[Gae kenang-kenangan nalika Pemilu Langsung Presiden sing Pertama - 2004]
Nonton pengumuman penghitungan suara nang koran, Mat Pithi, Kliwir, apadene Saropah cengingisan. Sebab calon sing dipilih kalah. Wong telu iku pancen milih Megawati.
Alesane Mat Pithi, sih jelas. "Biyen nalika isih 5 pasang calon wae milih Megawati kok, apa maneh mung kari rong pasang, gek gambare Megawati katut maneh..."
Alesane Kliwir rada mengsle. "Bu Mega iku rak mung pejabat presiden tah, sing 3.5 tahun wingi. Lha wong biyen dadine presiden rak merga siasate Sidang Istimewa MPR, sing di pandegani dening Pak Amien Rais sak wise pertemuan sembilan fraksi MPR/DPR, minus PKB tapi pakai PKB-Matori... Kamangka harak partaine Bu Mega iku pemenang pemilu 1999, eeee kok dadi kalah ambek calon sing saka non-partai.... Dipecundangi Poros Tengah. Mulane ben bisa bener-bener dadi presiden, aku milih Megawati, melok Bapak...."
Nek Ning Saropah, ya beteke mik siji iku calon presiden wanita, jarene mesisan gae "ngeprek"-na fatwa-fatwa sing jare presiden wanita iku haram. Malah bener haram, gak onok sing wani mangan... nek halal lak cepet entek".
Wis, iki alesan sing paling trondolo. Sangat bias gender jarene para ngelmuwan lan pengamat. Wong nang pikirane Saropah ki ya mik sederhana. Turna "gender" iku uga dudu perabot dan perlengkapan negara dan pemerintahan... Ya mung wae Sebagai rakyat biasa, wayahe kampanye ya nonton. Wayahe didaftar dadi pemilih... ya ndaftar.
Wayahe coblosan kon milih presiden, tur wis dicepaki pilihan loro, ya kari nyoblos salah siji. Pokok, jarene Saropah, negara iku pantese ya duwe presiden utawa raja. Lha gandeng negarane Saropah iku Republik ya wis, kudu duwe presiden.
Nah nek ngene iki mbuh merga wis entuk pendidikan politik saka para elite utawa mik mikir dhewe ya ra cetha. Sing baku keluarga Mat Pithi wis kaleksanan milih presiden langsung sing sepisanan iki sak jok Indonesia merdeka. Sakdurunge Merdeka?
Ya durung pernah, wong Indonesia ya durung ana. Sing ana lagi Kasunanan Surokarto, Kasultanan Ngayogyokarto, Kasepuhan, Kanoman, Banten nek nang Jawa nek liyane ya sak bajeg. Mulai ana bribik-bribik ya nalika tahun 1928, sasi Oktober, tanggal 28. Weeeh, sedilut engkas peringatan ya? Ning iku wae isih sering diwaca INDISCHE lho, ben ora ditabok bedil ambek kopral londo.
Ning kocapa bareng Klowor mulih malah nggeguyu kabeh wong sak omah. "Huuuu.... wong ki nek idiot, gebleg, goblog mesthi ya milih sing sejenis. Milih sing jarene wong-wong ya goblog. Mulane kalah kabeh pilihanmu, Wir, Mak, Pak... qe-qe-qe.."
"Lho, kurang ajar koen, Wor! Bapakmu iki mbok arani goblog? Kuwalat koen Cung!"
"Iya ki Kang Klowor ki jian ra sopan blas. Lha apa Kang Klowor milih SBY? Sing jare bar lulus doktor IPB iku.... ngono ya?"
"Sing milih SBY ki ya sapa? Calonku lak wis gak katut tah Wir. Calonku biyen nek gak Pak Amien lak Pak Wiranto, ngono... gae apa milih SBY sing wakile malah ketua KPPSI komite apa iku sing mburine Penegakan Syariah Islam iku lho... sing lasykare jeneng Jundullah, sing panglimane Agus Dwikarna iku lho...."
"Lho, apa dudu kuwi sing kok pengini, Le... Wor? Nek aku suwalike. Tetep milih Bu Mega, ben para kyai sing fatwa-fatwane nguawur iku mendem, ben SI iku gak nemen-nemen diterapna nang Indonesia kene..."
"Walah Maaaak... tetep ae gebleg nek milih Megawati... hahahaha....."
"Wah, jian anak situk iki, manaske ati. Lha koen sing pinter iku milih sapa se?"
"Wis tak sebutna, jagoku wis gak katut, merga wong-wong dha gak rasional. Aku golput, ngono lho.... wingi gak tak coblos, kertune muk tak lipet njut tak cemplungna kotak suara... hahahaha... gak ada yang pantas jadi presiden di negeri mayoritas muslim tapi pluralitasnya tinggi ini... ngono!"
"Weleh, hehehehe.... hihihi... kak-kak-kak... berarti sak omah iki sing paling goblog iku sampeyan, Kang. Huuu... wis golput, goblog!"
"Lho, kok bisa?"
"Sepisan sampiyan goblog, atene gak duwe pilihan nekat mara nang TPS. Ping pindone goblog, wis dicepaki pilihan mik rong kothak masing-masing isine gelungan-kupluk ambek kupluk-kembar, eee malah isih nggoleki sing gak kecantum..... ping telune.... sampiyan iku saking gobloge, surat suara sing saka kertas ae dieman-eman gak dibolongi babar blas.... hahahahaha!"
Mat Pithi + Saropah: "KLOWOR GOBLOOOOOOG"
--------------------------------------------------
Ishigaki 23 September 2004, gae pengeling-eling
Pemilu Presiden langsung sing sepisanan.
--------------------------------------------------
Sing ngersaake PROPOLIS lan MELIA BIYANG, monggo nyeklik http://kdpbiz.com/?page_id=217