Kamis, Mei 01, 2008

Bab Pangan - Bio-energy - NAGA PALA

Para sedulur, pepunden, kadang kabeh wae....


DEK kapan kae pas tuku rokok, aku mrangguli jerigen (nek jawatimuran dadi "curigen") dijejer-jejer terus panggongan sing kanggo nyangking ditlesepi tali rafia. Weee... tibake wong antri tuku lenga gas sing masang curigen iku wiwit subuh... Byuh-byuh-byuh... kelingan jaman biyen nalika aku lagi bisa omong... hahaha. Mbok Sonto antri lenga nang tangsi... tangsi lenga, maksude...

Lha kok saiki jaman reformasi isih usum antri lenga, ya? Jarene maneh, lenga gas bisa langka iku amarga lenga gas sing basa Inggrisé "kerosene" saiki akeh sing digawe 'bengsine' pesawat (montor muluk)? Kaya sing dicatet nang ensikolopedi gratis wikipedia iki: Today, kerosene is mainly used in fuel for jet engines (more technically Avtur, Jet-A, Jet-A1, Jet-B, JP-4, JP-5, JP-7 or JP-8). One form of the fuel known as RP-1 is burned with liquid oxygen as rocket fuel. These fuel grade kerosenes meet specifications for smoke points and freeze points. Gek kamangka saiki nang Indonesia sing duwe montor muluk sak arat-arat.

Yaaa tah wis sing kurban ya kawula alit. Arep nganggo lenga angel tukune. Dikongkon ganti gas alam... eee diakali anggone arep tuku tengki... hihi hihi hihi... Arep golek kayu, wis ra duwe alas. Arep nandur dhewe kanggo "biofuel" alami (kayu bakar) ya wis ra isoh nandur, wong lemahe wis di dol... dituku para deveoper perumahan.... hek hek hek...


NING jarene amarga reregan lenga patra (minyak bumi) iku dadi larang, terus nagara-negara maju gawe bahan bakar saka hasile pertanian, umpane gawe "bio-etanol" [he he he apa ana ya etanol sing ora bio?] saka umbi-umbia, saka jagung... mbalah ana sing rasan-rasan jare nganggo beras...

Gek kamangka beras saiki cara budidayane ing nuswantara iki wis ninggal budaya. Kaya sing nang foto iku. Carane panen wis mik mentingna hasil thok. Cepet-cepetan dibabat nganggo arit, terus kabeh tanduran (dami sak merange) diangkut saka sawah. Suwe-ning-suwe, sawah dadi ora subur maneh. Ora "loh - jinawi" maneh. Kang tundone ora bisa gemah ripah karta raharja maneh. Wis sepa.
MBUH mungkin saking padha bingunge, nganti wingi ing dina Rebo tanggal 30 April 2008 ing departemen Agronomi lan Hortikultura, bagian Ekofisiologi nganakake diskusi ngenani "Ketahanan Pangan dan Bioenergi".

Wah sing sesorah yo ora baen-baen. Sepisanan Doktor Sobir (Kepala PKBT). Ngandarake kahanan beras ing donya. Jare mundhake reganing beras ndonya iku amarga ing tahun 2007 wingi FAO gawe perkiraan yen produksi beras ndonya bakal anjlok... Lha akibate negara-negara kang duwe beras terus ra gelem ngedol. Negara-negara sing ra duwe beras tur sugih kaya ta Singapur, Iran lan liya-liyane njut mborong kanthi rega kang duwur. Yaaa negara Indonesia kang jarene Pak Sobir salah yen disebut negara kang subur, kepeksa montang-manting. Ning ya apa bener yen negara nuswantara iku ora subur? Ra cocok maneh kanggo nandur pari? Ketokke kok ora yo? Apa maneh ing pulo Jawa.

Ning lha piye wong ngendikane Profesor Samsoeoed Sadjad malah nganjurake yen kudune saiki ngilangi wae anggepan yen beras iku pangan pokok. Beras kudu dilengserake dipadhakake karo bahan pangan liyane. Umpamane umbi-umbian...

Weee lha apa keladuk iki ya. Yen pari nganti dilengserake saka dampar-e pinangka pangan pokok, apa ora teges ngilangi budaya pisan? Sebab mbuh wis pirang atus utawa pirang ewu tahun, nuswantara utamane Jawa iki budayane ya basis-e pari. Nganti jeneng pari iku maneka warna, je. Ana sing ngarani pari, pantun, pare, padi, pali, malah hasil olahane ya maneka warna jenenge. Ana bekatul, ana dedak, menir, glepung, brambut, merang, dami, sega, gendar, bubur, jenang, tape, leri, tajin, intip, karak, cengkaruk.... Lha kok arep diilangi?
NING ya lowong, terus bar Prof. Sadjad, genti Prof. Soleh Salahuddin sesorah. Sing tak senengi panjenengane nganggo patokan pidatone Bung Karno "Soal Hidup atau Mati" (to be or not to be) duk nalika ngaresmekake gedung fakultas pertanian UI 27 April 1952.

Yen, wiwit jaman biyen Bung Karno wis paring peling menawa negara iki bakal cilaka yen ora mikirake pertanian kanggo mujudi kebutuhan pangan. Beras kudu tetep dadi komoditas kang strategis kanggo pangan Indonesia ora kok dadi strategis kanggo politik thok. Nek aku malah mikir ojok sampek beras iku dari KOMODITAS TRAGIS... ha ha ha ha. Jaman kuna makuthi dadi andel-andele pula Jawa, nganti dijenengi Jawa... kok saiki arep disingkang-singkang.
NING ya pancen sing penting iku ora mik mandhek nang diskusi-diskusi, semnar-seminar, rembak-rembuk nganti ngasilake tulisan matumpuk-tumpuk.... sok-sok nganggo mbayar pisan... hahaha. Sing penting ndang tumandang. Ning ya aja njut nglanggar aturan, kaya panen beras SUPER TOY HL-2 wingi. Nek wis nyetujoni duwe undang-undang perbenihan, duwe undang-undang sistem budidaya tanaman lan liya-liyane ki mbok ya tumemen dilakoni, ditindakake lan dituruti ngono lho.

Aja digawe dadi angel, ning ya aja njut gampang dituku.... hahahaha. Mosok varietas pari kang durung genah kok wis dipanen dening presiden lan menteri? Kamangka rong tahun sak durunge onok petani kang bisa ngakali gawe vaietas jagung saka winih jagung kang dituku nang pasar, terus ditandur makaping-kaping nganti entuk babon-jagung, terus dicampur maneh, nganti madhani varietas hibrida weton pabrik.... eeee... malah ditangkep. Didadekake wong ukuman kang kudu lapor mingguan nang pulisi, amarga dianggep luput ora nuruti undang-undang.... opo memper?


Wis ayo ndang tumandang.... ojok min NATO (No Action Talk Only) ning AFTA (Action First Talk After) ngendikane Doktor Arief Daryanto... sing lenggah nang jejere Prof. Rizal Syarief mantan Kepala LPPM IPB. PAWITAN... nek ngendikane PakDhe Gun... Pasar Wisata Tani... ndang tumandang.... wiwit cilik-cilikan saka Bogor [babakan, ciapus, tajur], sarana nandur wit NAGA PALA (buah naga) kaya ngene iki....
























[nuwun]

Tidak ada komentar: