Jumat, Juni 17, 2016

2444 ARIGATOU


Doumo, arigatou gozaimasu, ngono nek wong Jepang ngaturake panuwun ambek mbungkuk-mbungkuk. Sing diaturi yo melu mbungkuk-mbungkuk nyebut "iie...iie.. kochira koso...." (nggak.. nggak mik ngono ae lho....) he he he.. iki mbuh pener mbuh ora ra ngerti aku.

Terjemahanne arigatou iku nang kamus-kamus ya muk "terima kasih" "thanks" lsp. ning bareng tak delok-delok nang aksara kanji, lho iku saka tembung ari (maujud) gatou (angel) terus apa hubunganne, kok arigatou kanggo nelakake panuwun?

Lho ngene iki dayaning basa lan budaya. Jarene tembung iku ngemu surasa: "wah panjenengan sampun ngawontenake wewujudan/kedadeyan ingkang langka sanget kedadosanipun. ewa semanten kok inggih panjenengan paringaken dumateng badan kula.. saestu kula ngaturaken panuwun" (doumo arigatou gozaimasu)

Mula memper terus dijawab: "alaah mik abrag ngono ae kok olehe nganggep sing dhakik-dhakik.... ra sah dipikir ae wis..." (iie, iie... kochira koso...)

Dadine loro-lorone adu asor! sing matur nuwun ngumbulake paweweh sing ditampa, sing dimatur-nuwuni, nelakake nek sing dinehna barang ora mingsra.... sinambi bungkuk-bungkukan, ketok olehe adu jero nggone mbungkuk. (nek sing lagi weruh pisanan, kudu ngguyu, wong Jepang iku kok koyok manuk bethet nek lagi manggut-manggut kae ya...)

Nuwun, eh.... arigatou gozaimasu.... awit saka kabeh paring pamuji lan pandonga kanggo awakku....

mBah Soeloyo [Aug 31, 2000]
----

(mbaleni sinau basa njipun, ben ora lali...)

Tidak ada komentar: