Sabtu, Agustus 11, 2012

Wangine Swarga

mBah Soel (BS) muring-muring sebab, ponakane sing aran Lek Oein (LO) dumadakan tutup irung wektu BS ngomong nang cedhak raine. Olehe muring-muring iku rumangsa lagi nglakoni ibadah pasa lha kok dihina.

  • BS: Le.. kurang ajar koen. Anggepmu apa, aku omong koen tutup irung?!
  • LO: Sik tah Lek aja nesu dhisik tah. Sampeyan maeng isuk gak gosok gigi tah, sak bubare sahur utawa wektu wudlu kanggo subuhan?
  • BS: Gosok gigi mbahmu iku. Wong pasa kok gosok gigi? Batal no?
  • LO: Weh.. sing ngatur gosok gigi kanggone wong pasa iku sapa Lek?
  • BS: Pokoke iku batal, sak enggak enggake mekruh.
  • LO: Lha biyen apa kangjeng Nabi gak sikatan nek bar dhahar?
  • BS: Nek biyen lak nganggo siwak?
  • LO: O iya ding, siwakan. Lho iku lak mergane jaman biyen gurung usum sabun? Gurung onok Odol tah Peksoden. Mulane nganggo siwak. Malah nganggo ranting tanduran khusus tah Lek. Lha pitakonku, apa maeng Sampeyan siwak? Kok ambune blasss mblengeri abab Sampeyan.
  • BS: Mesthine ya uwis Le. Ning lha aku iki lak wis tuwek, dadine sistem jerohan kik ya wis ndak fit maneh. Reaksine ya ngene iki Le...
  • LO: Lha ning banget hare Lek. Ning apa ya ngene iki sing diarani wangine kesturi swarga Lek?
  • BS: Ha yo embuh. Nek miturut ngelmu kadis kan pancen ngono iku. jarene ganda ababe wong pasa iku bakal dadi wangine swarga mengkone...
  • LO: Lha iya Lek, lhanek wangine swarga ae saiki koyok ababe wong pasa, lha terus ambune nraka kaya apa?
  • BS: Huuuuu.. senthit ki. Koen iku mbok ra sah njarak terus ngapa Le?
  • LO: Lho beke malah kewalik, sing sakiki wangi-wangi reragat korupsi iku mengko dadi ambune neraka. Sing saiki gagah-gagah jumangkah mbelani agama iku mengko malah dadi slangkrahe swarga?
  • BS: mBuh Le. Wong mik arep ngrasani sing ribut-ribut ing wulan pasa wae tukmu nglarani rasane wong tuwa. Nganggo nutup irung barang...

Monggo, kanggo mbebasna napas sing ora prayoga, bisa kanthi kumur-kumur larutan PROPOLIS, sing bisa panjenengan pesen kanthi rawuh ing KDPBIZ.COM

Tidak ada komentar: