Kamis, Januari 06, 2011
Joyoboyo Mukso...

Mula diarani Karimunjawa.... hehe lak ngunnuuu tah?
Jayabaya disengeni ambek Raja Dewa amarga nglebur praja ora cecala (menghanjurkan kerajaan lain tanpa kasih berita pendahuluan utawa peringatan). Mulane jabatanne sebagai titising Wisnu dijabel. Jayabaya uga kudu ndang bali nang kayangan sakwise bayi sing dikandut ambek anake (Pramesthi) sing jare mbobot gara-gara mangku keris (mulane tah wong wedok ojok seneng mangku keris tah lading... bisa mbobot lho... sing duwe keris sakti jugak ojok sembarangan namakna keris tah ndeleh keris. sida mlungKER gak kena gae ngeRIS kapok koen!) lahir umur 10 tahun wis ketemu ambek pasangan sejati kanggo nggulawenthah jagad, Jayabaya kudu balik nang kayangan alias GAME OVER at the level 9th.
Kaleksanan, putune Jayabaya lahir dinehi jeneng Anglingdarma. Barengan ambek putune patih Kedhiri sing lagi diusir, dijenengi Bathik Madrim. Pas bar ulang tahun 10 tahun, wektu iku ancene Patih Kediri wis dipanggil mulih dijak rembugan sing apik-apik, mulane Anglingdarma ketemu ambek Bathik Madrim lan dadi kanca dolanan neker tah benthik.
Lucune, Jayabaya ijik urip. Mulane sak jroning atine seneng banget. Weee dewa ora pecus ngukum jalma manungsa. Lha nyatane aku ora sida matek.... Mikir ngono karo seneng-seneng metu nang taman, wanci surup.
Nang taman lagi rame swara jangkrik ambek walang kecek lan tonggeret nong.Jayabaya sing uga duwe aji Gineng (bisa ngerti artine swara kewan apa wae, kaya Nabi Sulaiman Si Pengendara Angin), ketarik ambek swarane walang kekek (belalang sembah). Walang mau lagi nyanyi-nyanyi. Nitik swarane ya walang wedok.
Dicidheki kok ayu (jarene Jayabaya sing nganggo mripat walang). Kepincut, terus delikan sakuntara cucul pakaian, ningkatna aji gineng nganti malik dadi Walang Kekek Lanang.. clek... ngono ae. Lha saka uwong dadi sakwalang?
Walang Jayabaya nyidheki Walang Wedok sing lagi nyanyi. Walang wedok kaget, onok walang lanang kok masiya tuwek ndadak nganggo KULUK.. mulane bareng dirayu ya terus ae ketut. Dadi perang tanding ora karuwan antarane Walang Jayabaya ambek Walang Wedok. Perang tanding andon asmara ing plataran taman Kraton Mamenang.
Sak wise tuwuk lan kari kesele, Walang Wedok nyidheki Walang Jayabaya, ambek ngomong:
"Mas Walang, sampeyan lali kweajibane walang lanang ya? Kanggo uripe anak-anak sampeyan sing nang endog-ku mengko, sampeyan kudu ngurbanake awak sampeyan dhewe... tak klethak sirah sampeyan.."
Jayabaya keweden, arep alok ora bisa keprungu saka kraton.. wong sing metu bahasa Walang.. ecek-ecek-ecek.... ngono thok.
Isuke, kraton geger mik nemu sandhanganne Jayabaya nang taman, ambek kuluke ketemu nang ngisor wit dadap, ndadak malik dadi sak upil.... wong tilas dianggo walang...! Patih Haryamurti enggal paring pawara nek panjenenganne Sang Maharaja Jayabaya wus kasil Mukswa balik nang kayangan.....kaya sing dijanjekake duk nalika entuk paukuman saka Raja Dewa, kudu bali nang kayangan nek putune wis umur 10 tahun!
Mekaten para sedherek lelampahan Jayabaya Mukswa sing ditulis ambek kanca-ne mbah soeloyo sing ahli serangga.... sepisan maneh gak lucu babah... wong ancene ora lagi nglucu, kok.
Tentara Go Blog...

Dhèkné nggolèki nang sekitar kono gak nemu. Akhiré dhèkné bengak-bengok:
"Hooooeeeee....! Pluru tambahané endi Rèèèèk!"
Dijawab ambèk sing lagi mimpin serangan (pangakaté nèk ngono iku opo sé? Kôpral tah sersan? Héhéhéhé... gak eruh aku... kôpral aé yo bèn cocok ambèk critané... qqqq...) nganggo bengak-bengok pisan:
"Hééé.... prajurit goblog! Ojok sampèk krungu mungsuh nèk pluruné mèh entèk.... pokok brondong teruuuuuusssss!"
(Wis nèk ngônô iku endi sing goblog gak eruh aku. Sing lagi takok pluru opo Pak Kopral?)- ancène Pak Tara iku yo sok-sok gublug ngônô iku kok..... nèk ijik kopral tah sersan. Nek wis kolonel njut coup.... héhéhé. Apane gak goblog, wong pluru mèh entèk kok mbengok mréntah pokok brondong terusssss! [Dening mBah Soeloyo]

Langganan:
Postingan (Atom)