Sabtu, Agustus 04, 2012

Agamanipun Kucing Kula Napa, Kyai?

Browny wis Jenat...:-(
Kliwir (KI) ambek Klowor (KO) ngadhep ngabyantoro nang daleme Kyai Salam (KS) guru ngajine. Klowor nek ngundang Kyai Salam mesthi nganggo Ustadz utawa al-Mukarom Salam. Dene Kliwir pancet ae mik cukup Kyai utawa malah Eyang Salam.

KI: Eyang Salam, kula pikantuk matur?

KO: Ngawur wae, guru pengpengan, al-Mukarom kok mik diundang Eyang... padhakno sing nunggu sendang wae... Nggih niku Ustadz Salam, adikula Kliwir niku kok mbangeti sing Jowo.

KS: He-he-he... ya wis ben lah Wor, wong aku sing di arani ya wis legawa nrima kok. Mbalah nuwak-ke aku ta, ngundang Eyang.... Arep takon apa Wir?

KI: Lha nggih niku Yang, Kang Klowor niku kok le kami Araben. Kabeh-kabeh nganggo basa Arab.....
hehehe, mulane Aceh kae sing dikirim Gusti Allah malah wong Amerika, Cino, Jepang, Singapur, Ostrali sing Arab blas mik sithik. Pakistan wae muk udhu tenaga... Bek-beke GA khawatir nek ngirim Jibril ngalaihi salam utawa Mikail ngalaihi salam kawatir nek bisane mik bahasa Arab. Gak enthos basa liyane, lha pancen dikodratke ora entuk nganggo akal kok, Moloekat ki.... ngaten nggih Yang?

KO: Hus... kurang ajar Allah Subhanahu Wataala.... blog. Kok Gusti.... Nggih ngeten niku Ustadz, Kliwir niku agomo mesthi diothak-athik.... nganggo akal barang. Agomo niku rak nggih pun mantep to Ustadz... bun baku aturane pun enten, ngangge Syari'at al Diin... ngangge Fiqih... napa ngoten rak pun jangkep, Nggih Ustadz?

KS: Sik to Kliwir kok malah ora takon malah ngomentari Kakange? Yo bener Wor, agomo kuwi yo wis mantep wis sempurna mungguhing wong sing nuhoni. Wis ora ndadak diowahi.... ning nek nganggo akal lan nalar kuwi yo bener, wong akal ambek nalar kuwi kodrate Allah kanggo menungsa.

KI: Lho rak tenan to Kang... nggih niku Eyang sing ajenge kula aturaken. Kenging mboten migunakaken akal niku kangge agami?

KS: Lho lha nek ora entuk mesthine nang njeron al-Quran ora bakal Allah nitahake pitakonan: "Opo sira kabeh ora migunakake akalmu?" utawa dhawuhing Allah "supaya sira kabeh mikir..." utawa ayat 17 tekan 21 al-Ghaashiyaah. Menungsa dikongkon mikirake kepriye bumi di gelar, langit didhuwurake, "unta" (ana sing nyebut kuwi mendhung calon udan) diciptakake.. kepriye gunung-gunung didekake, Wor.... (Kliwir klecam-klecem, Klowor judheg gedhek-gedhek..... wah Ustadz Salam iki mesthi wis glenikan ambek Kliwir.... lho kok malah suudzan aku ya... astagfirullaaah.... Klowor njut nyebut taghfir.....)

KO: Lha ning lak wonten dhawuhing kitab yen sedayanipun niku kedah diwangsulkane teng Kitab napadene Hadits ta Ustadz, lajeng kula niki pinangka tiyang umum lak kantung samikna waathakna.... nurut miturut dhawuhing imam napa guru, napa nabi.....

KS: Lha iya... ning kuwi lak saka gurumu... lha gurumu biyen piye? Kowe rak ora ngerti? Umpamane kowe ngerti jaman cilikanku sekolah ngaji? Rak ora?
KI: Lha enggih nggih Yang. Lha lajeng Islam niku napa?

KS: Wooo, Wir nek mik maknane Islam ya pancen pasrah berserah diri.... ning jangkepe dilambari ambek Iman kanggo tumuju marang Ihsan. Sebab manungsa kuwi ginanjar kamardikan. Wenang milih ning uga wenang dipilih. Beda karo Moloekat, malah geseh maneh karo Iblis. Moloekat kinodrat sarwo becik, Iblis kinodrat elek-eleking makhluk.... ning kudu eling Iblis kuwi banget berimane ambek Allah, Wor. Lho opo memper? Wong makhluk elek-eleking elek kok malah beriman marang Allah?

KO: Lha niku rak empun dikersakaken dening Allah SWT?

KI: Lha enggih Yang.... kados umpaminipun Kucing Kula niku agaminipun napa Yang?

KS: Hehehehe.... mesthi kowe mikir nek kucing kuwi kinodrat pasrah marang ALlah to? Hehehe... ning ora diwenehi akal, mulane ya ngono kuwi carane kucing urip nglakoni darmane kucing. Nek basa arabe ya mesthi wae agamane kucingmu kae ya Islam....

KI: Wuik.... kek-kek-kek-kek... hahahaha... hehehe, lha napa nek tiyang agami mboten pikantuk ngangge akal niku njut mik sami sak derajat kalih Kucing..... heheh.

KS: Wah, ora mik kuwi Wir. Malah wong sing ora agomo kuwi bisa dibalekake marang papan kang luwih asor ketimbang muk sekedar kucing.... gatekna surat at-Tiin kae... malah sing dibalekake nang kono kuwi wong-wong beriman ambek beramal sholeh lho Wir.

Klowor mendelong.... kaget trataban terus nyungkemi Kyai Salam, terus njaluk ngapura marang Kliwir sing sering digoblog-goblogne... aja sampek dheweke diupatani Kliwir mik kaya KUCING.

-mbogor, 26 Januari 2005


Sing pengin bisnis MLM top markotop, monggo nyeklik: www.kdpbiz.com/?page_id=217



Tidak ada komentar: