"Pak, sampeyan pancene pinter kok Pak, milih Simak?"
Mat Pithi bombong, Saropah mbabrak raine.
"Lho, opoko koen iku, Cung. Bayi ngurusi Pake sing milih Make?"
"Nek tak pikir-pikir sak kampung kene tambah kampung kono, kana, kana kae...ibuk-ibuk sing sak umuran Simak iku, mik Simak sing paling semok"
Saropah kudu ngguyu ambek alok: "Woooo, cah ra urus. Ketularan Pakmu yo? Bayi ngerti-ngertine 'semok'"
"Lho tenan kok, Mak. Mbangane mBokdhe Kimpong kae mbalah kelemon, njut Bu Carik kae masiya resikan ning lak keriput... hehehe!"
"Husssy... malah ngrasani wong liyo... lho njut yok opo? Ngerti tah Pakmu iki pinter milih gendhakan... hehehe..."
"Lha iyo, ning aku iki bingung malah nang Simak....!"
"Weee.... bocah kurang ajar, malah mbingungake Make... njut bingungmu nang endine?"
"Anu, Mak.... kok biyen Simak iku gelem ambek Bapak, ngono lho.....!"
Saropah/Mat Pithi: "Haaaaa? Semprul...!"
(Kliwir cepet-cepet mlayu metu ambek nyekakak.... weruh Pake ambek Make ngethungi sandal!)
mBah Soeloyo
Monggo lho sing kepareng arep mundhut Herbal Top Markotop: PROPOLIS lan MELIA BIYANG dak aturi rawuh ing www.kdpbiz.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar