Tampilkan postingan dengan label Jepang. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Jepang. Tampilkan semua postingan

Sabtu, Juni 18, 2016

TOMOKO



Lagu iki,
aku kepengin amung kanggo sliramu
Lagu iki,
aku kepengin amung sliramu sing ngrungu

Lelayaran ing segara iki,
Mung nggon ku kepengin
Ketemu Sliramu ing wanci kang trep
Kanggo bebarengan lelagon lagu iki
Lagu asmara antarane aku lan sliramu

Tomoko... Tomoko..
ing ngarepku mung nggejejer
Pusaramu kang wus
Telung musim gugur kepungkur....
Tomoko.....

Lagu kang mligi tinulis
tumuju kanggo Sliramu iki
lagu kang nyandra kita sak kloron
ewa semono,
Sliramu saiki tan jumeneng
mula,
lagu iki lagu katresnan kang
kasep tinulis...

Tomoko,
katresnan iki,
mung karo Sliramu kepengin
tak ipuk-ipuk, rinabuk rasa-sih
dada iki, paribasane,
mung cumawis kanggo Sliramu
yen ta kepengin andhedhepe
ngenam rasa mulya.
lagu iki,
tak anggit kanggo gantine
sesupe kang wus nate tinagih.
ewa semono, Tomoko...
geneya Sliramu ndhisiki laku,
geneya Sliramu ninggalake aku
telung tahun kepungkur
kaya-kaya mung wingenane...

Tomoko... paran wartamu ?

 (Yoshi Ikuzo)

jolali nyeklik http://herbal-top.blogspot.com  mbok manowo diperloake.
 

Jumat, Juni 17, 2016

2448Re: [JAWA] Crita jroning Crito, oleh-oleh saka Banisrail

Salam taklim,

Udakara setahun kepungkur aku diuman-umani ambek netter saka Jepang: "Kenapa anda-anda lebih suka nonton momotaro-matsuri dibanding berkunjung ke Mesjid Kobe? Mengapa saudara-saudara lebih hafal huruf kanji dibanding ayat Qur'an? 

Apakah demikian itu sudah cukup buat perjalanan spiritual kita? Tahukah saudara-saudara apa yang tertulis di Mesjid Kobe itu? Siapa penulisnya? Siapa yang telah menyumbang untuk membangunnya?"... dst-dst... (ning ya mesthi wae ora pleg ngono, wong posting setahun kepungkur kok.)

Bakune penjenengane netter mau kepengin crita nek dhekne wis rumangsa nglakoni perjalanan spiritual nganggo sarana mlebu lan sembahyang nang Mesjid Kobe (sing paling gedhe ngguk Jepang beke). Lha ya dhasare Soeloyo, nek ora mbales posting ngono-ngono iku ora lega. Aku mbales nganggo crita:

"Perjalanan spiritual saya tidak punya terminal. Tidak punya tujuan fisik, karena sekarang saya sedang menempuh perjalanan di dunia mikroskopis. Saya sedang terkagum-kagum dan terpana dengan satu contoh proses penciptaan makhluk hidup. Proses terbentuknya sebutir biji anggur.

Biji anggur berasal dari 1 sel telur yang waktu masak, ratusan (bahkan ribuan) tepung sari tumbuh menjulur menuju ke padanya. Satu berhasil bertemu, yang lainnya berhenti bersaing, meluruh menyumbangkan kandungan jasadnya kepada si calon biji. Saya membayangkan yang terjadi pada manusia. Bukankah ini suatu perjalanan spiritual yang tak berujung? Karena telah membawa arah saya menuju asal-muasal saya.

Terjadinya saya bukankah suatu takdir? Coba seandainya dulu yang bergabung dengan sel telur separuh jasad saya bukan sel sperma yang membentuk separuh jasad saya, apakah akan ada saya? Maka, dalam perjalanan spiritual saya, lebih banyak membaca alam atau jejak-jejak keberadaan pencipta saya.

Di daerah Okayama Timur ada tempat bernama SHOUJA (tempat kumpulan peribadahan kepada Kami-sama). Di situ ada bukit kecil dengan kuil di puncaknya. Kuil itu berundakan batu hitam yang berat. Saya berfikir, "betapa orang jepang jaman dulu berusaha untuk mendekat kepada sesembahannya". Hal itu membawaku ingat keberadaan candi Borobudur, Prambanan, dan Dieng. betapa usaha para tetua orang jawa dulu dalam rangka mendekat kepada sesembahannya. Dan masih terang dalam ingatan saya kerika berkemah di tepi telaga Sarangan. Di salah satu sisi bukitnya ada mesjid kecil dengan air pancuran jernih untuk bersuci.

Di kala pagi, terdengar suara azan subuh yang bernada mirip tembang dhandhang-gula. Jemaah bersusah payah mencapainya karena kabut tebal selalu menyelimuti jalan menuju ke mesjid mungil (dulu bercat hijau). Hal ini membawa kenangan lebih dalam kepada jema-at Gereja Maria Asumpta, Klaten, yang menggubah pepujiannya dalam bentuk Gendhing Karawitan... Yang khusus ditujukan untuk para jema-at yang kurang faham dengan bahasa Indonesia lagu-lagu bercorak eropa. Sama hanya dengan acara Nglaras Madya dari RSPD Kab. Klaten tempo dulu, menggubah syair-syair samrah dan hadrah dalam tembang tembang Mocopat. Menjadi acara siraman rohani pendengar radio di pedesaan setiap malam Jum'at. (sekarang tidak ada lagi, sayang!).

Itulah contoh perjalanan spititual saya, kalau boleh diartikan perjalanan spiritual. Yang jelas saya tidak akan menyesal, seandainya jalan yang saya tempuh adalah keliru. Toh saya sudah mencoba dan sebagian menjalaninya dalam usaha mendekatkan diri kepada Pemilik semua jiwa atau spirit."

Weleh.... gayane. koyok yak-yako ae.. hehehee..

Salam,


mBah Soelojo [Sep 7, 2000]

2444 ARIGATOU


Doumo, arigatou gozaimasu, ngono nek wong Jepang ngaturake panuwun ambek mbungkuk-mbungkuk. Sing diaturi yo melu mbungkuk-mbungkuk nyebut "iie...iie.. kochira koso...." (nggak.. nggak mik ngono ae lho....) he he he.. iki mbuh pener mbuh ora ra ngerti aku.

Terjemahanne arigatou iku nang kamus-kamus ya muk "terima kasih" "thanks" lsp. ning bareng tak delok-delok nang aksara kanji, lho iku saka tembung ari (maujud) gatou (angel) terus apa hubunganne, kok arigatou kanggo nelakake panuwun?

Lho ngene iki dayaning basa lan budaya. Jarene tembung iku ngemu surasa: "wah panjenengan sampun ngawontenake wewujudan/kedadeyan ingkang langka sanget kedadosanipun. ewa semanten kok inggih panjenengan paringaken dumateng badan kula.. saestu kula ngaturaken panuwun" (doumo arigatou gozaimasu)

Mula memper terus dijawab: "alaah mik abrag ngono ae kok olehe nganggep sing dhakik-dhakik.... ra sah dipikir ae wis..." (iie, iie... kochira koso...)

Dadine loro-lorone adu asor! sing matur nuwun ngumbulake paweweh sing ditampa, sing dimatur-nuwuni, nelakake nek sing dinehna barang ora mingsra.... sinambi bungkuk-bungkukan, ketok olehe adu jero nggone mbungkuk. (nek sing lagi weruh pisanan, kudu ngguyu, wong Jepang iku kok koyok manuk bethet nek lagi manggut-manggut kae ya...)

Nuwun, eh.... arigatou gozaimasu.... awit saka kabeh paring pamuji lan pandonga kanggo awakku....

mBah Soeloyo [Aug 31, 2000]
----

(mbaleni sinau basa njipun, ben ora lali...)