ayo diwiwiti acara nguleg-uleg rujakan jowo iki. tapi gandheng sumber
referensine mik sakipit, yo kepeksane sebagai pembukaan iki tak postingna
MOCOPATAN mulai sing gampang dhisik. POCUNG
Ngelmu iku
Kelakone
kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya
pangekesing durangkara
Angkara gung
Ing angga anggung
gumrunggung
Gegolongan ira
Triloka lekere kongsi
Yen den umbar ambabar
dadi rubeda...
Wis sak mene dhisik. kepiye mungguh enake tak lemparna
blas nang panjenengan sami.
Nek ono sing kepengin ngangkat topik
liyane sanget-sanget di antu-antu. iki topik mocopat mono karepku ben
awak-awak iki bisa ngulari jejak-jejak pujangga jaman biyen. sing
selagine jejak jendral sudirman ae do si runut kok ya, lha jejak budhaya
sing kempis-kempis ngene malah dijarno.
Ojok kalah dulur... kita sing
duwe budaya lan basa jawa kok sing dadi
profesor wong Londo?
tabik,
mBah SoeL
Tidak ada komentar:
Posting Komentar