Sabtu, Agustus 30, 2014

Pucung

ayo diwiwiti acara nguleg-uleg rujakan jowo iki. tapi gandheng sumber referensine mik sakipit, yo kepeksane sebagai pembukaan iki tak postingna MOCOPATAN mulai sing gampang dhisik. POCUNG

Ngelmu iku
Kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekesing durangkara

Angkara gung
Ing angga anggung gumrunggung
Gegolongan ira
Triloka lekere kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda...

Wis sak mene dhisik. kepiye mungguh enake tak lemparna blas nang panjenengan sami.

Nek ono sing kepengin ngangkat topik liyane sanget-sanget di antu-antu. iki topik mocopat mono karepku ben awak-awak iki bisa ngulari jejak-jejak pujangga jaman biyen. sing selagine jejak jendral sudirman ae do si runut kok ya, lha jejak budhaya sing kempis-kempis ngene malah dijarno.

Ojok kalah dulur... kita sing duwe budaya lan basa jawa kok sing dadi profesor wong Londo?

tabik,

mBah SoeL