Sabtu, Mei 24, 2008

Bab "Nyata" utawa "Truth"

ING sakwijining kalodhangan aku klintong-klintong blusukan nang samodraning internet. Manéka warna sesawangan. Dumadakan ana gambar foto kaya ngéné iki, nganggo judul "Truth".

Lho njut apa ya karepé? Kamangka "truth" iku ing kamus basa Inggris-Indonesia seratané swargi Prof. Wojowasito, artine 'kebenaran' utawa 'kenyataan'. Matrik tukang blèk, nang basa Jawa padhanané sing trep kok ora ana? Ning jebul ana sing rada memper yaiku 'kanyatan' utawa ringkesé ya "NYATA" ngono waé.

Ndeleng gambar iku, aku njut klècam-klècem dhéwé. Nyatané tembung 'nyata' utawa kanyatan utawa 'bebener' iku gumantung saka ngendi panyawangé. Yèn aku mlebu nang foto kuwi nyawang nom-noman telu saka warung cedhak montor putih-silver, waaah... méndah rukuné. Nom-noman telu sing loro pasangan, déné sing siji katon ngiringaké... mlaku bareng rada mburi.... hé hé hé hé. Ning nèk aku sing moto... walah-walaaah toblas tobil, bul kanyatané iku 'selingkuh'. Horo toyooooh.....

Yèn ngono bab kanyatan iku jebulané ana bagian sing ora bisa ditonton bareng. Awaké dhéwé ora bisa nonton nom-noman telu kang lagi mlaku-mlaku sajak rukun saka ngarep ning jebulané selingkuh yèn saka mburi iku sak kal saka loro-loroné. Kita ora bisa nyawang saka ngarep bareng-bareng karo saka mburi.... kajaba, yèn kita nyawang saka kiwa utawa saka tengen....

Mula ing wawasané wong Jawa mono ana kang sinebut NYATA ning uga ana kang sinebut SUNYATA. Nyata iku sing bisa kita tonton saka ngarep... lha sing sunyata iku yen kita bisa nyawang saka mburi.... iku ora bisa bareng. Sing bisa bareng weruh nyata lan sunyatané iku yen kita bisa nyawang saka kiwa utawa saka tengen kanthi mantheng (tegak lurus).

Lha ing kalodhangan liya, nganggo tembung "truth" aku banjur coba-coba takon nang "google.co.id". Aku njaluk dipamèraké gambar-gambar waé bèn luwih cepet. Mik sithik gambar kang ngemot judul 'truth'. Salah sijiné ya gambar bunderan-bunderan ngéné iki. Emané aku lali biyèn situs apa kang ngemot gambar iki.

Sing baku sepisan manèh ana kang sinebut 'nyata' ana kang sinebut 'sunyata'. Sing tak karepaké nyata ing kéné pada karo Natural Truth. Bebener kang ana ing jagad sesawangan donyaning empiris. Bebener kang bisa digagapi... bisa dideleng, bisa dirasakaké nganggo panca-indriya. Yèn sakumpama cahya mono, NYATA iku kaya dènè cahyané srengéngé. Déné sunyata iku padha karo Supernatural Truth, ya iku samubarang kang luwih déning NYATA anané. Mbuh iku kena dirasakaké apa ora ora perduli. Yèn sak umpama cahya mono SUNYATA iku perangan gelombang electromagnetic kang luwih cendhak utawa luwih dawa ketimbang Cahya. Ing basa Jawa ana istilahe yaiku TEJA.

Lha yen digathukake, digunggung, dadi Cahya lan Teja. Mula aku banjur gawé pangéntha-éntha mungguh kepriyé carané gawe peprincénan utawa katerangan utawa explanation. Tak tambahi siji kanggo njlèntrèhaké barang SUNYATA sak durungé ana Theology, yaiku Mythology. Kena dipadhakaké nganggo BABAD, ngono yén ing sastra Jawa.
Crita babad utawa mythology mono bakuné bisa mènèhi pangertèn marang kang nampa. Bisa nganggo cara cengèngèsan... umpamanè kaya posting ing sekarjagad kang asesirah "di taman firdaus tidak ada pernikahan" kang nggambaraké "Tuhan" mlaku-mlaku nang suwarga. Ya ora perlu digapé lan disrengeni, wong sing nulis lagi tekan tingkatan 'mythology' lagi tekan cara BABAD. Mula nang gambar tambahanku iku "Theological Explanation" tak ilangi tak angkat mendhuwur ning ganti jeneng dadi "Mythological Ezplanation". Déné sing nang ngisor tak ganti dadi "Spiritual Explanation" waé. Utamané kanggo spiritual Indonesia. Sebab ing Indonesia utawa Nuswantara utawa mligine ing Jawa, babagan Sesembahan iku dadiné Kang Tan Kinayangapa. Kang ora bisa dipepadhakaké nganggo apa waé. Ora gaduk pikiran lan rasané manungsa. Ning bisa dirasakaké yèn nganggo 'spiritual explanation' kang saben manungsa duwé cipta lan rasané dhéwé-dhéwé.

Embuh bener embuh luput pangéntha-énthaku iki, sejatiné aku mung kepengin manawa babagan Kasunyatan (Supernatural Truth) iku mbok yo ora kanggo guyon. Samubarang kalir kang yèn dumunung ing wong liya dadi sesembahan, dadi Dzat Kang Maha Kuwasa, dadi Dzat kang Rahman klawan Rahim, mbok ya ora kanggo gojègan. Dimèn tambah tentrem urip bebarengan ing bebrayan agung iki...

Nuwun

SOeL, 24 Mei 2008









Tidak ada komentar: