
Adol - dodolan, ngijolaké barang dadi duwit nang wong liyo
Ayu - wis ngarani, wewujudané wanito utowo kang wewatak wadon sing narik ati, nyengsemaké lan sak panunggalanné
Surasanné: Wong wadon kang kepéngin katon ayu dimèn payu ha ha ha, umumé ngandhut tujuwan kang ôra prayôgo
Adol Ayu: tingkah pôlah kang katindakaké bèn katon ayu.. trus dituku kosok baliné, ADOL BAGUS.... ha ha haaa
5. ADOL GAWÉ
Adol - podho karô katerangan ing dhuwur
5. ADOL GAWÉ
Adol - podho karô katerangan ing dhuwur
Gawé - kerjo, utowo makaryo
Surasanné - Wong ngisoran kang kepéngin dipuji déning dhuwuran ing babagan pethel (rajin) lan kaprigelanné ing panggawéyan
Adol Gawé - nuduhaké yèn kétok pethel lan prigel makaryo, bèn olèh pangalembono lan ôpah luwih akèh... hi hi hi hiii..
6. ADOL GENDHUNG
Adol - podho karo katerangan dhuwur
6. ADOL GENDHUNG
Adol - podho karo katerangan dhuwur
Gendhung - ora sopan, kemaki, sombong, umuk....
Surasanné - Wong kang ôra gelem ngurmati wong liyo; kemethak....
Adol Gendhung - nuduhaké sombongé kanthi tumindak kang ôra sôpan babar blas.... kemethak, kemaki, jemotos...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar