Weee... ya rada kuciwa. Jarene sing jaga kebon, "Belum putus harganya, Pak... pekerja masih minta lebih dari Rp 5000 per lubang, dengan berbagai alasan..." Lho, kamangka iku lak mik gaweyan tambahan tah... wong lubange 200 nek ping Rp 5000 harak wis sak juta repes?
Bar ngono nonton maneh... eee jebule cagak durung digawe... hek hek hek... wah-wah.... males temen pegawe-pegawe iku... ning ya mungkin isih oleh tugas saka para bos nang kantor... Ya wis ra papa. Mengko wae diurus maneh. Wong nyatane kebon Tajur ya lagi ribet mbangun pabrik pengolahan nanas.
Ning bareng aku nonton pembibitanne... wah marem tenan. Meh kabeh bibit urip lan semi. Kamangka bibit sing dhisik ora patiya maremake. Akeh kang bosok... lha nang Tajur iki sing bosok jari mik 10 utawa 20 saka 900 bibit.... hebat 'pra?

Bar nonton bibit, klintar-klinter golek barang kang aeng. Lha nemu! Onok kembang kaktus keluargane Naga Pala, lagi kembang. Aku seneng, iki kaktus keluargane bisa kembang lan awoh.... mesthine Naga Pala ing kono mengko uga bisa kembang. Iki mik nganggo nalar wae. Lha pas kembang sing tak foto kok ya ditekani TAWON cilik (klanceng antarane) lagi miber-miber arep golek madu utawa pollen. Wooo tibake ngono carane tawon ngumpulake pollen kanggo ramuan Royal Jelly pinangka dhaharane Ratu.
Sing jelas tanduran buah naga Pawitan Bogor tak daftarake dadi salah sawijine "TEACHING FARM" saka departemenku "Agronomi dan Hortikultura". Apese ana rong enggon, siji ing Babakan Dramaga Bogor, cedhak ambek toko Propolis ku... hehehehe.... loro ing Tajur iku. Apese nek mengko kasil aku bisa kolaborasi ambek UF lan PKBT.... wiiiisss.. siiiip deh. Dongakna ya Cah... hahahaha...!!!
Weh-weh-weh, iki kudune bisa diangkat dadi obyek pengembangan buah tropis. Nang kebon Tajur onok koleksi wit sawo sing gembel wohe. Mendah nek bisa ditangkarake nganggo bibit sambungan ngono ya? Jenenge mbuh sawo apa, sing baku wohe akeh. Sing baku mengko bisa produksi bibit sawo TANWOHINGPOT iku. Nek wis sak mono ukurane ngono nek diregani misale Rp 500,000 sak wit ngono payu po ra ya? Kudune payu ah... apa maneh njut diwenehi cap IPB ngono hehehehe.
Bar saka Tajur diajak bojo mampir nang kancane maneh cidhek BOKER. Ngeterake pesenan PROPOLIS rong dos. Lha entuk-entukan... kepayon loro.... hahaha.
Bat-bet pesen panganan. Pesen tempe kemul sak porsi oleh 6 iris.... wuuuik guedhi-guedhi... sambele dicampur kemiri.... weleh-weleeeh... ngeces temenan. Kanggo omben-omben pesen JAMBU FLOAT... ben gaya, omben-omben nganggo basa Inggris gak lengkap.... Biasane nek nang restoran liya lak GUAVA FLOAT ya? Ning iki pancet ar JAMBU FLOAT... Sak umpama aku sing duwe warung ngono tak nehi jeneng "Jambu plus kampul-kampul" hahahahahaaaa...
Ning jambune pancen asli sli jambu biji daging merah. Aromane seger temenan. Aku njut mikir.. lho nang nggone dhewe duwe woh-wohan kang migunani, enak, seger, kari dijur nang blender dicemplungi es-batu, ak wis sip ta? Lha kok akeh-akehe dha ngombe-ngombe sing larang-larang. Setar Buck kek.... Expresso Kek.... Fruit Mix kek... wis-wis...
Pesen mangan sega. Karepe pesen nganggo wakul.... eee sing dodol omong: "Rak oleh Mbah nek mik pesen sega rong piring kok nganggo wakul". Aku takon: "Lha terus paling sithik pirang piring?" Sing dodol njawab: "Papat Mbaaah...." karo ninggal klepat mesenake pangan nang pawon...
Cukup sambel encer saka tempe kemul ae wis... iku wae pijar-pijer ngelap bathuk nganggo tissue je.... wiiiis.... wis, gara-gara urip nang Okinawa ra tau mangan lombok, anane mik mrica ambek paprika... kok saiki nek kambu lombok thithik wae ngisin-isini...
Apa marga wis tuwek? Ho'oh beke ya.....?
Lha ing warung ayam geprek iki sing tak senengi, kabeh sarwa organis, kajaba piring, cangkir, lan gelas. Nek wong pesen ayam geprek paketan ngono, mesthi diwadhahi besek. Nek sak umpamane kabeh warung nganggo kemasan besek ngono, bisa nguripake pengrajin besek lan penandur pring to yo? Tur ya nek wis dinggo gampang buang-buangane. Ketimbang nganggo plastik, hayo....?
Wis pokokmen MUAREM TENAN nang warung iki. Wong loro (kaya jaman pacaran hahahahahaaaa...) nggethu telap-telep mangan ayam geprek tempe kemul ngombe jus jambu nganggo kampul-kampul.. nganti mele-mele.... eeeeee mik dikongkon mbayar Rp 44,000. Mendah neyaaaa nek aku mangan nang Setar Buck, Hanamasa, Hoka Bento, utawa Kentucky Fried Chicken ngono njut entek pira ya?
Bar kuwi kanthi weteng kebak nganti sebah, tur mata dadi hayub-hayuben, nggeblas nang kantore Mas Joko Pamungkas ing Lodaya Bogor.... weh, jenenge kantor opo to ya? Pokoke papan kanggo naliti Munyuk... he he he he. Biasa ngeterake POPOLIS... hahaha kepayon maneh... Eeee.... nang ndalan onok SMS... antuk kabar saka Roma... Pak Dubes paring kabar bakal transfer duit Propolis 4 paket... weh-weh-weh.... arep kepayon maneh... hi hi hi...
[nuwun]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar