Bar wae OPP rampung ndadak entuk telepon yen arep ana sing perlu keringet tawon 3 botol. Manggone nang Jl Raya Bangbarung No. 22 Bogor... yaaa tak angkati, apa maneh cedhak ambek warung Ayam Geprek Istimewa. Nang dalan onok sing telepon maneh, perlu PROPOLIS 4 dus.... wis-wis kepayon tenan iki.
Bar ngono weteng krasa luwe.... mula njut nang warung Ayam Geprek mau. Ning ya pancen laris, tekan warung kebak. Kepeksa ngenteni kaya kere tenan. Luwe, brukut jaketan, ndadak arep udut wae rokoke entek.... ha ha ha ha haaa...
Nah akhire oleh giliran. Terus pesen cak cek. Kabeh tak pesen kanggo digawa mulih. Ayam 6 porsi, tahu susur 1 porsi, tempe kemul 1 porsi, tambah trancam lan ca kangkung. Total jendral dadi rong wadhah.
Nah Wadhae iku lho sing nyeni. Blas ra nganggo bahan gaweyan pabrik. Kanggo "BOX" malah arupa besek. Koper bambu... he he he he.. lha ambarane godhong gedhang. Wisss serba organis pokokmen. Terus dietung jebule mik entek Rp 68,000. Lho nem porsi kok mik sak mono? Lak kira-kira sak wong entek Rp 11,000 tah?
Ngono lho kok akeh sing seneng nyugihna wong sugih. Misale tuku iwak pitik goreng yen ra nang KFC ya CFC utawa McDonald. Tahu lho aku mik ngajak anak situk... tuku nang warung-warung siap saji mau entek Rp 125,000. Lha iki wong 6 gak nganti satus ewu...
Wis jian opo maneh segane saka BERAS SAE.. sing ambune wangi kaya ROJO LELE.... weee ya kepeksa Telap Telep Telas Kathah maneh aku.. bar ngono aku isih nggawa cangkingan saka warung mau yaiku BANDREK BOGOR lan JAHE MERAH INSTAN. Iki yo ngono bungkuse nganggo kertas semen, taline gedebog garing.... serba organis maneh... Rasa bandreke jian nyamleng tenan yen dicampur KOPI tubruk cap WARTIN (Warung Tinggi).
Suk wis tak tulis NGOPI JAHE sarwo MURAH...[nuhun]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar