Poro sedulur kang rawuh nang GGBS (Gremang-gremeng Grundal Grundel ambek Mbah Soeloyo), gek pemilihan gubernur Jawa Barat biyen aku wis nulis ngenani 'Politik Masuk Kampus (IPB)'. Partai sing dirembug PKS. Lha saiki kok yo ngono maneh yo?
Ono salah sawijine Caleg Sing masang Baligo guedhiiii (gek ragate piro yo?) nang cedhak kampus IPB Darmaga (yaaaa kira-kira 2 km sak durunge kampus lah). Caleg iki ketoke mono yo lulusan IPB saka Kehutanan, wong gelare S.Hut ki. Kok yo partene podho ambek parte sing tak tulis biyen... Pe Ka Es... Lha sing njelehi iku judhule Baligo iku:
SELAMAT DATANG DI BOGOR BARAT
Pesona Pendidikan dan Wisata Religius Kabupaten Bogor....
Njut sing dadi tujuan pertama kok ya:
Kampus Institut Pertanian Bogor....
Weleeeh weleeeeeh.... wis nek diterus-terusake Kampus IPB dijarno ae kanggo tingkah polah poro politikus, sepisan maneh kari tunggu waktu kapan ambruke...:-). Kagem para sivitas akademika, mbok yo sing eling yen saiki lagi kepareng dadi parogo PENDIDIKAN TINGGI. Mbok yo dho rasah melu-melu politik ngono lho. Opo maneh partene parte sing dhasare agama, wis kojur tenan iki. Tangeh lamun bisa netral anggone makaryo wulang-wurug kawignyan lan kaprigelan ngelmuning Tetanen. Eling, Mas, Mbak, Pak, Bu, Dik... IPB iku duweke wong sak negoro... dudu duweke parte-partene sampiyan kabeh. Tur IPB pisan kang wis dadi papan kanggo golek pangan Sampiyan kabeh sak keluarga.....
--Nuwun--
Tidak ada komentar:
Posting Komentar