Minggu, Oktober 12, 2008

Tan Keno Kinoyongoppo


Jan-jané ki sing dho dirembug iku lhô juk opoooo ngônô lhô? Mamulo wong Jowo iku jan-jané yo kaum AGNOSTIK sing pualing jempolan… ha ha ha ha… nganggô wewaton:
“Kang Tan Kinoyongopo” iku. Tanpo pepindhan kanggoné sing dianggep GUSTI.

Mulo jaman gemiyèn nèk arep nyembah yo gandhèng gak eruh sing disembah iku kepiya-kepiyé-né, terus nganggô montro-sworo. Nganggô gamelan… njut tari-tarian, uro-uro, kidungan, wayangan.

Nang endi Dhèwè mapan? Yo embuh, wong gak eruh kepiya-kepiyé-né iku. Ning njut terus metu nalar-nalar sing gumathok…. jaré Kang Tan Kinoyongopo iku njut maujud nang piranti-piranti pepujan, lan panguoso. Mulo njut ono tetembungan:

  1. Hyang Widhi (Kang Paring Palilah marang sakabèhing TITAH)
  2. Kang Murbèng Dumadi (Kang Ngatur, Nggulowenthah, SangMaha Manajer kabèh kang pinracoyo dititahaké déning Dhèwèké).
  3. Hyang Wenang (sing puualing duwé wewenang - oleh opo waé wong yo gak eruh kepiya-kepiyé-né).
  4. Hyang Tunggal - lha tan keno kinoyongopo iku nek gak tunggal yo batal.. ha ha ha ha…
  5. Hyang Wiséso (kang paling kuwoso.. sak karep-karepé yo olèh)
  6. Hyang Wisésaning Tunggal… rangkumané kabèh mau….

Wong agnostik iku yo ngônô ikuu.. rumongso ORA GADUK nalaré yèn kudu nggagas Kan Tan Kinoyongopo mau. Njutyo wis… mik ngônô iku. Mik nalaré, wong nyambut-gawé waé onok juragané mosok jagad kang ugo nyambut gawé iki ora ono JURAGANÉ?

SOPO? Yo embuh… ra gaduk pokokmèn.

Opo Juragan mau perlu omah? Yo embuh… perlu manggon opo ôra... opo perlu ngeyup? Ngawur aé.

Opo kudu disembah? Yo embuh, tergantung pribadi masing-masing. . arep nyembah opo nyumpah…. sak karep-karepmu dhéwé.

Nèk umpamané kudu nyembah ngônô, carané? Yo embuh… wong Juragan Jagad yo piya-piyé waé olèh.

Opo perlu kitab, kanggô nyembah? Yo embuh… wong kitab iku anané yo sak wisé wong-wong biso nulis… biso gawé piranti kanggo nyimpen boso..

Lhô nèk ngônô sing paling TOP iku BOSO, yo? Yo embuh… witikno sing biso sesrawungan lan gawé bebrayan nganggô boso sing bédo-2 ki yo mik manungso. Malah saiki boso-boso mau biso digathuk-gathukaké nganggô pirang-pirang piranti translator lan transkriptor, interpretator, lan tor-tor liyane, njut disimpen pen nang media rekorder… elektronik kang wis ora ilok-ilok gedhéné. Mandar onok papan nyimpen lan sesrawungan nyediani 3 GB gratis… dadi BLOG-BLOG… (wordpress.com lan blogspot.com umpamané)

Gèk saiki ‘flash-disk’ waé yo wis biso pirang-pirang GB.. keno kanggô nampung pirang-pirang pawarto lan gegambaran macem-macem. .. yo ‘pra? Saben dino aku ngesaki pirang-pirang skripsiné mahasiswaku, ketambah buku-buku elektronik lan kalebu terjemahan Quran… yo mik mak plung mlebu kanthongan.

Gunané yo koyo gèk Mas Bagong golèk katerangan: ’OPO TO TEGESÉ AGNOTISME’… ha ha ha ha nganggo kamus elektronik sing embuh papané nang endi… aku ora weruh… ning ono kamus iku… sing cetho sing gawé menungso.. hua ha ha haaa… lha nèk kitab, sing gawé sopo?

Nèk Agomo sing gawe sopo?

Nèk Agnostik sing ngagas sopo?

Manungso tho?

Kamongko manungso iku bedo-bedo, datan wonten sidik jari kang kembar… Dhé.

Pun pareng nggih Pak Dhé….

Minggu, Juni 29, 2008

Es Dawet Campur + Propolis

Ing Laladon, cedhak perumahan Taman Pagelaran wis sauntara wektu dibuka warung Pecel Madiun. Mau-maune mbuh kepriye, spanduk kang dipasang yen diwaca sak tleraman unine "Pecel Anthurium".... walah, lha njut pira regane? Wong nalika samana Anthurium ki regane nganti atusan yuta je... :-)

Ning bareng aku ketemu langsung karo juragane warung, tibake Spanduk iku kudu diwaca pisah dadi loro. Maksude warung mau sak liyane dodolan pecel, ning uga dodolan tanduran pethetan. Tananam hias. Mula kudune diwaca: "Pecel, Rawon, Es Dawet Campur" dan "Anturium, Aglaonema, Euphorbia... dll". Mula ketimbang gawe bingung, spanduk dicopot, terus nang warung mau diwenehi plang unine "Pecel Madiun dan Tanaman Hias".
Nah kepeneran reregan panganan ing kono kok ya miring. Wis pokoke yen dibanding reregan ing warung-warung utawa rumah makan ing Bogor, warung Pecel Madiun iku murah tenan. Mula gandheng iki tutupan bulan Juni, tur keluargaku oleh bonus anggone dodolan Propolis lan Biyang Spray rada lumayan, wong meh Rp 8,000,000... dina Minggu iki 29 Juni 2008 aku ngerig wadyabala, cacah 6 mangan awan nang kono. Lha ing kono uga ana unjukan kang kalebu istimewa tur ya murah, yaiku Es Dawet Campur, mula aku pesen ngombe es dawet iku. Isine campuran cendol, bubur ketan ireng lan bubur sumsum, digrujug santen encer mateng, terus diwenehi juruh (gula abang). Jian nyamleng temenan. Eee kok ya pas nggawa sekotak Propolis, yo wis tak tetesi pisan propolis 5 tetes. Bareng diombe... he he he heee... huenak tenan. Dawet Campur dadi duwe aroma madu... seger.

Nah, para sedulur.... isih akeh maneh unjukan tradisional kang cocok ditambahi Propolis. Mula sok sapa wae kang kepengin nyoba gawe resep PROPOLIS, ya mangga mundhut dhisik propolis-e nang warungku. Regane murah kok, paket pertama Rp 580,000, panjenengan bakal antuk 7 botol Propolis @ 6 ml kang kena digunakake nganti 15 dina sak botol, lan MEMBERSHIP ing PT MNI kang kanggo sak lawase, tur bisa diwarisake. Paket-paket tambahan regane mik Rp 550,000.

Nek bisa ngrembaka, akaeh kang pesen propolis marang panjenengan, mula bisa uga oleh penghasilan saka PT MNI maksimal Rp 850,000 sedina saka Rp 580,000 modal kang mik sepisang panjenengan wetokake kanggo mundhut sepaket Propolis lan Membership iku mau. Wis ta, nek miturut pamawasku ora ana wong ngombe jamu kok dibayar... sak liyane ing PT MNI iki. Modal mik Rp 580,000 kok entuk suplemen hebat tur bisa duwe penghasilan nganti Rp 850,000 sedina-dinane...

Pareng, sugeng makarya


mBah SoeL

Iki lho conto penghasilena bojoku ing wulan Juni iki...

Minggu, Juni 22, 2008

Es Jamer Pro

Sak wise aku nemu akal kanggo ngombe (ngonsumsi) PROPOLIS nganggo Jahe Wangi weton PT Jamu Sidomuncul, nang bloge Mbah Soeloyo iki aku kepengin mbabar cara maneh sing lebih sip. Sabab, jahe mono ora mik semacam, ning onok maneh jinis liya sing jarene para ahli jejamuan luwih kuat khasiate. Jahe Abang... sing nek nang Jepang kana dilalap nalika isih mentah, utawa diacar....

Pas mau (Minggu, 22 Juni 2008) aku nunggu toko (Warung Biyang Propolis Dramaga), ndadak kepengin tuku kopi nang Indomaret. Lha, wis nang cedhak kopi kok onok Jahe Wangi... eee cedhake onok Jahe liya.... Nah Jahe Abang utawa Jahe Merah (Jamer) wis ana sing ngolah, yaiku EVYNA FOOD kang mapan ing Depok, Jawa Barat. Kemasanne jian cekli tenan. Sak dos isi 5 sachet regane mik Rp 7,525. Murah tenan... mereke ya huapik tenan:
NATURAL HERBAL DRINK
X'TRAGIN
JaheMerah
RED GINGER TEA
Koyok gambar ngisor iki.

Lha, njut mak prentul ngono wae kelingan nang toko onok PROPOLIS. Mula banjur onok resep anyar kanggo ngunjuk PROPOLIS ben enak, seger, tur nambah khasiate... sarana digawe ES JAHE MERAH + PROPOLIS (Es Jamer Pro)...

Tekan omah langsung praktek. Gawe Es Jamer, terus dak tetesi 3 tetes propolis. Dadine yen dietung mono regane mik Rp 3000 (es Jamer) + Rp 3000 (3 tetes propolis) = Rp 6000. Wis murah biyanget iki... segerrrrr terus angeeeet... gorokan dadi entheng....

Monggo lho yen kepengin nyobak, dak aturi mundhut X'Tragin nang toko-toko sing dodolan. Nek wis ngono banjur mundhut PROPOLIS nang warungku. Warung virtual lebih enak.... Panjenengan ora sah tindakan nang Bogor, mampir nang Dramaga sing macet-e pol-polan saben dinane. Cukup ngunduh formulir pemesanan ing http://www.propbiyang.net/daftar.html.

Bar ngundhuh formulir, terus diisi... terus dikirim balik nang alamat tokoku mnidramaga@yahoo.com. Terus Panjenengan kari transfer duit pembayarane. Aturanne, pembelian perdana (paket pertama 7 botol propolis @ 6ml) regane Rp 580,000. Paket sak banjure Rp 550,000 sepaket... piro wae panjenengan ngersakake regane tetep sak mono. Ongkos kirim kanggo Pulau Jawa, Indonesia bagian Barat lan Indonesia bagian Tengah gratis nganti 7 paket. Nek lebih saka iku, angger kersa dibagi-bagi dadi 7 paket ya GRATIS... ning nek sak brug ngono, biaya tambahanne Rp 5,000 per paket (P. Jawa) utawa Rp 10,000 kanggo Luar Jawa nganti Indonesia Tengah. Kanggo Indonesia bagian Timur, aku isih perlu ongkos kirim seragam Rp 10,000 per paket.

Sopo sing ra kemecer nonton Es Jamer Pro iki? Seger tenaaaan.....




Sabtu, Mei 24, 2008

Bab "Nyata" utawa "Truth"

ING sakwijining kalodhangan aku klintong-klintong blusukan nang samodraning internet. Manéka warna sesawangan. Dumadakan ana gambar foto kaya ngéné iki, nganggo judul "Truth".

Lho njut apa ya karepé? Kamangka "truth" iku ing kamus basa Inggris-Indonesia seratané swargi Prof. Wojowasito, artine 'kebenaran' utawa 'kenyataan'. Matrik tukang blèk, nang basa Jawa padhanané sing trep kok ora ana? Ning jebul ana sing rada memper yaiku 'kanyatan' utawa ringkesé ya "NYATA" ngono waé.

Ndeleng gambar iku, aku njut klècam-klècem dhéwé. Nyatané tembung 'nyata' utawa kanyatan utawa 'bebener' iku gumantung saka ngendi panyawangé. Yèn aku mlebu nang foto kuwi nyawang nom-noman telu saka warung cedhak montor putih-silver, waaah... méndah rukuné. Nom-noman telu sing loro pasangan, déné sing siji katon ngiringaké... mlaku bareng rada mburi.... hé hé hé hé. Ning nèk aku sing moto... walah-walaaah toblas tobil, bul kanyatané iku 'selingkuh'. Horo toyooooh.....

Yèn ngono bab kanyatan iku jebulané ana bagian sing ora bisa ditonton bareng. Awaké dhéwé ora bisa nonton nom-noman telu kang lagi mlaku-mlaku sajak rukun saka ngarep ning jebulané selingkuh yèn saka mburi iku sak kal saka loro-loroné. Kita ora bisa nyawang saka ngarep bareng-bareng karo saka mburi.... kajaba, yèn kita nyawang saka kiwa utawa saka tengen....

Mula ing wawasané wong Jawa mono ana kang sinebut NYATA ning uga ana kang sinebut SUNYATA. Nyata iku sing bisa kita tonton saka ngarep... lha sing sunyata iku yen kita bisa nyawang saka mburi.... iku ora bisa bareng. Sing bisa bareng weruh nyata lan sunyatané iku yen kita bisa nyawang saka kiwa utawa saka tengen kanthi mantheng (tegak lurus).

Lha ing kalodhangan liya, nganggo tembung "truth" aku banjur coba-coba takon nang "google.co.id". Aku njaluk dipamèraké gambar-gambar waé bèn luwih cepet. Mik sithik gambar kang ngemot judul 'truth'. Salah sijiné ya gambar bunderan-bunderan ngéné iki. Emané aku lali biyèn situs apa kang ngemot gambar iki.

Sing baku sepisan manèh ana kang sinebut 'nyata' ana kang sinebut 'sunyata'. Sing tak karepaké nyata ing kéné pada karo Natural Truth. Bebener kang ana ing jagad sesawangan donyaning empiris. Bebener kang bisa digagapi... bisa dideleng, bisa dirasakaké nganggo panca-indriya. Yèn sakumpama cahya mono, NYATA iku kaya dènè cahyané srengéngé. Déné sunyata iku padha karo Supernatural Truth, ya iku samubarang kang luwih déning NYATA anané. Mbuh iku kena dirasakaké apa ora ora perduli. Yèn sak umpama cahya mono SUNYATA iku perangan gelombang electromagnetic kang luwih cendhak utawa luwih dawa ketimbang Cahya. Ing basa Jawa ana istilahe yaiku TEJA.

Lha yen digathukake, digunggung, dadi Cahya lan Teja. Mula aku banjur gawé pangéntha-éntha mungguh kepriyé carané gawe peprincénan utawa katerangan utawa explanation. Tak tambahi siji kanggo njlèntrèhaké barang SUNYATA sak durungé ana Theology, yaiku Mythology. Kena dipadhakaké nganggo BABAD, ngono yén ing sastra Jawa.
Crita babad utawa mythology mono bakuné bisa mènèhi pangertèn marang kang nampa. Bisa nganggo cara cengèngèsan... umpamanè kaya posting ing sekarjagad kang asesirah "di taman firdaus tidak ada pernikahan" kang nggambaraké "Tuhan" mlaku-mlaku nang suwarga. Ya ora perlu digapé lan disrengeni, wong sing nulis lagi tekan tingkatan 'mythology' lagi tekan cara BABAD. Mula nang gambar tambahanku iku "Theological Explanation" tak ilangi tak angkat mendhuwur ning ganti jeneng dadi "Mythological Ezplanation". Déné sing nang ngisor tak ganti dadi "Spiritual Explanation" waé. Utamané kanggo spiritual Indonesia. Sebab ing Indonesia utawa Nuswantara utawa mligine ing Jawa, babagan Sesembahan iku dadiné Kang Tan Kinayangapa. Kang ora bisa dipepadhakaké nganggo apa waé. Ora gaduk pikiran lan rasané manungsa. Ning bisa dirasakaké yèn nganggo 'spiritual explanation' kang saben manungsa duwé cipta lan rasané dhéwé-dhéwé.

