Minggu, Maret 22, 2009

Melu-Melu Iseng Dodolan e-Book



Wuik ik ik ik... kapan kae aku oleh e-mail sing ajak-ajak gabung nang program Bisnis 5MILYAR. Wah, tawarane jian ngedap-edapi temenan. Nganggo tambahan scanning buku tabungan pisan. Ketimbang penasaran yo wis tak tiliki lah replika website sing ngundang mau.

Wee, tibake iku dodolan e-book. Ono pitu e-book diregani Rp 180.000. Ha ha ha, urik.... biso nonton e-book nek wis daftar lan transfer duit. Yo wis lah sinambi iseng aku daftar ae nang Program Bisnis 5MILYAR iku. Walah, gak sampek 2 jam membership-ku wis aktif. Replika website-ku nang http://www.bisnis5milyar.com/?id=winarso. Yo ta wis, sing penting aku wis tuku e-Book. Perkara mengko onok sing melok-melok ndaftar lewat replika website ku iku, ya tak aturi pambagiya wis... muga-muga sing gangsar lan bisa murakabi...

nuwun,

Minggu, Maret 15, 2009

Yok opo nek wis ngene iki?


Poro sedulur kang rawuh nang GGBS (Gremang-gremeng Grundal Grundel ambek Mbah Soeloyo), gek pemilihan gubernur Jawa Barat biyen aku wis nulis ngenani 'Politik Masuk Kampus (IPB)'. Partai sing dirembug PKS. Lha saiki kok yo ngono maneh yo?

Ono salah sawijine Caleg Sing masang Baligo guedhiiii (gek ragate piro yo?) nang cedhak kampus IPB Darmaga (yaaaa kira-kira 2 km sak durunge kampus lah). Caleg iki ketoke mono yo lulusan IPB saka Kehutanan, wong gelare S.Hut ki. Kok yo partene podho ambek parte sing tak tulis biyen... Pe Ka Es... Lha sing njelehi iku judhule Baligo iku:
SELAMAT DATANG DI BOGOR BARAT
Pesona Pendidikan dan Wisata Religius Kabupaten Bogor....

Njut sing dadi tujuan pertama kok ya:
Kampus Institut Pertanian Bogor....

Weleeeh weleeeeeh.... wis nek diterus-terusake Kampus IPB dijarno ae kanggo tingkah polah poro politikus, sepisan maneh kari tunggu waktu kapan ambruke...:-). Kagem para sivitas akademika, mbok yo sing eling yen saiki lagi kepareng dadi parogo PENDIDIKAN TINGGI. Mbok yo dho rasah melu-melu politik ngono lho. Opo maneh partene parte sing dhasare agama, wis kojur tenan iki. Tangeh lamun bisa netral anggone makaryo wulang-wurug kawignyan lan kaprigelan ngelmuning Tetanen. Eling, Mas, Mbak, Pak, Bu, Dik... IPB iku duweke wong sak negoro... dudu duweke parte-partene sampiyan kabeh. Tur IPB pisan kang wis dadi papan kanggo golek pangan Sampiyan kabeh sak keluarga.....

--Nuwun--