![]() |
| http://johnfranc.blogspot.com/2011/01/prayer-for-egypt.html |
Yo pancen ora maido yen wong ngrembug Mesir kuno, wis mesthi sing mencungul iku telung wacono, piramida, mummi lan aksoro hieroglif. Katelu-telune iku nek ditelesih kok yo onok sesambungane ambek sesembahane wong Mesir kuno sing sinebut Ma’at (iki nek nganggo carakan tinulis Mangat). Catetan: miturut poro ahli busono (panaliti kang nyinaoni penganggo kanggo nutup awak, jarene sing sepisanan gawe penganggon koyo T-shirt lan suwal (celono cekak) iku yo wong Mesir kuno, mergane Mesir kuno iku hawane panas lan lengas (lembab) lan akeh lemut, tur bongso Mesir kuno wis nemokake bahan kanggo gawe bakalan klambi, wis biso gawe bungkuse mummy.... Mesir kuno ora koyo saiki sing wis selot suwe dadi segoro wedhi, ning keporo tlatah kang ijo royo-royo akeh udan lan subur makmur. Mulane wong-wongane uga biso mikir lan ngeronce nalar nggoleki sesembahane, temah biso gawe bangunan “religius” sing sinebut piramida iku.
Hananging, opo to agamane wong Mesir kuno? Ora ono sing ngerti mergo angel digoleki. Mung sing cetho bongso lan budoyo Mesir kuno iku dadi ilang musno nganti boso lan agamane barang ilang mung amargo ditaklukake ambek bongso-bongso kang nggowo agomo anyar. Sepisan cinathet ing Torah, Injil, lan Qur'an digambarake yen rojo Pirngon iku kelem ing laut merah, naliko ngoyak rombongane Nabi Musa. Keno disanepakake yen budoyo Mesir jaman iku keno pengaruhe budoyo Hibrani tinggalane Nabi Ibrahim sing dipandhegani dening Nabi Muso lan Nabi Harun. Bukti patilasan agomo Hibrani iki malah tekan laladan Mesir kuno ing negarane Yosoa NgKomo ambek Robert Mugabe... Rwanda - Rhodesia.
Bubar iku, Mesir dijajah Romawi disambung karo owah-owahaning agomo bongso Romawi dadi Kristen kuno. Agomo Kristen iki temahan nganti biso ngremboko ninggal patilasan ing Ethiopia sing biyen diarani negoro Ngabesinia sing salah siji rajane kepingin ngelun Mekah mbarengi karo wiyosane Kanjeng Nabi Muhamad. Bar panguwoso sing agomo Kristen, Mesir dijajah panguwoso Islam ing Damascus lan agamane wong Mesir tekan saiki sing akeh Islam.
Ing cathetan sejarah peradaban dunia, sok bongso opo sing njajah bongso liyo sing bedo agamane iku biasane ngubah papan-papan keagamaan dadi papan keagamaanne. Contone yo Mesjid ing Istanbul Turki, Gereja ing Andalusia, rusake Patung Budha rasekso ing Afghanistan... nganti patung-patung kuno ing pulo Jowo sing podo rusak utawa ilang sirahe.... Mung gandheng sing ono iku Piramid, yo ora diowahi... mbok menowo ora cukup tenagane kanggo ngrusak Piramid, kajobo njupuki barang-barang ing njerone.
Nah, saiki ngrembug Ma’at. Meh podo karo bongso Jepang sing neneko, bongso Mesir kuno iku duwe pirang-pirang dewo sesembahan. Mung dewo-dewo iku wis undho-usuk koyo satataning negoro (iki meh podho karo kapercayan ing Cina). Dewo-dewo iku duwe pakaryan dhewe-dhewe, duwe panguwoso dewe-dewe lan uga sok-sok digambarake sak karepe dhewe, koyo dewo-dewo ing Yunani kuno.
Dadi dewo-dewo iku digambarake koyo dene manungso. Ono sing bludregan, ono sing sabar, ono sing lucu lan sak panunggalane. Sing cetho dewo-dewo iku ora nguwasani jagad, isih ono Moho Dewo sing duweni lan ngatur jagad. Dewo paling dhuwur iki malah digambarake nganggo wewujudan “kenya-kembar” ning njawiji sing tanpo pamrih opo-opo, ngatur isen-isening jagad.
Dewo/dewi kembar ning nyawiji iki dijenengi Ma’at kang maknane “Bebener” lan “Aturan” (Truth and Order). Ma’at iki dipercoyo sing ngatur kabeh titah lan tumitah nganggo aturan lan bebener, temah ngasilake jagad sak isine kang sarwo klop, setel, lan timbang. Dadi mbalah wong Mesir kuno iki nganggep yen jagad royo (universe) iku umpomo diarani papan mujudake papan kang luwih dhuwur tinimbang sadhengah papan, mujudake paran kanggo kabeh kang tumitah. Jagad royo kanggone wong Mesir kuno keporo dianggep papan kang “lumrah” lan biso dinalar (the rational place). Jagad royo lumaku kanthi cokro manggilingan nganggo aturan kang wis dumadi, trep lan ora mbalenjani.
Jagad ora bakal mbalenjani lan lirwo karo aturan lan bebener soko Ma’at. Bebener lan aturan Ma’at diparingake marang Jagad lan biso diwoco dening manungso sarono “boso kadewatan” sing tinulis sarono gambar lan pralambang. Manungso biso moco amargo duwe akal lan nalar (ah dadi eling isen-isene surat al-‘Alaq, yen jarene Gusti Allah iku ngajari manungso sarono ‘kalam’). Dadi iman iku saranane nalar lan akal, ora mung pokoke percoyo thok. Sabab iman mono ora mung waton percoyo, ning kapercayan sarono akal, kapercayan kang mowo alesan lan biso dinalar (the reasonable faith). Coba kito gatekake kedadeyan-kedadeyan ing ngisor iki.
Wong Mesir kuno nganggo nalar lan akal iku nemokake Ma’at. Kanjeng Nabi Ibrahim migunakake akal lan nalar nemokake Elly utowo Yahweh. Ing jaman “seratus filsuf” (tahun 600 – 500 SM), wong-wong Yunani kuno nganggo akal lan nalare nemu Logos. Vidharmana Mahavira (599 SM) soko tanah Hindustan nemokake “The ultimate Soul’ sing dadi paraning kabeh kang duwe jiwo, paraning kamukswan. Meh bareng angkate karo Siddharta Gautama manggih Buddha. Ing tlatah Lu (Cina) guru Kung Fu-tzu klumpuk-klumpuk pustoko ngajarake kawicaksanane wong ngaurip. Bareng angkate ambek Nabi – nabi ing Hibrani sakwise Kanjeng Nabi Sulaiman surut.
Sing cetho tinggalane poro paramporo jaman “seratus filsuf’ iku lahir amargo ono tingkah kurang prayogo saka poro panguwoso agomo ing papane dhewe-dhewe. Ing Yunani kuno lagi manther-manthere crito babad lan mitologi sing ora tinemu ing nalar, ning wong-wong kang sugih omong lan umuk biso kuwoso nganti ngaku-aku utusaning dewo.
Ing Hibrani gonta-ganti panguwoso sing tansah nindhes kawulo. Ing Hindustan agomo Brahmin wiwit gawe panguwoso-panguwoso agomo sing kejem lan ora tinompo ing nalar. Sing kuwoso mung wong sithik kang ngaku golonganing Brahmono, utusane Brahman ning ngisep poro kawulo lan pidak pejarakan. Ing Cina mengkono ugo ritual-ritual wicaksono wis pating blasur amargo pimpinan-pimpinan agomo sak karepe dhewe gawe odo-odo njalari negoro tansah ondar-andir, amargo manungso wis ngglewar soko T’ien lan lali marang Shang Ti..
Ma’at ditemokake dening bongso Mesir kuno ewonan tahun sakdurunge wiyosane Iyasa (Yesus) ning isine ditemu maneh karo bongso Yunani, karo Guru Kung, Siddharta lan Mahavira. Lan ing salah siji isine piwulange Sang Iyasa ono tetembungan: “Sak durunge ono sing ono iku Logos, lan Logos iku anane jalaran Gusti Allah... lan sak piturute....”
Udokoro 610 tahun sak wise Sang Iyasa lahir, Kanjeng Nabi Muhammad nompo dhawuhing Gusti Allah kang supoyo “moco”. Ning moco opo? Mesthine poro sedulur biso nglanggati nganggo pepanci maknaning ayat sing koyo mangkene:
QS 96: al-‘Alaq:
- Wacanen nganggo kekanthen asmaning Pangeran kang nitahake
- nitahake manungso soko ‘alaq’
- Wacanen, lan Pangeranmu iku Moho Murah
- kang ngajari Manungso sarono KALAM
- Panjenengane ngajari manungso opo-opo kang ora dimangerteni
- Ngertenono yen manungso iku seneng ngluwihi wates
- jalaran rumongso sarwo ora cukup
- Sak temene yo mung Pangeranmu kang pinaran balimu ing tembe.
Lho, nek ngono iku harak sarwo trep lan runut. Ono Ma’at ing Mesir, ono T’ien ing Cina, ono Logos ing Yunani, ana Dharma lan Sutra ing India. Akhire ono Kalam ing ajarane Nabi Muhammad. Kabeh pinarcoyo kudu sarono nalar lan akal. Ora mung waton manut ing panguwoso agomo. Uga ora mbedak-mbedakake agomo, kabeh manungso ing sak lumahing bumi wiwit jaman kuno koyo-koyo tinuntun dening kang Murbeng Dumadi, nemu lan mercayani sawijining sesembahan.
Nuwun.
=====mBah SoeL
====================================
Suradira Jayaningrat Lebur dening Pangastuti
Sing ngersaake PROPOLIS lan MELIA BIYANG biso rawuh ing www.kdpbiz.com/?page_id=217

Tidak ada komentar:
Posting Komentar