Selasa, Oktober 19, 2010
Bausastra #4 (A12 ~ A14)
Kutho - bèntèng, témbok soko boto utowo watu sing kuwat, akutho - singidan utawa ngangg aling-aling benteng.
Saksi - wong kang mrangguli utowo meruhi kedaden.
Surasane - Wong kan duwe perkoro nang pengadilan kang ngandelake critane poro saksi.
Akutho Saksi: Duwe perkoro pengadilan ning amping-ampingan poro saksi.

Ala - elek, bosok, jahat
Kandhutan - isen-isen, gembolan, simpenan, isining ati
Surasane - Wong kang bosok kelakuwane lan tindak-tanduke

Lesus - angin sing muter ning gedhe.
Gumeter - wis ngarani, geter-geter.
Surasane: Wong kang gawe kaco ing sak tengahing kaputusan kang adil ing pengadila.
Alesus Gumeter: Wong kang gawe kaco ing sak tengahing penmgadilan kanthi nganggo sworo kang ngawut-awut kahanan.
Senin, Oktober 18, 2010
Bausastra #3 (A9 ~ A11)
Adus - wis ngarani, reresik awak sarono nyiramaké banyu.
Kringet - Banyu kang metu saka jroning badan
Surasane - Wong kang makaryo kanthi nemen lan sregep supoyo keluargané biso slamet lan bahagia.
Adus Kringet: Wong kang kringeten amargo makaryo.
A10. Akadang Saksi
A10. Akadang Saksi
Kadang- sedulur, akadang = nganggep sedulur, duwe sedulur, nyedulur
Saksi - wong kang nyeksèni
Akadang Saksi : Gawé rembugan lan prajanji ambèk seksi sing nguntungaké ing sak jrôning persidangan

11. Akèh Sandhungané
Akèh - gunggung kang akeh.. he he he.
Sandhungan - samubarang kalir kang biso njalari wong mlaku kesandhung, wong makaryo keno gangguwan... lsp.
Surasané: Wong kang nemoni pirang-pirang perkoro utowo alangan utawa uripé kang sarwo kangèlan.
Akeh Sandhungané: Wong kang kudu nglakoni pirang-pirang alangan lan perkoro sak jrôning uripé.
PROPOLIS lan MELIA BIYANG saget dipundhut wonten ing NGRIKI. Monggo dipun pesen. Produk saget ka kintun dumugi alamat Panjenengan. Gampil sanget.
Sabtu, Oktober 16, 2010
Bausastra #2 (A4 ~ A6)

Adol - dodolan, ngijolaké barang dadi duwit nang wong liyo
Ayu - wis ngarani, wewujudané wanito utowo kang wewatak wadon sing narik ati, nyengsemaké lan sak panunggalanné
Surasanné: Wong wadon kang kepéngin katon ayu dimèn payu ha ha ha, umumé ngandhut tujuwan kang ôra prayôgo
Adol Ayu: tingkah pôlah kang katindakaké bèn katon ayu.. trus dituku kosok baliné, ADOL BAGUS.... ha ha haaa
5. ADOL GAWÉ
Adol - podho karô katerangan ing dhuwur
5. ADOL GAWÉ
Adol - podho karô katerangan ing dhuwur
Gawé - kerjo, utowo makaryo
Surasanné - Wong ngisoran kang kepéngin dipuji déning dhuwuran ing babagan pethel (rajin) lan kaprigelanné ing panggawéyan
Adol Gawé - nuduhaké yèn kétok pethel lan prigel makaryo, bèn olèh pangalembono lan ôpah luwih akèh... hi hi hi hiii..
6. ADOL GENDHUNG
Adol - podho karo katerangan dhuwur
6. ADOL GENDHUNG
Adol - podho karo katerangan dhuwur
Gendhung - ora sopan, kemaki, sombong, umuk....
Surasanné - Wong kang ôra gelem ngurmati wong liyo; kemethak....
Adol Gendhung - nuduhaké sombongé kanthi tumindak kang ôra sôpan babar blas.... kemethak, kemaki, jemotos...
Bausastra #1 (A1 ~ 3)

Abang-abang - kabèh Abang, arepo abang kaé...
Lambé - wis ngarani... pérangan tutuk (cangkem)
Surasané: Tetembungan lamis kang kanggô narik atiné liyan.
Abang-abang Lambé: Arepo abang kaé yo mung lambé.... he he he he.
2. ADANG NGLIWET
Adang: gawé sego sarono dikukus;
Ngliwet: gawé sego ugo hananging beras pususan langsung digodhog nang nggon kendhil, yèn kakèhan banyu biso ditajini....(tajin iki ombèn ombèn sèhat akèh vitaminné) yèn kegedhèn geni biso sangit, yèn kasatan dadi ono intipé; keno digawé sego aking...:-).
Surasané: Nindakaké gawéyan werno lôrô kang tujuwané podho, kanthi kasil kang apik; luwih apik ketimbang manowo ditindakaké siji mboko siji...

Adedamar: migunakaké damar utawa lampu, utawa cecolok kang ora gedhé padhangé, malah keporo remeng-remeng.
Tanggal pisan: tanggal pisan Jowo iku mbulan wiwit jumedhul, mik njlirit koyo alise kenyo ayu.... he he he he ning kewalik.
Purnomo: kahanan mbulan naliko tanggal 14 - 16. Padhang njingglang.
Kapurnaman: ujug ujug waé mbulan dadi purnomo.

Adedamar Tanggal Pisan Kapurnaman: Migunakaké cecolok kang melik-melik wulan tanggal sepisan ujug-ujug ôlèh pepadhang lir wulan purnomo.....
[dijupuk lan didadèkaké boso Jowo soko: Kamus Peribahasa Jawa: Dengan
penjelasan dan pengertiannya, anggitanné F. S. Darmasoetjipta, Penerbit
Kanisius, 1985].
Langganan:
Postingan (Atom)