Senin, Agustus 06, 2012

TULI

Ada oma ke gereja dgn cucunya, pada saat perjamuan, karena oma sudah tua umurnya 101 thn, jadi pendeta lah yang antarkan itu anggur ke kursi oma.

Abis itu oma minum anggur perjamuan,
Pendeta : “Bagaimana Oma bisa berumur sampe 101, gimana caranya, tolong kasih tahu?!?"

Oma : "Haaa??? Apa...>"

*Karna oma tidak dapat dengar, cucunya yang membisikkan pada telinga oma

Cucu : “Oma... pendeta ada tanya, bagaimana Oma bisa berumur panjang dan bagemana caranya?"

Oma : “Ohhhhh... Pak Pendeta kalo mau umur panjang musti dapat penyakit kayak Oma."

Pendeta : “Apa penyakit oma....??" :/

(*Cucu berbisik mengulangi pertanyaan pendeta ke telinga oma)

Cucu : “Pendeta bertanya lagi, apa penyakit oma ."

Oma : ”Penyakit oma adalah 'PONGO' (TULI... #:-s )"

Pendeta keheranan kenapa koq penyakit tuli Oma, bisa buat umur panjang?

Pendeta : ”Kenapa harus tuli Oma???" Setengah berteriak

*Cucu berbisik ulang pada telinga oma

Oma menjawab : ”Supaya kalau TUHAN panggil kita... kita tidak dengar....." >:/


TERSEDIA, Herbal top markotop untuk anti kanker dan awet muda: PROPOLIS dan MELIA BIYANG, harga hanya Rp 550,000 sepaket. Order segera, klik di SINI

Nggambar Segitiga (bahasa Indonesia)

Bu Guru: "Udin, coba kamu gambar segitiga sama kaki...!"


Udin: "Ah Ibu nih ngajarin yg gak bener aja sih.."

Bu Guru: "Udiin..?!"

Udin: "Asal Ibu tau yaaa, saya tuh gambar segitiga sama tangan aja masih, keliruuuu, apalagi sama kaki..! Yang enggak2 aja ibu ini..."


TERSEDIA, Herbal top markotop untuk anti kanker dan awet muda: MELIA PROPOLIS dan MELIA BIYANG, harga hanya Rp 605,000 sepaket. Order segera, klik di SINI

Sing Nemen Sopo?

Sore-sore keluarga Mat Pithi lagi ngeteh. Sinambi nonton tayangan kampanye ngguk TV sing gak mutu, (ngono jarene Klowor). Dumadakan Kliwir sing lagi kelas 3 SD kadingaren ngomong sambil mikir nang Bapake.

"Pak, sampeyan pancene pinter kok Pak, milih Simak?"

Mat Pithi bombong, Saropah mbabrak raine.

"Lho, opoko koen iku, Cung. Bayi ngurusi Pake sing milih Make?"

"Nek tak pikir-pikir sak kampung kene tambah kampung kono, kana, kana kae...ibuk-ibuk sing sak umuran Simak iku, mik Simak sing paling semok"

Saropah kudu ngguyu ambek alok: "Woooo, cah ra urus. Ketularan Pakmu yo? Bayi ngerti-ngertine 'semok'"

"Lho tenan kok, Mak. Mbangane mBokdhe Kimpong kae mbalah kelemon, njut Bu Carik kae masiya resikan ning lak keriput... hehehe!"

"Husssy... malah ngrasani wong liyo... lho njut yok opo? Ngerti tah Pakmu iki pinter milih gendhakan... hehehe..."

"Lha iyo, ning aku iki bingung malah nang Simak....!"

"Weee.... bocah kurang ajar, malah mbingungake Make... njut bingungmu nang endine?"

"Anu, Mak.... kok biyen Simak iku gelem ambek Bapak, ngono lho.....!"

Saropah/Mat Pithi: "Haaaaa? Semprul...!"

(Kliwir cepet-cepet mlayu metu ambek nyekakak.... weruh Pake ambek Make ngethungi sandal!)

mBah Soeloyo


Monggo lho sing kepareng arep mundhut Herbal Top Markotop: PROPOLIS lan MELIA BIYANG dak aturi rawuh ing www.kdpbiz.com

Sabtu, Agustus 04, 2012

Rivitalisasi Sêni Gamêlan

Gamelan ing Relief Borobudur
Ono sawêtoro sing ngarani yèn gamêlan Jowo iku entuke amargo nggabung-nggabungake alat-alat musik maneko warno. Saka Arab, India, Cino lan liya-liyane. Ning aku malah khawatir yèn têrus kewalik. Kewalike, malah ndhudhah karawitan dadi sêni pêthilan. Ya iku têrus ono konsèr rêbab, konsèr gambang, konsèr kêndhang... malah têrus konsèr gong.... hehehe.

Sabab ngene, aku duwe pênêmu sing nylênèh ngênani gamêlan. Koyo sing wis nate daktulis nang milis jowo, yèn gamêlan iku 'variasine' nglumpuk nang Jowo gagrag mataraman (Jôgja-sôlô). Jarene para ahli gamêlan, yèn komplit sak pangkon (slendro-pelog) nganti sing riwil-riwil, koyo to 'kôcrèk' lan 'slômprèt' (sing nang reog Ponorogo kae) gunggunge piranti gamêlan iku ôra kurang soko 75 jinis. Nèk lêngkap karô sing nabuh lan sing uro-uro utowo sindhèn jangkêp, jare kudu diayahi ambèk sithik-sithike wong 125. Lha iki gèsèh bangêt yèn dibanding jinise kêsênian musical liyane.

Orkestra Eropa
Musik klasik Erôpa pancèn biso atusan jumlah pêmaine, ning sing dicêkêl pêrsasat akèh sing podho. Biôla wiwit sing cilik nganti sing selo... kabèh digèsèk. Slômprèt wiwit klarinèt nganti sing guêdhii kae prinsipe yo podo, disêbul. Ning nèk gamêlan, akèh bangêt jinise, arêpa yo akèh sing mèmpêr coro ngunèkake, sarono dithuthuk (pèrcusi).

Lha ing kene aku duwe pênêmu ngene isok lôrô-lôrône mlaku lan pêrlu panaliti sing imbang:
  1. gamêlan ku mujudake 'gabungan' maneko warno jinis alat musik. 
  2. gamêlan malah dadi sumbêre alat-alat musik.
Alat Musik SEBULAN
Pênêmu lôrô-lôrône iku tansah gawe bingung awakku dhewe. Pênêmu sing ongko lôrô mau sênajan ôra langsung wis daktulis grambyangan mbandhingake 'kemampuan' gamêlan mataraman kanggô gêndhing gagrag Parahiyangan nganti Bali, ning ôra biso suwalike. Ditambah manèh kanyatan sing saiki ono. Ing tlatah Vietnam ono piranti musik (mbuh jênênge aku lali), wujude koyo rêbab, mung 'wêtênge' cilik, mik koyo umplung wadah susu-mèlek. Wis mik nganggo alat siji iku njut dadi sêni musik Vietnam. Ning ing Cino alat siji iku dipadu ambèk piranti sing wujude koyo gitar ning kawate akèh koyo sitêr (sitêr iku jare soko India), têrus dicampuri piranti sing mèmpêr siter ning diunèkake sarana dithuthuk nganggo wilahan pring (sodo), dadi musik mandharin. Nèk digatèkake gamêlan ki kok nang tlatah liyane anane mik pêthil-pêthil.
Côntô manèh ing Korea ono piranti wujude koyo 'kêmpul', bônang lan kêthuk, ning thuthuke atos kabèh, dadi mik cêmêngkling unine kanggo ngiringi 'barongan' Korea.
Maneka Warna Gamelan
Ôra adoh-adoh ing tlatah Minang têkan Batak, mung kômanan piranti mèmpêr bônang. Sing nang tlatah Palembang ugo mèmpôr ning luwih lêngkap ono sing mèmpêr saron. Sing rodo lêngkap iku ing Dayak (utamane Banjar), jare biyèn sing nggowo dulure Patih Logêndèr sing Adipati Banjarmasin. Lha ono manèh sing mèmpêr jowo nganti têkan tarianne, yoiku ing Kamboja lan Thailand. Jian jôgètane lênthuk-lênthuk koyo bêdhoyo kae, ning iringane mèmpêr têtêmbangan Bali. Cêmêngkling gamêlane lan dhuwur njêngik pesindhène, rodok ôra cetha....
Iki ndhukung pênêmu nomor lôrô, sing unine, "Gamêlan iku asal-usule piranti musik ing Asia Kidul Wetan lan Asia Wetan." Ning sekaligus ndukung penemu ongko siji, sing unine, "Gamelan iku gabungan maneka warno alat musik lan sêni musik sing wis dijawakake." Contone jare rêbab iku asale soko boso Arab, sitêr soko dening 'sitar' (saka India, alat musike dewo Naradha), kêndang iku sing mèmpêr Jowo sak dônya mung kêndhange wong Burma têkan Bangladesh, ditabuh bongkot-pucuke. Dene kendhang sing saka India, ditabuh mik sêsisih, tur bêntuke nyêmpluk-nyêmpluk.
Nèk nuhoni pênêmu sing ongko siji iku janjane muni... "Budhoyo Jowo jaman biyèn nganti ngrakit gamêlan (karawitan) sing pênting biso ngganti 'thuthuk' sing sarwo atos dadi lêmbut lan unine ulêm, sêjatine iku 'puncake' sêni musik. Njut biyèn dadi sêni 'ndeso' iki malah hebat bangêt. Sabab ing budhoyo liyane, biasane sêni iku mik kanggô wong-wong bangsawan utowo para pênguluning agomo. Dene gamêlan bisa warata ing deso-deso koyo ing Bali (umpamane, lan aku duwe penemu ing jaman Majapahit mêsthi ing Jowo yo ngono iku.... gamêlan kanggo sarana manêmbah ing kutha nganti deso-deso, yèn nggatèkake rumus-rumusing têmbang lan gêndhing kang mujudake 'mantra'), artine janjane gamêlan wis dadi 'sukmane' budhoyo Jowo.
Karawitan Rodo Kumplit, nganggo sinden loro
Mulo yèn aku entuk usul ngônô, balèkno manèh pêlajaran boso Jowo ing pendidikan formal ning ojo di-biji koyo pelajaran matematika. Têgêse, pêrangkat budhoyo Jowo bali dadi pêrangkate 'pendidikan' dasar lan menengah. Yèn saben-saben sekolah dasar tumekane SMU duwe sak prangkat Gamêlan ngônô wae... dakkira bakal môncèr seni gamêlan iku. Lha wong dhasare jiwane wong Jowo iku wis ngejowantah dadi gamêlan kok... Iki yo pênêmu lhô... bênêr-lupute yo sumonggo.
Sing ngersaake Suplemen Top Markotop: PROPOLIS lan MELIA BIYANG dak aturi order liwat www.kdpbiz.com/?page-id=217

Paling Goblog sa Omah


[Gae kenang-kenangan nalika Pemilu Langsung Presiden sing Pertama - 2004]

Nonton pengumuman penghitungan suara nang koran, Mat Pithi, Kliwir, apadene Saropah cengingisan. Sebab calon sing dipilih kalah. Wong telu iku pancen milih Megawati.

Alesane Mat Pithi, sih jelas. "Biyen nalika isih 5 pasang calon wae milih Megawati kok, apa maneh mung kari rong pasang, gek gambare Megawati katut maneh..."

Alesane Kliwir rada mengsle. "Bu Mega iku rak mung pejabat presiden tah, sing 3.5 tahun wingi. Lha wong biyen dadine presiden rak merga siasate Sidang Istimewa MPR, sing di pandegani dening Pak Amien Rais sak wise pertemuan sembilan fraksi MPR/DPR, minus PKB tapi pakai PKB-Matori... Kamangka harak partaine Bu Mega iku pemenang pemilu 1999, eeee kok dadi kalah ambek calon sing saka non-partai.... Dipecundangi Poros Tengah. Mulane ben bisa bener-bener dadi presiden, aku milih Megawati, melok Bapak...."

Nek Ning Saropah, ya beteke mik siji iku calon presiden wanita, jarene mesisan gae "ngeprek"-na fatwa-fatwa sing jare presiden wanita iku haram. Malah bener haram, gak onok sing wani mangan... nek halal lak cepet entek".

Wis, iki alesan sing paling trondolo. Sangat bias gender jarene para ngelmuwan lan pengamat. Wong nang pikirane Saropah ki ya mik sederhana. Turna "gender" iku uga dudu perabot dan perlengkapan negara dan pemerintahan... Ya mung wae Sebagai rakyat biasa, wayahe kampanye ya nonton. Wayahe didaftar dadi pemilih... ya ndaftar.

Wayahe coblosan kon milih presiden, tur wis dicepaki pilihan loro, ya kari nyoblos salah siji. Pokok, jarene Saropah, negara iku pantese ya duwe presiden utawa raja. Lha gandeng negarane Saropah iku Republik ya wis, kudu duwe presiden.

Nah nek ngene iki mbuh merga wis entuk pendidikan politik saka para elite utawa mik mikir dhewe ya ra cetha. Sing baku keluarga Mat Pithi wis kaleksanan milih presiden langsung sing sepisanan iki sak jok Indonesia merdeka. Sakdurunge Merdeka?

Ya durung pernah, wong Indonesia ya durung ana. Sing ana lagi Kasunanan Surokarto, Kasultanan Ngayogyokarto, Kasepuhan, Kanoman, Banten nek nang Jawa nek liyane ya sak bajeg. Mulai ana bribik-bribik ya nalika tahun 1928, sasi Oktober, tanggal 28. Weeeh, sedilut engkas peringatan ya? Ning iku wae isih sering diwaca INDISCHE lho, ben ora ditabok bedil ambek kopral londo.

Ning kocapa bareng Klowor mulih malah nggeguyu kabeh wong sak omah. "Huuuu.... wong ki nek idiot, gebleg, goblog mesthi ya milih sing sejenis. Milih sing jarene wong-wong ya goblog. Mulane kalah kabeh pilihanmu, Wir, Mak, Pak... qe-qe-qe.."

"Lho, kurang ajar koen, Wor! Bapakmu iki mbok arani goblog? Kuwalat koen Cung!"

"Iya ki Kang Klowor ki jian ra sopan blas. Lha apa Kang Klowor milih SBY? Sing jare bar lulus doktor IPB iku.... ngono ya?"

"Sing milih SBY ki ya sapa? Calonku lak wis gak katut tah Wir. Calonku biyen nek gak Pak Amien lak Pak Wiranto, ngono... gae apa milih SBY sing wakile malah ketua KPPSI komite apa iku sing mburine Penegakan Syariah Islam iku lho... sing lasykare jeneng Jundullah, sing panglimane Agus Dwikarna iku lho...."

"Lho, apa dudu kuwi sing kok pengini, Le... Wor? Nek aku suwalike. Tetep milih Bu Mega, ben para kyai sing fatwa-fatwane nguawur iku mendem, ben SI iku gak nemen-nemen diterapna nang Indonesia kene..."

"Walah Maaaak... tetep ae gebleg nek milih Megawati... hahahaha....."

"Wah, jian anak situk iki, manaske ati. Lha koen sing pinter iku milih sapa se?"

"Wis tak sebutna, jagoku wis gak katut, merga wong-wong dha gak rasional. Aku golput, ngono lho.... wingi gak tak coblos, kertune muk tak lipet njut tak cemplungna kotak suara... hahahaha... gak ada yang pantas jadi presiden di negeri mayoritas muslim tapi pluralitasnya tinggi ini... ngono!"

"Weleh, hehehehe.... hihihi... kak-kak-kak... berarti sak omah iki sing paling goblog iku sampeyan, Kang. Huuu... wis golput, goblog!"

"Lho, kok bisa?"

"Sepisan sampiyan goblog, atene gak duwe pilihan nekat mara nang TPS. Ping pindone goblog, wis dicepaki pilihan mik rong kothak masing-masing isine gelungan-kupluk ambek kupluk-kembar, eee malah isih nggoleki sing gak kecantum..... ping telune.... sampiyan iku saking gobloge, surat suara sing saka kertas ae dieman-eman gak dibolongi babar blas.... hahahahaha!"

Mat Pithi + Saropah: "KLOWOR GOBLOOOOOOG"

--------------------------------------------------
Ishigaki 23 September 2004, gae pengeling-eling
Pemilu Presiden langsung sing sepisanan.
--------------------------------------------------



Sing ngersaake PROPOLIS lan MELIA BIYANG, monggo nyeklik http://kdpbiz.com/?page_id=217

Agamanipun Kucing Kula Napa, Kyai?

Browny wis Jenat...:-(
Kliwir (KI) ambek Klowor (KO) ngadhep ngabyantoro nang daleme Kyai Salam (KS) guru ngajine. Klowor nek ngundang Kyai Salam mesthi nganggo Ustadz utawa al-Mukarom Salam. Dene Kliwir pancet ae mik cukup Kyai utawa malah Eyang Salam.

KI: Eyang Salam, kula pikantuk matur?

KO: Ngawur wae, guru pengpengan, al-Mukarom kok mik diundang Eyang... padhakno sing nunggu sendang wae... Nggih niku Ustadz Salam, adikula Kliwir niku kok mbangeti sing Jowo.

KS: He-he-he... ya wis ben lah Wor, wong aku sing di arani ya wis legawa nrima kok. Mbalah nuwak-ke aku ta, ngundang Eyang.... Arep takon apa Wir?

KI: Lha nggih niku Yang, Kang Klowor niku kok le kami Araben. Kabeh-kabeh nganggo basa Arab.....
hehehe, mulane Aceh kae sing dikirim Gusti Allah malah wong Amerika, Cino, Jepang, Singapur, Ostrali sing Arab blas mik sithik. Pakistan wae muk udhu tenaga... Bek-beke GA khawatir nek ngirim Jibril ngalaihi salam utawa Mikail ngalaihi salam kawatir nek bisane mik bahasa Arab. Gak enthos basa liyane, lha pancen dikodratke ora entuk nganggo akal kok, Moloekat ki.... ngaten nggih Yang?

KO: Hus... kurang ajar Allah Subhanahu Wataala.... blog. Kok Gusti.... Nggih ngeten niku Ustadz, Kliwir niku agomo mesthi diothak-athik.... nganggo akal barang. Agomo niku rak nggih pun mantep to Ustadz... bun baku aturane pun enten, ngangge Syari'at al Diin... ngangge Fiqih... napa ngoten rak pun jangkep, Nggih Ustadz?

KS: Sik to Kliwir kok malah ora takon malah ngomentari Kakange? Yo bener Wor, agomo kuwi yo wis mantep wis sempurna mungguhing wong sing nuhoni. Wis ora ndadak diowahi.... ning nek nganggo akal lan nalar kuwi yo bener, wong akal ambek nalar kuwi kodrate Allah kanggo menungsa.

KI: Lho rak tenan to Kang... nggih niku Eyang sing ajenge kula aturaken. Kenging mboten migunakaken akal niku kangge agami?

KS: Lho lha nek ora entuk mesthine nang njeron al-Quran ora bakal Allah nitahake pitakonan: "Opo sira kabeh ora migunakake akalmu?" utawa dhawuhing Allah "supaya sira kabeh mikir..." utawa ayat 17 tekan 21 al-Ghaashiyaah. Menungsa dikongkon mikirake kepriye bumi di gelar, langit didhuwurake, "unta" (ana sing nyebut kuwi mendhung calon udan) diciptakake.. kepriye gunung-gunung didekake, Wor.... (Kliwir klecam-klecem, Klowor judheg gedhek-gedhek..... wah Ustadz Salam iki mesthi wis glenikan ambek Kliwir.... lho kok malah suudzan aku ya... astagfirullaaah.... Klowor njut nyebut taghfir.....)

KO: Lha ning lak wonten dhawuhing kitab yen sedayanipun niku kedah diwangsulkane teng Kitab napadene Hadits ta Ustadz, lajeng kula niki pinangka tiyang umum lak kantung samikna waathakna.... nurut miturut dhawuhing imam napa guru, napa nabi.....

KS: Lha iya... ning kuwi lak saka gurumu... lha gurumu biyen piye? Kowe rak ora ngerti? Umpamane kowe ngerti jaman cilikanku sekolah ngaji? Rak ora?
KI: Lha enggih nggih Yang. Lha lajeng Islam niku napa?

KS: Wooo, Wir nek mik maknane Islam ya pancen pasrah berserah diri.... ning jangkepe dilambari ambek Iman kanggo tumuju marang Ihsan. Sebab manungsa kuwi ginanjar kamardikan. Wenang milih ning uga wenang dipilih. Beda karo Moloekat, malah geseh maneh karo Iblis. Moloekat kinodrat sarwo becik, Iblis kinodrat elek-eleking makhluk.... ning kudu eling Iblis kuwi banget berimane ambek Allah, Wor. Lho opo memper? Wong makhluk elek-eleking elek kok malah beriman marang Allah?

KO: Lha niku rak empun dikersakaken dening Allah SWT?

KI: Lha enggih Yang.... kados umpaminipun Kucing Kula niku agaminipun napa Yang?

KS: Hehehehe.... mesthi kowe mikir nek kucing kuwi kinodrat pasrah marang ALlah to? Hehehe... ning ora diwenehi akal, mulane ya ngono kuwi carane kucing urip nglakoni darmane kucing. Nek basa arabe ya mesthi wae agamane kucingmu kae ya Islam....

KI: Wuik.... kek-kek-kek-kek... hahahaha... hehehe, lha napa nek tiyang agami mboten pikantuk ngangge akal niku njut mik sami sak derajat kalih Kucing..... heheh.

KS: Wah, ora mik kuwi Wir. Malah wong sing ora agomo kuwi bisa dibalekake marang papan kang luwih asor ketimbang muk sekedar kucing.... gatekna surat at-Tiin kae... malah sing dibalekake nang kono kuwi wong-wong beriman ambek beramal sholeh lho Wir.

Klowor mendelong.... kaget trataban terus nyungkemi Kyai Salam, terus njaluk ngapura marang Kliwir sing sering digoblog-goblogne... aja sampek dheweke diupatani Kliwir mik kaya KUCING.

-mbogor, 26 Januari 2005


Sing pengin bisnis MLM top markotop, monggo nyeklik: www.kdpbiz.com/?page_id=217



Jumat, Agustus 03, 2012

Rempela Faisal dadi Imam liyane Makmum


Kliwir anake Mat Pithi ancene apikan terus nasibe. Lulus SMU (Sekolah Mulai Uangel) Negeri Nguter, nyobak melok UMPTN gak mlebu. Sebel, wong ranking I kok USMI iku lho ndak gelem mara.

Makane terus tekad-tekadan golek gaweyan, ndaftar dadi TKI. Gak gelem nek mik nang Malaysia, mosok rek lulusan SMUNNg, mik dadi buruh perkebunan getah (karet). Nista ta ya? Mangkane iseng-iseng daftar nang Jepang. Eee ndilalah kopyah ketampa. Kliwir dadi Kenshuusei, alias pekerja magang. Statuse pelajar makane dadi anggota penambah kekuatan PPI-Jepang (Persatuan Pelajar Indonesia ngguk Jepang).

Kliwir ancene blater. Makane bisa kenalan ambek mBah Soeloyo sing rada kenthir lagi melok juragane nang Padhepokan Kyouyama. Kliwir sering mara nang omahe mBah Soel. Kebeneran, Kliwir ambek mBah Soel iku nek masalah daging ayam senengane padha, REMPELA. Wah, padhahal (kaya ngendikane Kang Alliq, jarene nek pelajar saka Indonesia iku nek nang negara liya sing duduk Islam agama mayoritase, tambah Islum (islam banget). Sing maune dek nang Indonesia gak ngaruh, nang Jepang dadi gawat. Contone mangan daging tah jajan ngguk Kentuckey Fried Pitick iku. Blas gak oleh. Jarene daging-daging nang Jepang haram, wong gak onok sing ndongani nalika mbeleh kewane. Lha yok apa sing ndonga, wong muni bismillah ae dadi BISU MIRRAAH kok, jagal jepang iku.

Eeeee, lha kok pas mendhayoh, mBah Soel tawa-tawa. "Wiir.. koen kangen tah ambek rempela. Iku Den Ragil masak rempela-ati.. wuuuuik enakeeee."
"Lho mBah, gak entuk. Rempela haram iku.."

"Sing kandha sapa?"

"Lho mosok seh, gak maca slebaran 'Halal Food' mBah?"

"Ya jelas maca Le. Malah iki ngono wis ditakokake nang kanca-kancane Den Ragil, sing sregep pengajian barang lho, ojok sembarangan koen."

"Lhah kan kandhane Ibrahim mahasiswa Mesir kae jare daging ayam apa maneh rempela sing mik ana nang super market iku lak haram!"

"Iya ae wong Ibrahim iku dagang daging pitik. Ben payu lak ngomong ngono. Nek gak ngono wong Islam nang Okayama kene dha tuku nang supermarket kabeh, Wir. Lebih murah tur seger!"

"Lha terus yok apa carane....."

"Hehehehee.... iki ngono mik akal-akalanku ae. Aja kandha-kandha nang Den Ragil ya. Nesu sida ngamuk engkok."

"Lha iya, akalmu yok apa mBah?"

"Aku minggu wingi pas melok Jum'atan 'nggethik' nang Faisal sing wong Malaysia tur ya dodolan daging pitik, supaya nyembeleh pitik 6 tah 7 ngono langsung, ojok mik tuku daginge saka Ibrahim ambek Saleem thok. Terus aku pesen rempelane."

"Terus?"

"Faisal gelem Wir. Malah aku dinehi rempela nganti 15 iji. Jarene wong Malaysia langganane gak gelem rempela. Dadine meh gratis. Ternyata Faisal untunge lebih gedhe nek mbeleh dhewe. Gak mik ngadolke daging saka Ibrahim tah Saleem"

"Lha iya mesthine lak entek no mBah. Kok nganti saiki kok isih?"

"Hahahahaa.. yo iki pengpengane mBah Soel. Akal Wiiir, akal.. Rempela 15 tak simpen nang kulkas, terus aku tuku rempela nang Supermarket. Saben sedina tak jupuk situk rempela saka Faisal, tak cemplungna nang Rempela Super Market.."
 

"Weeeeh.. ya padha ae, Haram mBah..moh aku.. tak aturne Den Ragil..."

"Aturna.. wong nang nggon kulkas ketoke Rempelane Faisal dadi imam... terus liyane dha makmum.. hehehee... "

"Apa sampeyan ngerti...."

"Lha apa kowe ya ngerti omong-omongane rempela.. sing penting percaya hahahaaa.... akal Wiir akal!"

"Huuuu.... agama kok digawe dulinan."

"Huuuuuu agama kok njawab masalah rempela ati ae gak isok...."

"Weeeeh iya ya mBah.. makane atene dadi Partai ya jeblog, atene dadi negara ya mblasur... bener beke mBah akal sampeyan sing kodo iku... hahahaaha.. yo wis, kene aku njaluk sangu rempelane Faisal 3 ae.. ben dadi Imam 3 minggu....!"


Sing pengin bisnis MLM top markotop, monggo nyeklik: www.kdpbiz.com/?page_id=217

Kamis, Januari 06, 2011

gremang gremeng grundal grundel: Joyoboyo Mukso...

gremang gremeng grundal grundel: Joyoboyo Mukso...

Joyoboyo Mukso...

Kapanne Ki Dalang Soeloyo Gemblung Carita wis njelasake nek Prabu Jayabaya saka Mamenang Kedhiri iku sakti mandraguna. Saking sektine, malah bloedrueg-an. Dilapori nek anake wedok diusir ambek bojone, Gendrayana saka Jawastina, dituduh jare mbobot tanpo diboboti, terus muntap. Jawastina dilebur kelem nang laut, kari mik pulau cilik-cilik sing kremun-kremun nek didelok saka tanah Jawa.

Mula diarani Karimunjawa.... hehe lak ngunnuuu tah?

Jayabaya disengeni ambek Raja Dewa amarga nglebur praja ora cecala (menghanjurkan kerajaan lain tanpa kasih berita pendahuluan utawa peringatan). Mulane jabatanne sebagai titising Wisnu dijabel. Jayabaya uga kudu ndang bali nang kayangan sakwise bayi sing dikandut ambek anake (Pramesthi) sing jare mbobot gara-gara mangku keris (mulane tah wong wedok ojok seneng mangku keris tah lading... bisa mbobot lho... sing duwe keris sakti jugak ojok sembarangan namakna keris tah ndeleh keris. sida mlungKER gak kena gae ngeRIS kapok koen!) lahir umur 10 tahun wis ketemu ambek pasangan sejati kanggo nggulawenthah jagad, Jayabaya kudu balik nang kayangan alias GAME OVER at the level 9th.

Kaleksanan, putune Jayabaya lahir dinehi jeneng Anglingdarma. Barengan ambek putune patih Kedhiri sing lagi diusir, dijenengi Bathik Madrim. Pas bar ulang tahun 10 tahun, wektu iku ancene Patih Kediri wis dipanggil mulih dijak rembugan sing apik-apik, mulane Anglingdarma ketemu ambek Bathik Madrim lan dadi kanca dolanan neker tah benthik.

Lucune, Jayabaya ijik urip. Mulane sak jroning atine seneng banget. Weee dewa ora pecus ngukum jalma manungsa. Lha nyatane aku ora sida matek.... Mikir ngono karo seneng-seneng metu nang taman, wanci surup.

Nang taman lagi rame swara jangkrik ambek walang kecek lan tonggeret nong.Jayabaya sing uga duwe aji Gineng (bisa ngerti artine swara kewan apa wae, kaya Nabi Sulaiman Si Pengendara Angin), ketarik ambek swarane walang kekek (belalang sembah). Walang mau lagi nyanyi-nyanyi. Nitik swarane ya walang wedok.

Dicidheki kok ayu (jarene Jayabaya sing nganggo mripat walang). Kepincut, terus delikan sakuntara cucul pakaian, ningkatna aji gineng nganti malik dadi Walang Kekek Lanang.. clek... ngono ae. Lha saka uwong dadi sakwalang?

Walang Jayabaya nyidheki Walang Wedok sing lagi nyanyi. Walang wedok kaget, onok walang lanang kok masiya tuwek ndadak nganggo KULUK.. mulane bareng dirayu ya terus ae ketut. Dadi perang tanding ora karuwan antarane Walang Jayabaya ambek Walang Wedok. Perang tanding andon asmara ing plataran taman Kraton Mamenang.

Sak wise tuwuk lan kari kesele, Walang Wedok nyidheki Walang Jayabaya, ambek ngomong:

"Mas Walang, sampeyan lali kweajibane walang lanang ya? Kanggo uripe anak-anak sampeyan sing nang endog-ku mengko, sampeyan kudu ngurbanake awak sampeyan dhewe... tak klethak sirah sampeyan.."

Jayabaya keweden, arep alok ora bisa keprungu saka kraton.. wong sing metu bahasa Walang.. ecek-ecek-ecek.... ngono thok.

Isuke, kraton geger mik nemu sandhanganne Jayabaya nang taman, ambek kuluke ketemu nang ngisor wit dadap, ndadak malik dadi sak upil.... wong tilas dianggo walang...! Patih Haryamurti enggal paring pawara nek panjenenganne Sang Maharaja Jayabaya wus kasil Mukswa balik nang kayangan.....kaya sing dijanjekake duk nalika entuk paukuman saka Raja Dewa, kudu bali nang kayangan nek putune wis umur 10 tahun!

Mekaten para sedherek lelampahan Jayabaya Mukswa sing ditulis ambek kanca-ne mbah soeloyo sing ahli serangga.... sepisan maneh gak lucu babah... wong ancene ora lagi nglucu, kok.


Tentara Go Blog...

Onok tentara loro sudrun tenan. Pas perang mbrondong tembakan nang daerah musuh sing mik keletan dalan, ndadak pluruné sing aténé dipasang nang rèntèngan entèk.
Bingung tenan dhèkné. Padahal nèk ngantèk brondongan iku mandheg dhilut aé, musuh-musuhé mesti mbales nganggo tembakan yang mematikan. Lha wong musuhé iku olèh latihan soko milisi Al-qaeda, jé.
Dhèkné nggolèki nang sekitar kono gak nemu. Akhiré dhèkné bengak-bengok:
"Hooooeeeee....! Pluru tambahané endi Rèèèèk!"
Dijawab ambèk sing lagi mimpin serangan (pangakaté nèk ngono iku opo sé? Kôpral tah sersan? Héhéhéhé... gak eruh aku... kôpral aé yo bèn cocok ambèk critané... qqqq...) nganggo bengak-bengok pisan:
"Hééé.... prajurit goblog! Ojok sampèk krungu mungsuh nèk pluruné mèh entèk.... pokok brondong teruuuuuusssss!"
(Wis nèk ngônô iku endi sing goblog gak eruh aku. Sing lagi takok pluru opo Pak Kopral?)- ancène Pak Tara iku yo sok-sok gublug ngônô iku kok..... nèk ijik kopral tah sersan. Nek wis kolonel njut coup.... héhéhé. Apane gak goblog, wong pluru mèh entèk kok mbengok mréntah pokok brondong terusssss! [Dening mBah Soeloyo]