
Hasile ya lumayan akeh. Malah kalebu dami-damine uga bisa payu di-dol. Akibate sawah jaman saiki akeh sing ra subur. Lha kabeh bio-massa-ne dijupuk, ra ono sing dibalekake je....
Sak liyane iku, gandheng sing makarya panen pari iku mik wong lanang, akibate wong tani kang wadon kelangan wektu melu ngupakara kasile panen pari nang sawah. Wong-wong wadon wis ora derep maneh. Para wanita mik dadi seneng ngerumpi. Nek jaman biyen lumayan bisa petan... hahahaha

Lha nek sing iki carane wong panen pari jaman biyen. Nganggo ani-ani. Panenne ya ngati-ati. Sepisan ngati-ati ben ora keperang ani-ani-ne, ping pindhone ngati-ati aggone milih ulenan pari. Ben kasile panen iku akeh sing mentes. Mengko yen oleh bawon ya akeh berase....
Sing dianggo conto Mas Blontang Poer iki kepeneran wae wong kang NGASAK. Golek sisa-sisane pari derepan. Sing siji ngasak nganggo ani-ani, sijine nganggo arit. Sing ani-ani mik nggendhong tenggok (senik, dunak), sing nganggo arit nggendong KARUNG kebak pari... hehehehe.

Yen nganggo ani-ani bisa milih-milih. Pari kang elek ditinggal dadi jatahe wong ngasak. Wong ngasak nek ora saka desa liya, ya wong sak desa ning sing duwe cacat sosial, mula ora diajak derep. Lumayan isih oleh ngasak. Yen cacat sosiale nemen, umpamane malingan, clemer, utawa mik gawe isinne wong sak desa, ya ora oleh ngasak babar pisan. Iki kalebu paukuman tradisional sing efektif. Ketoke kejem, ning ngemu pendidikan sosial bermasyarakat. Wong urip mono ra bisa ijen. Sak liyane kudu srawung kang becik, uga kudu melu njaga kaurmatane desa.
Ning ing jaman saiki cilaka. Wong wadon ora komanan wektu melu ngupakara sawah. Malah sok-sok ora oleh metu nang sawah esuk-esuk. Kudu melu kuliah subuh utawa pengajian... hehehe... nek ra melu dijothak utawa dianggep calon nyemplung neraka.... mula yen saiki pertanian sawah ketok yen dadi bubruk mbok menawa salah sijine amarga ganti cara panen iki mau. Ning ya piye, wong pari-pari jaman saiki iki pendhek-pendhek... nek nganggo aniani bisa-bisa cepet wungkuk.....
Wah, piye ya carane ngurip-urip budaya pari kang bisa luwih njaga kelestarian lingkungan, sosial lan budaya?
--nuwun--
1 komentar:
Apik banget postingane kang..
Posting Komentar