Uga wong-wong kang ora ngrumat (lan ajak-ajak ngrumat) wong kesrakat/
Mula cilaka kanggone wong kang salat
Yaiku wong kang lirwa ing salate
Uga wong kang umuk
Wong kang wegah paweh pitulung (ing sapadha-padha)
----> al-Maa'uun 7 pada
-----------------------------
Lho ngene iki lho rek jan-jane dhasare kenapa wong kok entuk rabi nganti papat. Mergane wong kang cukup iku duwe kewajiban ngramut wong yatim ambek wong kesrakat.
Iku sing kudune dadi wujude salat kang punjer maknane "nyondhongake rasa, karsa lan cipta" mung nang Gusti Allaah.
Lha ngapa kok ngono? Miturut sejarahe duk nalika jaman Nabi isih sugeng, angger ana pawongan putri ditinggal mati bojone, yaaaa ambyar temenan ek-sos-e apa maneh sing ora duwe wali. Mulane, anak-anake sing yatim ya otomatis melok nasibe embok-e.
Kelangan wali lan kelangan sumber panguripan. Mulane aku mau lak posting "berita telat" iku lak tak pentingna nanggon sing "berbuat di luar nikah"... lha nek alesanne mik akeh-akehe nggon sing seneng sate ngene.. yo ra bakal numus paugeran lan angger-anggere agama. wis... mangga dipenggalih...
salam,
mBah Soeloyo [Sep 16, 2000]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar