Jumat, Agustus 03, 2012

Rempela Faisal dadi Imam liyane Makmum


Kliwir anake Mat Pithi ancene apikan terus nasibe. Lulus SMU (Sekolah Mulai Uangel) Negeri Nguter, nyobak melok UMPTN gak mlebu. Sebel, wong ranking I kok USMI iku lho ndak gelem mara.

Makane terus tekad-tekadan golek gaweyan, ndaftar dadi TKI. Gak gelem nek mik nang Malaysia, mosok rek lulusan SMUNNg, mik dadi buruh perkebunan getah (karet). Nista ta ya? Mangkane iseng-iseng daftar nang Jepang. Eee ndilalah kopyah ketampa. Kliwir dadi Kenshuusei, alias pekerja magang. Statuse pelajar makane dadi anggota penambah kekuatan PPI-Jepang (Persatuan Pelajar Indonesia ngguk Jepang).

Kliwir ancene blater. Makane bisa kenalan ambek mBah Soeloyo sing rada kenthir lagi melok juragane nang Padhepokan Kyouyama. Kliwir sering mara nang omahe mBah Soel. Kebeneran, Kliwir ambek mBah Soel iku nek masalah daging ayam senengane padha, REMPELA. Wah, padhahal (kaya ngendikane Kang Alliq, jarene nek pelajar saka Indonesia iku nek nang negara liya sing duduk Islam agama mayoritase, tambah Islum (islam banget). Sing maune dek nang Indonesia gak ngaruh, nang Jepang dadi gawat. Contone mangan daging tah jajan ngguk Kentuckey Fried Pitick iku. Blas gak oleh. Jarene daging-daging nang Jepang haram, wong gak onok sing ndongani nalika mbeleh kewane. Lha yok apa sing ndonga, wong muni bismillah ae dadi BISU MIRRAAH kok, jagal jepang iku.

Eeeee, lha kok pas mendhayoh, mBah Soel tawa-tawa. "Wiir.. koen kangen tah ambek rempela. Iku Den Ragil masak rempela-ati.. wuuuuik enakeeee."
"Lho mBah, gak entuk. Rempela haram iku.."

"Sing kandha sapa?"

"Lho mosok seh, gak maca slebaran 'Halal Food' mBah?"

"Ya jelas maca Le. Malah iki ngono wis ditakokake nang kanca-kancane Den Ragil, sing sregep pengajian barang lho, ojok sembarangan koen."

"Lhah kan kandhane Ibrahim mahasiswa Mesir kae jare daging ayam apa maneh rempela sing mik ana nang super market iku lak haram!"

"Iya ae wong Ibrahim iku dagang daging pitik. Ben payu lak ngomong ngono. Nek gak ngono wong Islam nang Okayama kene dha tuku nang supermarket kabeh, Wir. Lebih murah tur seger!"

"Lha terus yok apa carane....."

"Hehehehee.... iki ngono mik akal-akalanku ae. Aja kandha-kandha nang Den Ragil ya. Nesu sida ngamuk engkok."

"Lha iya, akalmu yok apa mBah?"

"Aku minggu wingi pas melok Jum'atan 'nggethik' nang Faisal sing wong Malaysia tur ya dodolan daging pitik, supaya nyembeleh pitik 6 tah 7 ngono langsung, ojok mik tuku daginge saka Ibrahim ambek Saleem thok. Terus aku pesen rempelane."

"Terus?"

"Faisal gelem Wir. Malah aku dinehi rempela nganti 15 iji. Jarene wong Malaysia langganane gak gelem rempela. Dadine meh gratis. Ternyata Faisal untunge lebih gedhe nek mbeleh dhewe. Gak mik ngadolke daging saka Ibrahim tah Saleem"

"Lha iya mesthine lak entek no mBah. Kok nganti saiki kok isih?"

"Hahahahaa.. yo iki pengpengane mBah Soel. Akal Wiiir, akal.. Rempela 15 tak simpen nang kulkas, terus aku tuku rempela nang Supermarket. Saben sedina tak jupuk situk rempela saka Faisal, tak cemplungna nang Rempela Super Market.."
 

"Weeeeh.. ya padha ae, Haram mBah..moh aku.. tak aturne Den Ragil..."

"Aturna.. wong nang nggon kulkas ketoke Rempelane Faisal dadi imam... terus liyane dha makmum.. hehehee... "

"Apa sampeyan ngerti...."

"Lha apa kowe ya ngerti omong-omongane rempela.. sing penting percaya hahahaaa.... akal Wiir akal!"

"Huuuu.... agama kok digawe dulinan."

"Huuuuuu agama kok njawab masalah rempela ati ae gak isok...."

"Weeeeh iya ya mBah.. makane atene dadi Partai ya jeblog, atene dadi negara ya mblasur... bener beke mBah akal sampeyan sing kodo iku... hahahaaha.. yo wis, kene aku njaluk sangu rempelane Faisal 3 ae.. ben dadi Imam 3 minggu....!"


Sing pengin bisnis MLM top markotop, monggo nyeklik: www.kdpbiz.com/?page_id=217

Tidak ada komentar: