Kamis, Januari 06, 2011

Tentara Go Blog...

Onok tentara loro sudrun tenan. Pas perang mbrondong tembakan nang daerah musuh sing mik keletan dalan, ndadak pluruné sing aténé dipasang nang rèntèngan entèk.
Bingung tenan dhèkné. Padahal nèk ngantèk brondongan iku mandheg dhilut aé, musuh-musuhé mesti mbales nganggo tembakan yang mematikan. Lha wong musuhé iku olèh latihan soko milisi Al-qaeda, jé.
Dhèkné nggolèki nang sekitar kono gak nemu. Akhiré dhèkné bengak-bengok:
"Hooooeeeee....! Pluru tambahané endi Rèèèèk!"
Dijawab ambèk sing lagi mimpin serangan (pangakaté nèk ngono iku opo sé? Kôpral tah sersan? Héhéhéhé... gak eruh aku... kôpral aé yo bèn cocok ambèk critané... qqqq...) nganggo bengak-bengok pisan:
"Hééé.... prajurit goblog! Ojok sampèk krungu mungsuh nèk pluruné mèh entèk.... pokok brondong teruuuuuusssss!"
(Wis nèk ngônô iku endi sing goblog gak eruh aku. Sing lagi takok pluru opo Pak Kopral?)- ancène Pak Tara iku yo sok-sok gublug ngônô iku kok..... nèk ijik kopral tah sersan. Nek wis kolonel njut coup.... héhéhé. Apane gak goblog, wong pluru mèh entèk kok mbengok mréntah pokok brondong terusssss! [Dening mBah Soeloyo]

Tidak ada komentar: