![]() |
Gamelan ing Relief Borobudur |
Ono sawêtoro sing ngarani yèn gamêlan Jowo iku entuke amargo nggabung-nggabungake alat-alat musik maneko warno. Saka Arab, India, Cino lan liya-liyane. Ning aku malah khawatir yèn têrus kewalik. Kewalike, malah ndhudhah karawitan dadi sêni pêthilan. Ya iku têrus ono konsèr rêbab, konsèr gambang, konsèr kêndhang... malah têrus konsèr gong.... hehehe.
Sabab ngene, aku duwe pênêmu sing nylênèh ngênani gamêlan. Koyo sing wis nate daktulis nang milis jowo, yèn gamêlan iku 'variasine' nglumpuk nang Jowo gagrag mataraman (Jôgja-sôlô). Jarene para ahli gamêlan, yèn komplit sak pangkon (slendro-pelog) nganti sing riwil-riwil, koyo to 'kôcrèk' lan 'slômprèt' (sing nang reog Ponorogo kae) gunggunge piranti gamêlan iku ôra kurang soko 75 jinis. Nèk lêngkap karô sing nabuh lan sing uro-uro utowo sindhèn jangkêp, jare kudu diayahi ambèk sithik-sithike wong 125. Lha iki gèsèh bangêt yèn dibanding jinise kêsênian musical liyane.
![]() |
Orkestra Eropa |
Musik klasik Erôpa pancèn biso atusan jumlah pêmaine, ning sing dicêkêl pêrsasat akèh sing podho. Biôla wiwit sing cilik nganti sing selo... kabèh digèsèk. Slômprèt wiwit klarinèt nganti sing guêdhii kae prinsipe yo podo, disêbul. Ning nèk gamêlan, akèh bangêt jinise, arêpa yo akèh sing mèmpêr coro ngunèkake, sarono dithuthuk (pèrcusi).
Lha ing kene aku duwe pênêmu ngene isok lôrô-lôrône mlaku lan pêrlu panaliti sing imbang:
- gamêlan ku mujudake 'gabungan' maneko warno jinis alat musik.
- gamêlan malah dadi sumbêre alat-alat musik.
![]() |
Alat Musik SEBULAN |
Pênêmu lôrô-lôrône iku tansah gawe bingung awakku dhewe. Pênêmu sing ongko lôrô mau sênajan ôra langsung wis daktulis grambyangan mbandhingake 'kemampuan' gamêlan mataraman kanggô gêndhing gagrag Parahiyangan nganti Bali, ning ôra biso suwalike. Ditambah manèh kanyatan sing saiki ono. Ing tlatah Vietnam ono piranti musik (mbuh jênênge aku lali), wujude koyo rêbab, mung 'wêtênge' cilik, mik koyo umplung wadah susu-mèlek. Wis mik nganggo alat siji iku njut dadi sêni musik Vietnam. Ning ing Cino alat siji iku dipadu ambèk piranti sing wujude koyo gitar ning kawate akèh koyo sitêr (sitêr iku jare soko India), têrus dicampuri piranti sing mèmpêr siter ning diunèkake sarana dithuthuk nganggo wilahan pring (sodo), dadi musik mandharin. Nèk digatèkake gamêlan ki kok nang tlatah liyane anane mik pêthil-pêthil.
Côntô manèh ing Korea ono piranti wujude koyo 'kêmpul', bônang lan kêthuk, ning thuthuke atos kabèh, dadi mik cêmêngkling unine kanggo ngiringi 'barongan' Korea.
![]() |
Maneka Warna Gamelan |
Ôra adoh-adoh ing tlatah Minang têkan Batak, mung kômanan piranti mèmpêr bônang. Sing nang tlatah Palembang ugo mèmpôr ning luwih lêngkap ono sing mèmpêr saron. Sing rodo lêngkap iku ing Dayak (utamane Banjar), jare biyèn sing nggowo dulure Patih Logêndèr sing Adipati Banjarmasin. Lha ono manèh sing mèmpêr jowo nganti têkan tarianne, yoiku ing Kamboja lan Thailand. Jian jôgètane lênthuk-lênthuk koyo bêdhoyo kae, ning iringane mèmpêr têtêmbangan Bali. Cêmêngkling gamêlane lan dhuwur njêngik pesindhène, rodok ôra cetha....
Iki ndhukung pênêmu nomor lôrô, sing unine, "Gamêlan iku asal-usule piranti musik ing Asia Kidul Wetan lan Asia Wetan." Ning sekaligus ndukung penemu ongko siji, sing unine, "Gamelan iku gabungan maneka warno alat musik lan sêni musik sing wis dijawakake." Contone jare rêbab iku asale soko boso Arab, sitêr soko dening 'sitar' (saka India, alat musike dewo Naradha), kêndang iku sing mèmpêr Jowo sak dônya mung kêndhange wong Burma têkan Bangladesh, ditabuh bongkot-pucuke. Dene kendhang sing saka India, ditabuh mik sêsisih, tur bêntuke nyêmpluk-nyêmpluk.
Nèk nuhoni pênêmu sing ongko siji iku janjane muni... "Budhoyo Jowo jaman biyèn nganti ngrakit gamêlan (karawitan) sing pênting biso ngganti 'thuthuk' sing sarwo atos dadi lêmbut lan unine ulêm, sêjatine iku 'puncake' sêni musik. Njut biyèn dadi sêni 'ndeso' iki malah hebat bangêt. Sabab ing budhoyo liyane, biasane sêni iku mik kanggô wong-wong bangsawan utowo para pênguluning agomo. Dene gamêlan bisa warata ing deso-deso koyo ing Bali (umpamane, lan aku duwe penemu ing jaman Majapahit mêsthi ing Jowo yo ngono iku.... gamêlan kanggo sarana manêmbah ing kutha nganti deso-deso, yèn nggatèkake rumus-rumusing têmbang lan gêndhing kang mujudake 'mantra'), artine janjane gamêlan wis dadi 'sukmane' budhoyo Jowo.
![]() |
Karawitan Rodo Kumplit, nganggo sinden loro |
Mulo yèn aku entuk usul ngônô, balèkno manèh pêlajaran boso Jowo ing pendidikan formal ning ojo di-biji koyo pelajaran matematika. Têgêse, pêrangkat budhoyo Jowo bali dadi pêrangkate 'pendidikan' dasar lan menengah. Yèn saben-saben sekolah dasar tumekane SMU duwe sak prangkat Gamêlan ngônô wae... dakkira bakal môncèr seni gamêlan iku. Lha wong dhasare jiwane wong Jowo iku wis ngejowantah dadi gamêlan kok... Iki yo pênêmu lhô... bênêr-lupute yo sumonggo.
Sing ngersaake Suplemen Top Markotop: PROPOLIS lan MELIA BIYANG dak aturi order liwat www.kdpbiz.com/?page-id=217
Tidak ada komentar:
Posting Komentar