Papané ing Jalan Bangbarung Raya, sing embuh saiki kok nganggo jenengé uwong. Pahlawan ngono antarané miturut pamarentah KoDya Bogor.
SING tak senengi ing warung Ayam Geprèk iki, ayamé jaré ayam kampung. Pitik Jowo, nèk miturut wong jowo tengahan kana. Tambah wadhahé kuwi lho sing mik ngango "kalo" wis kabèh sarwo organis, kajaba piring, sendhok lan gelasé.
Ayam digorèng terus digeprèk. Bar ngono diwurwuri brambang gorèng. Wuik... lengoné mlekoh temenan. Huénak gurih.... wis to sok sopo sing tindakan nang Bogor... ojo lali nggeprèk nang warung iku.....
Sak liyané kuwi, kancané ayam gawé éling jaman cilikan. Ono tempe kemul. Tempe goreng dikemuli gandum....
Lha nèk sing iki, Tahu SUSUR... senajan salah jeneng ora popo... kuduné iki TAHU BRONTAK modèl Banyumasan. Ning yo bèn waé wong karepé sing dodolan ngônô. Wis waton énak lan wareg wé. Mangan wong enem (6) mik diregani Rp 114,000. Wèlèh wèlèèèh... murah to?
Sepisan maneh, monggo sing tindakan nang Bogor jolali, nggeprèk ayam nang kônô. Tak jamin dari TUMAN...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar