Pertama
aku diajak mangan ambek penjemput nang Tokyo, wuik... binguneee.... mosok
mangan kok nganggo cuthik? Nyekel cuthik gak mapan-mapan malah kemeng kabyieh
ngguk driji, wis ngono njupuk mie (udon) lunyuneee gak ilok. Bar ngono kok yo tegel-tegele
warungan Jepang iku, mergane terus metu hidangan serba TAHU. Tambah wiss... gak
tak pangan.. lha nyuthike yok opo? Untung ae penjemput dong, aku dijupukna
sendok ambek garpu... amaaan.. amaan...
Sak
durunge mangan kathik muni "Itadakimaaaassu" lho ditadahi tah? Melok
wisss...“Itadakimaaasssu"
Bar
mangan onok maneh manterane: "Go chisou samaaaa" ambek nlangkupna
tangan nang ngarep dhadha... ah... melok pisan... wong gak dong... "Go chiso-samaaaaa".
Kok
dilalah, wis entuk setahun setengah, onok ae kejadian gak sengaja. Aku dinehi
koran arek SD, onok artikel "Go chisou Sama" (hiragana). Sing nerangna sejarahe itadakimasu ambek
gochisousama iku.
Wiwitane,
itadakimasu iku nyunggi utawa mundhi barang sing diwenehna ambek kaisar, raja,
ratu, juragan lsp. Suwe-suwe kalebu dadi pangucapan rasa syukur marang Gusti kang dipercaya maringi berkah. Berkah
mau kalebu paring pangan. Mulane nek neng acara mangan utawa mangan saben dina nang
keluarga, terus tuwuh kebiasaan ngono iku. Dianggep bisa mangan iku merga entuk
berkahing Gusti. Mulane nek wis dimanggakna ambek sing nyuguh (kalebu nraktir)
utawa arek-arek pas mangan bareng wis dikongkon ambek bapake tah emake
"wis gek dang dipangan, cung!" ngono terus nlangkupake tangan nang
ngarep dhadha ambek ngucap "ITADAKIMAAASU".
Lha
saiki kenapa nek wis bar mangan terus ngucap GOCHISOU SAMA? Kamangka nek ditulis
nganggo kanji, GOCHI (wong numpak jaran) ambek SOU (hashiru utawa mlayu) ketambahan
SAMA (iki sebutan kanggo ngurmati wong sing wis berjasa, lebih tuwek utawa
sebutan kanggo Gusti (Kami SAMA).
Jarene
sejarahe ngene. Wektu jaman kuna makuna nek wong mendayoh nang kampung iku sing
duwe omah racak-racak kepengin menjamu tamune, elek-eleke golek iwak gedhene
tuku daging nang kutha. Mulane perlu numpak jaran sing mlayu banter. Numpak
jaran mlayu banter nang kutha mik perlu tuku bahan masakan kanggo nyuguh tamune.
Mulane bareng wis mangan tamune nyebut "Wah matur nuwun, ‘Ki Raka’ mpun keraya-raya
‘nitih kuda’ dateng kitha tumbas bahan tedha kangge nyegah kula, maturnuwun, maturnuwuuun”...
ben ringkes mik dijupuk "Ki Raka nitih kuda" utawa Gochisou Sama.
mBah Soelojo [Sep 21, 2000]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar