Senin, Agustus 13, 2012

150 Abad Kepungkur


http://archivirtual.blogspot.com/2011/05/misteri-relief-candi-cetho-sukuh-dan.html

Begja kemayangan, ing sawijinging dina aku diundang ambek Pakdhe Bagiono melu teka ing "Diskusi Panel Budaya Bangsa Bahari" ing Libra Ballroom, Jakarta Executive Club, Sultan Hotel.
Lha lucune, sakdurunge aku entuk SMS undangan saka Pak Bag, kok ya aku iki mentas wae tuku buku "Kakawin Desa Warnnana Uthawi Nagara Krtagama" anggitane Prof. I Ketut Riana. Pas maca konsep NUSANTARA-ne Ki Patih Gajah Mada, eee onok SMS saka Pak Bag undangan iku. Mamula ya langsung wae tak iyani. 
Nah dina wingine, aku nang Gramedia ing Botani Square Bogor, klintong-klintong nemu buku judule: "Kerajaan-kerajaan Awal Kepulauan Indonesia dan Semenanjung Malaysia". Aha, isine akeh sing cocok, ning kudune diwalik. Sebab sing nulis priyayi Prancis, Paul Michel MUNOZ, kang mesthine pikirane utawa mind-set-é isih wong Lor, wong Eropa, kang wis kawit cilik nganggep nek asal-usule budaya iku saka Lor. Bangsa Nusantara kalebu Wong Jowo, jarene wong neneka saka Lor. Saka Vietnam apa piye ngono sing mangidul lewat Taiwan, Filipina, Sulawesi, Lombok, Bali, Jawa. Njut onok sing mengalor tekan Sumantrah utawa bablas mangulon tekan Afrika Timur. 
Nek miturut nalarku kudu diwalik. Dudu wong Jowo sing neneka saka Lor, ning Jowo sing nyebar nang endi-endi papan, terus kawin-mawin nang papan-papan mau dadi pirang-pirang suku bangsa sing onok empere ning akeh gesehe, utamane ing babagan bahasa. 
Lha saka para penyaji makalah (nara sumber) sing awan-e sesorah, ketoke mik makalahe Mas Radar Panca Dahana sing koyo-koyo memper karo sing dak entha-entha. Malah Mas Radar ngendika: "Kudu wani ngrombak kabeh sejarah dunia ngenani Nusantara".... Sebab sing dirembug dudu sejarah Nusantara 15 abad kepungkur ning 150 abad kepungkur. Ning yo iku, durung oleh bukti, sebab Mas Radar ora nulis 'sumber' pustakane. Utawa bukti-bukti kongkrit. 
Lha bar mangan, Mas Agung saka Yayasan Turonggo Seto, malah nganeh-anehi, nontonake foto-foto gambar relief candi Cetho ing Karanganyar. Ngendikane Mas Agung, "Sekitar 25000 sampai 17000 tahun yang lalu, bangsa Indonesia menguasai 2/3 dunia. Relief candi menunjukkan bahwa nenek moyang Indonesia
berhasil menundukkan bangsa-2 di Amerika Tengah, Sumeria, Cina, Eropa dan Afrika..." 
Weleh-weleh, sak mungguhna bener pangendikane Mas Agung, kudune Wong Jowo iki nate duwe kabudayan lan peradaban kang ngedap-edapi.. mik kari nggoleki carane nenek moyang Jowo mau bisa tekan endi-endi, numpak opo?  Sakliyane iku, Mas Agung uga ngendika yen kraton-kraton kang kasebut ing Babad Tanah Jawi, kaya ta: 'Giling Wesi', 'Medang Kamulan', 'Purwa Carita' ing tanah Jowo iki ora mik 'mitologi' ning bener-bener nate ono. Malah jare negara-negara ing pewayangan, kaya ta Hastina Pura, Magada, lan liya-liyane iku papan asline ya ing Nusantara utamane Jowo kene....
Ah, sak mungguhna bener.... artine sak suwene 100 abad iki, Nusantara bener-bener kepaten OBOR... malah saiki, malik dadi bangsa kang 'asor banget' merga kekungkung dening 'opo jare'... he he he he. Jarene wong Eropa, wong Jowo iku asale soko Cino Kidul, jarene Wong Eropa iku, wong Jowo diajadi agomo Hindu dening Resi Agastya... jarene, jarene, jarene.... ah embuh lah... 

Ki Denggleng Pagelaran
0819-31101719
Monggo sing ngersaake HERBAL TOP MARKOTOP, PROPOLIS lan MELIA BIYANG, dak aturi ORDER nang http://www.kdpbiz.com/?page_id=217. Formulir Pendaftaran biso diundunh nang KENE.

Tidak ada komentar: