Rame tenan urusan sedulur papat kalimo pancer iki. Ana sawetara manawa sedulur papat iku asale saka ari2, banyu kawah (ketuban), getih lan puser. Dene pancere ya diri pribadine dhewe.
Pitakonan sing bisa diajokna: duk nalika jabang bayi isih nang kandhutan, si ari-ari, banyu kawah, getih lan puser iku urip? Yen urip njur sawise jabang bayi lahir, nang endi papane daya-urip sedulur papat iku sing sadurunge dadi jabang bayi, wis dadi saranane urip ing alam kandhutan.
Nek aku ngono ndelenge mik sedherhana. Sedulur 4 iku ana ing sadhengah makhluk kang lair utawa netes. Malah ing alame tetuwuhan kang nganggo kembang lan woh uga kaya mangkono.
Mula ya wis melu wae nang budhaya lan tradis sing wis atusan malah kepara ewonan tahun urip nang tanah jawa iki. Nek sing biasane nguubur ari2 sauba rampene nang njaban lawang sisih tengen ya wis ditindhaake wae. Nek sing biasane nglarung nang laut, ya wis dileksanaake wae.
-nuwun-
Sori ajar nulis nganggo gadget. Nek ana salah ketik jalaran kegedhen jempol, dimaklumi ya.
Sabtu, November 22, 2014
Sabtu, Agustus 30, 2014
Pucung
ayo diwiwiti acara nguleg-uleg rujakan jowo iki. tapi gandheng sumber
referensine mik sakipit, yo kepeksane sebagai pembukaan iki tak postingna
MOCOPATAN mulai sing gampang dhisik. POCUNG
Ngelmu iku
Kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekesing durangkara
Angkara gung
Ing angga anggung gumrunggung
Gegolongan ira
Triloka lekere kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda...
Wis sak mene dhisik. kepiye mungguh enake tak lemparna blas nang panjenengan sami.
Nek ono sing kepengin ngangkat topik liyane sanget-sanget di antu-antu. iki topik mocopat mono karepku ben awak-awak iki bisa ngulari jejak-jejak pujangga jaman biyen. sing selagine jejak jendral sudirman ae do si runut kok ya, lha jejak budhaya sing kempis-kempis ngene malah dijarno.
Ojok kalah dulur... kita sing duwe budaya lan basa jawa kok sing dadi profesor wong Londo?
tabik,
mBah SoeL

Langganan:
Postingan (Atom)