Jumat, Juni 17, 2016

2497 Yoshiko...


Ing antarane kanca-kanca, mung kowe Yoshiko sing gati, grapyak lan semanak marang aku, minangka wong asing ing laboratorium iki. Senajan kowe ora ngerti basa Indonesia lan basa Jawa, ewasemono, kowe tetep ndhedhes aku ing endi alamat HP WOJOSETO, sing isine mung crita-crita basa jawa tur ngawur. "Subarashiiii....tte Soeloyo-san no homu-peji, waaa" ngono sakwise kowe kasil akses dhewe HP iku.

Yoshiko, kenapa Kowe wingenane uga ndhedhes aku takon "Soel, nani wo mitteru no?" (Soel, lagi nontok apa?). Kamangka aku banget nyimpen alamat surat kabar simpatisan saka Indonesia iku. Kenapa Kowe nekat meksa kepengin weruh?

Yoshiko, apuranen aku, dene kowe terus mbengok meh semaput bareng weruh wong-wong mudha bangsaku, bangsa Indonesia, kanthi gumagah malang kadak nyengkiwing sirah kan tanpa gembung. Kedadyan mangkono iku, miturut Guru Hirano, uga nate ana ing bangsamu, duk nalika 5 abad kepungkur... Nalika dalan pedhang lan BUSHIDO isih dadi sesanggeman lan paugeran....

Yoshiko, apa bangsaku iki kalebu mandheg sak suwene 5 abad katanding bangsamu? Kamangka tahun ngarep, jaman wis ngancik ewonan tahun kang kaping 3.. Apa bener bangsaku isih mandeg nang DALAN PEDANG lan BUSHIDO ning kalebu carane NINJITSU kang sarwa apus-apus lan akal-akalan....

Yoshiko... apuranen aku lan bangsaku... wis gawe miris lan "gilo" mu....

(kenangan peristiwa SAMBAS ambek HAYASHI Yoshiko
kanggo nanggepi postinge Cak Setan Gundhul "BOM-SP3")


mBah Soelojo [Sep 16, 2000]

Tidak ada komentar: