Tampilkan postingan dengan label mBah Soeloyo. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label mBah Soeloyo. Tampilkan semua postingan

Sabtu, Juni 18, 2016

2545 Mangan nang Jepang: Go chisou sama...




Pertama aku diajak mangan ambek penjemput nang Tokyo, wuik... binguneee.... mosok mangan kok nganggo cuthik? Nyekel cuthik gak mapan-mapan malah kemeng kabyieh ngguk driji, wis ngono njupuk mie (udon) lunyuneee gak ilok. Bar ngono kok yo tegel-tegele warungan Jepang iku, mergane terus metu hidangan serba TAHU. Tambah wiss... gak tak pangan.. lha nyuthike yok opo? Untung ae penjemput dong, aku dijupukna sendok ambek garpu... amaaan.. amaan...

Sak durunge mangan kathik muni "Itadakimaaaassu" lho ditadahi tah? Melok wisss...“Itadakimaaasssu"

Bar mangan onok maneh manterane: "Go chisou samaaaa" ambek nlangkupna tangan nang ngarep dhadha... ah... melok pisan... wong gak dong... "Go chiso-samaaaaa".

Kok dilalah, wis entuk setahun setengah, onok ae kejadian gak sengaja. Aku dinehi koran arek SD, onok artikel "Go chisou Sama" (hiragana). Sing  nerangna sejarahe itadakimasu ambek gochisousama iku.

Wiwitane, itadakimasu iku nyunggi utawa mundhi barang sing diwenehna ambek kaisar, raja, ratu, juragan lsp. Suwe-suwe kalebu dadi pangucapan rasa syukur  marang Gusti kang dipercaya maringi berkah. Berkah mau kalebu paring pangan. Mulane nek neng acara mangan utawa mangan saben dina nang keluarga, terus tuwuh kebiasaan ngono iku. Dianggep bisa mangan iku merga entuk berkahing Gusti. Mulane nek wis dimanggakna ambek sing nyuguh (kalebu nraktir) utawa arek-arek pas mangan bareng wis dikongkon ambek bapake tah emake "wis gek dang dipangan, cung!" ngono terus nlangkupake tangan nang ngarep dhadha ambek ngucap "ITADAKIMAAASU".

Lha saiki kenapa nek wis bar mangan terus ngucap GOCHISOU SAMA? Kamangka nek ditulis nganggo kanji, GOCHI (wong numpak jaran) ambek SOU (hashiru utawa mlayu) ketambahan SAMA (iki sebutan kanggo ngurmati wong sing wis berjasa, lebih tuwek utawa sebutan kanggo Gusti (Kami SAMA).

Jarene sejarahe ngene. Wektu jaman kuna makuna nek wong mendayoh nang kampung iku sing duwe omah racak-racak kepengin menjamu tamune, elek-eleke golek iwak gedhene tuku daging nang kutha. Mulane perlu numpak jaran sing mlayu banter. Numpak jaran mlayu banter nang kutha mik perlu tuku bahan masakan kanggo nyuguh tamune. Mulane bareng wis mangan tamune nyebut "Wah matur nuwun, ‘Ki Raka’ mpun keraya-raya ‘nitih kuda’ dateng kitha tumbas bahan tedha kangge nyegah kula, maturnuwun, maturnuwuuun”... ben ringkes mik dijupuk "Ki Raka nitih kuda" utawa Gochisou Sama.

Ngono jarene koran SD maeng..... nek cara Jawa piye ya? "Nuwun sewu lhe unjukanipun kendelan kewala, ijen tanpa rowang" (alias mik ngombean thok). Dijawab ambek tamune: "Wah sampun...  maturnuwun, matur nuwun" (sambil ngrasani.... wong kok cethileeeeee...q q q q q)

mBah Soelojo [Sep 21, 2000]

THUYULE KLIWIR NGILANG

Kliwir ancene ndregil.
Ing dina Senin, Kliwir matur nang Bu Guru, jare kepengin nang toilet (WC). Wong esuke sarapan sega pecel pedhese eram. Bar ngebom nang WC, ndadak banyune gak onok. Kate golek kertas tissue WC? yo gak jamanne rek wong sekolah ngguk SD nginpres. Mangkane bekas be'ol mik dilap nganggo tangan kiwa terus tangan mau nggegem thok.
Kliwir mlebu nang ruang kelas. Didangu ambek Bu Guru,
"Wir, kowe nggegem opo cah bagus?"
"Thuyul, Bu.."
"Thuyul, mbok aku ndelok, wong durung tahu weruh ki?"
"Ampun, Bu. Nek gegeman dibukak, thuyule kaget terus mlayu ngilang...."
Terus ae Kliwir nggegem. Nganti mulih liwat nang ngarepe kantor kepala sekolah ditakoni: "Wir, opo sing tok gegem?"
"Thuyul Pak... nek dibukak mengke mlayu ilang, ajeng kula beta mantuk kok Pak, damel pesugihan" (lho lak encer tah uteke Kliwir iki..... kepengin sugih)
Tekan ngomah, Kliwir ditakoni ambek emake: "Lho, Wir, teka saka sekolah kok tanganmu nyekethem, nggegem opo?"
"Thuyul, Mak.. nek dibukak saiki, thuyule mlayu ilang...."
Terakhir bapake, Mat Pithi, melok penasaran.
"Mosok iyo Wir... kowe nangkep Thuyul?"
"Iya Pak, ning thuyule pesen ojok dibukak saiki, mengko wae nek wis peteng..."
Dasar Mat Pithi diomongi ngono tambah penasaran, kepengin weruh thuyul.... terus Kliwir dipeksa kon mbukak tangan kiwane....
Ambek memblik-memblik, Kliwir mbukak gegeman:
"Lhoooo, Pak.... dibukak, thuyule ilang, malah ninggali e'ek.... huhuhuuuuuu....."
(wuik.... ultah RI rek gae THUYUL-KELEN)
Okayama, 17 Agustus 2000
mBah Soeloyo
Jolali nyeklik bisnis top markotop  gae kesehatan panjenengan kabeh..

Jumat, Juni 17, 2016

2444 ARIGATOU


Doumo, arigatou gozaimasu, ngono nek wong Jepang ngaturake panuwun ambek mbungkuk-mbungkuk. Sing diaturi yo melu mbungkuk-mbungkuk nyebut "iie...iie.. kochira koso...." (nggak.. nggak mik ngono ae lho....) he he he.. iki mbuh pener mbuh ora ra ngerti aku.

Terjemahanne arigatou iku nang kamus-kamus ya muk "terima kasih" "thanks" lsp. ning bareng tak delok-delok nang aksara kanji, lho iku saka tembung ari (maujud) gatou (angel) terus apa hubunganne, kok arigatou kanggo nelakake panuwun?

Lho ngene iki dayaning basa lan budaya. Jarene tembung iku ngemu surasa: "wah panjenengan sampun ngawontenake wewujudan/kedadeyan ingkang langka sanget kedadosanipun. ewa semanten kok inggih panjenengan paringaken dumateng badan kula.. saestu kula ngaturaken panuwun" (doumo arigatou gozaimasu)

Mula memper terus dijawab: "alaah mik abrag ngono ae kok olehe nganggep sing dhakik-dhakik.... ra sah dipikir ae wis..." (iie, iie... kochira koso...)

Dadine loro-lorone adu asor! sing matur nuwun ngumbulake paweweh sing ditampa, sing dimatur-nuwuni, nelakake nek sing dinehna barang ora mingsra.... sinambi bungkuk-bungkukan, ketok olehe adu jero nggone mbungkuk. (nek sing lagi weruh pisanan, kudu ngguyu, wong Jepang iku kok koyok manuk bethet nek lagi manggut-manggut kae ya...)

Nuwun, eh.... arigatou gozaimasu.... awit saka kabeh paring pamuji lan pandonga kanggo awakku....

mBah Soeloyo [Aug 31, 2000]
----

(mbaleni sinau basa njipun, ben ora lali...)

2497 Yoshiko...


Ing antarane kanca-kanca, mung kowe Yoshiko sing gati, grapyak lan semanak marang aku, minangka wong asing ing laboratorium iki. Senajan kowe ora ngerti basa Indonesia lan basa Jawa, ewasemono, kowe tetep ndhedhes aku ing endi alamat HP WOJOSETO, sing isine mung crita-crita basa jawa tur ngawur. "Subarashiiii....tte Soeloyo-san no homu-peji, waaa" ngono sakwise kowe kasil akses dhewe HP iku.

Yoshiko, kenapa Kowe wingenane uga ndhedhes aku takon "Soel, nani wo mitteru no?" (Soel, lagi nontok apa?). Kamangka aku banget nyimpen alamat surat kabar simpatisan saka Indonesia iku. Kenapa Kowe nekat meksa kepengin weruh?

Yoshiko, apuranen aku, dene kowe terus mbengok meh semaput bareng weruh wong-wong mudha bangsaku, bangsa Indonesia, kanthi gumagah malang kadak nyengkiwing sirah kan tanpa gembung. Kedadyan mangkono iku, miturut Guru Hirano, uga nate ana ing bangsamu, duk nalika 5 abad kepungkur... Nalika dalan pedhang lan BUSHIDO isih dadi sesanggeman lan paugeran....

Yoshiko, apa bangsaku iki kalebu mandheg sak suwene 5 abad katanding bangsamu? Kamangka tahun ngarep, jaman wis ngancik ewonan tahun kang kaping 3.. Apa bener bangsaku isih mandeg nang DALAN PEDANG lan BUSHIDO ning kalebu carane NINJITSU kang sarwa apus-apus lan akal-akalan....

Yoshiko... apuranen aku lan bangsaku... wis gawe miris lan "gilo" mu....

(kenangan peristiwa SAMBAS ambek HAYASHI Yoshiko
kanggo nanggepi postinge Cak Setan Gundhul "BOM-SP3")


mBah Soelojo [Sep 16, 2000]