Mijil iki siiiip tennaaaan...
Kamis, November 12, 2009
Minggu, November 08, 2009
Kamis, Oktober 22, 2009
Rujak Silet

Pas ngono kok yo onok ae sing ndhagel. Jarene kancaku mau: "Wah Mas, wingi-wingi pas Pak eSBeYe ngundangi calon-calon menteri, konco-konco nang kantor wis rencana tuku silet, lho"
"Lho gae opo?"
"Silet yo gae nyukur jenggot tah brengos.."
"Lha ngopo to?"
"Yo bek-beke mengko menteri sing kepilih uduk soko PeKaeS...."
"Njut...?"
"Yo konco-konco sing maune klimis yo bakal nyukur jenggote"
"Lha ning?"
"Yo iku, sing dipilih Pak BeYe, pancet soko PeKaeS, ngono lho?"
"Hayaaah... mentan anyar iku uduk PKS, tapekno PKB...."
"Ngawur ae sampiyan.. jelas PKS ngono lho, malah jenggote lebih tebel mbangane Pak Anton..."
"PKB to wis...!"
"PKB mik entuk menteri 2 ngono lho..."
"PKB = PKS Banget..."
"Semprul....!!!"
Rabu, April 22, 2009
Pengin Pemetu Piro saben Dino?
Kucluk tenan, MLM iki mik dodolan suplemen werno lôrô: 1) Melia PROPOLIS (Antibiotik lan Antioksidan alami kang ngédap-édapi kasiaté. Mandi tenan kanggô nambani manéko warno penyakit. Penyakit degeneratif, koyo to Darah Tinggi (Bludreg), Setruk, Jantungen, Ginjalen, Asam Urat, Gliserida kedhukuren, tumor, kanker, miyum, kista sampèk wasir lan wudunen. Penyakit jalaran inpeksi Bakteri, Virus utawa Jamuren, koyo to Demam Berdarah, Typhus, Desentri, Pilek, Flu Burung, Trembese.. eh TBC, pegel-pegel, kadhasen, panunen lan kukulen... kabèh keno dicobakno.
2) Melia BIYANG SPRAY, tetombo kanggô ningkataké HORMON PERTUMBUHAN bèn ngatur hormon-hormon liyané kanggô njogo kesehatan lan imunitas uga gawé awèt enom.
Wis mik lôrô iku thok. Dadi gampang ditawakno mergo gampang disinaoni. Gak perlu nggowo KATALOG. Ngebot-boti tas to yo. Sistem jaringané yo mik sederhana. Bonus mik 2 harian lan 1 wulanan. Saking gampang ditawakaké nganti sing melo dodolan kewalahan nompo Bonus, satemah podho tuku MONTOR... lha iki buktiné.
Kok biso ngônô? Sebab nang bisnis PT MNI iki member biso nentokaké pemetuné dhéwé-dhéwé. Pemetuné ora kok wulanan, ning dinanan. Saben dino Sampéyan kepéngin étuk pirang éwu? Pirang yuto? Wèèèh, édan po, dodolan obat kok sedino pemetuné jutaan? Gômbal yo?
Nggih monggo kerso sing ngarani. Ning akèh sing wis mbuktèkaké jé. Nèk aku, pancèn durung jutaan. Ning nèk ben dino éntuk satus rong atus èwu sih uwis. Opo manèh nèk diétung sekeluarga, yo éntuk nèk mik sejuta sedino. Mulakno, bôjô-ku njut nyicil XENIA iku. Terus mau awan, anakku sing ganti nyicil MOTOR YAMAHA V-ixion.
Lha ngéné haré rumusané. Sampéyan kepéngin éntuk sedino Rp 850,000 mik perlu modal sepisan thil selawasé Rp 580,000. Kepéngin sedino éntuk Rp 2,550,000 modalé sepisan selawasé mik Rp 1,680,000. Kepéngin sedino éntuk Rp 5,950,000 modalé sepisan selawasé mik Rp 3,880,000. Murah banget to wis. Gak onok sak liyané bisnis MLM sing ngéné iki kajobo PT MNI sing sing modale mik sepisan éntuk bonusé makaping-kaping...
Pun monggo kula tenggo Panjenengan kabèh ing warungku, Warung Biyang Propolis ing Darmaga Bogor. Nuwun
Mundhut pirso: mnidramaga@gmail.com utawa soeloyo@gmail.com
HP-ku: 0819-31101719; 0815-11504535; 0813-17259136
Minggu, Maret 22, 2009
Melu-Melu Iseng Dodolan e-Book

Wuik ik ik ik... kapan kae aku oleh e-mail sing ajak-ajak gabung nang program Bisnis 5MILYAR. Wah, tawarane jian ngedap-edapi temenan. Nganggo tambahan scanning buku tabungan pisan. Ketimbang penasaran yo wis tak tiliki lah replika website sing ngundang mau.
Wee, tibake iku dodolan e-book. Ono pitu e-book diregani Rp 180.000. Ha ha ha, urik.... biso nonton e-book nek wis daftar lan transfer duit. Yo wis lah sinambi iseng aku daftar ae nang Program Bisnis 5MILYAR iku. Walah, gak sampek 2 jam membership-ku wis aktif. Replika website-ku nang http://www.bisnis5milyar.com/?id=winarso. Yo ta wis, sing penting aku wis tuku e-Book. Perkara mengko onok sing melok-melok ndaftar lewat replika website ku iku, ya tak aturi pambagiya wis... muga-muga sing gangsar lan bisa murakabi...
nuwun,
Minggu, Maret 15, 2009
Yok opo nek wis ngene iki?
Poro sedulur kang rawuh nang GGBS (Gremang-gremeng Grundal Grundel ambek Mbah Soeloyo), gek pemilihan gubernur Jawa Barat biyen aku wis nulis ngenani 'Politik Masuk Kampus (IPB)'. Partai sing dirembug PKS. Lha saiki kok yo ngono maneh yo?
Ono salah sawijine Caleg Sing masang Baligo guedhiiii (gek ragate piro yo?) nang cedhak kampus IPB Darmaga (yaaaa kira-kira 2 km sak durunge kampus lah). Caleg iki ketoke mono yo lulusan IPB saka Kehutanan, wong gelare S.Hut ki. Kok yo partene podho ambek parte sing tak tulis biyen... Pe Ka Es... Lha sing njelehi iku judhule Baligo iku:
SELAMAT DATANG DI BOGOR BARAT
Pesona Pendidikan dan Wisata Religius Kabupaten Bogor....
Njut sing dadi tujuan pertama kok ya:
Kampus Institut Pertanian Bogor....
Weleeeh weleeeeeh.... wis nek diterus-terusake Kampus IPB dijarno ae kanggo tingkah polah poro politikus, sepisan maneh kari tunggu waktu kapan ambruke...:-). Kagem para sivitas akademika, mbok yo sing eling yen saiki lagi kepareng dadi parogo PENDIDIKAN TINGGI. Mbok yo dho rasah melu-melu politik ngono lho. Opo maneh partene parte sing dhasare agama, wis kojur tenan iki. Tangeh lamun bisa netral anggone makaryo wulang-wurug kawignyan lan kaprigelan ngelmuning Tetanen. Eling, Mas, Mbak, Pak, Bu, Dik... IPB iku duweke wong sak negoro... dudu duweke parte-partene sampiyan kabeh. Tur IPB pisan kang wis dadi papan kanggo golek pangan Sampiyan kabeh sak keluarga.....
--Nuwun--