Embuh bener embuh luput pangéntha-énthaku iki, sejatiné aku mung kepengin manawa babagan Kasunyatan (Supernatural Truth) iku mbok yo ora kanggo guyon. Samubarang kalir kang yèn dumunung ing wong liya dadi sesembahan, dadi Dzat Kang Maha Kuwasa, dadi Dzat kang Rahman klawan Rahim, mbok ya ora kanggo gojègan. Dimèn tambah tentrem urip bebarengan ing bebrayan agung iki...

Nuwun

SOeL, 24 Mei 2008









Sabtu, Mei 03, 2008

Ayam Geprèk jilid 3: Bèsèkan

DINA iki (Jum'at, 2 Mei 2008) kalebu dina kang becik banget tumraping Mbah Soeloyo. Sepisan iki dina sepisanan Warung Biyang Propolis nganakake OPP (Open Planing) Gratis kang lumayan pengunjunge. Sebabe aku wiwit nyebar selebaran kaya gambar ing ngisor kae.


Bar wae OPP rampung ndadak entuk telepon yen arep ana sing perlu keringet tawon 3 botol. Manggone nang Jl Raya Bangbarung No. 22 Bogor... yaaa tak angkati, apa maneh cedhak ambek warung Ayam Geprek Istimewa. Nang dalan onok sing telepon maneh, perlu PROPOLIS 4 dus.... wis-wis kepayon tenan iki.
Bar ngono weteng krasa luwe.... mula njut nang warung Ayam Geprek mau. Ning ya pancen laris, tekan warung kebak. Kepeksa ngenteni kaya kere tenan. Luwe, brukut jaketan, ndadak arep udut wae rokoke entek.... ha ha ha ha haaa...


Nah akhire oleh giliran. Terus pesen cak cek. Kabeh tak pesen kanggo digawa mulih. Ayam 6 porsi, tahu susur 1 porsi, tempe kemul 1 porsi, tambah trancam lan ca kangkung. Total jendral dadi rong wadhah.


Nah Wadhae iku lho sing nyeni. Blas ra nganggo bahan gaweyan pabrik. Kanggo "BOX" malah arupa besek. Koper bambu... he he he he.. lha ambarane godhong gedhang. Wisss serba organis pokokmen. Terus dietung jebule mik entek Rp 68,000. Lho nem porsi kok mik sak mono? Lak kira-kira sak wong entek Rp 11,000 tah?


Ngono lho kok akeh sing seneng nyugihna wong sugih. Misale tuku iwak pitik goreng yen ra nang KFC ya CFC utawa McDonald. Tahu lho aku mik ngajak anak situk... tuku nang warung-warung siap saji mau entek Rp 125,000. Lha iki wong 6 gak nganti satus ewu...


Wis jian opo maneh segane saka BERAS SAE.. sing ambune wangi kaya ROJO LELE.... weee ya kepeksa Telap Telep Telas Kathah maneh aku.. bar ngono aku isih nggawa cangkingan saka warung mau yaiku BANDREK BOGOR lan JAHE MERAH INSTAN. Iki yo ngono bungkuse nganggo kertas semen, taline gedebog garing.... serba organis maneh... Rasa bandreke jian nyamleng tenan yen dicampur KOPI tubruk cap WARTIN (Warung Tinggi).

Suk wis tak tulis NGOPI JAHE sarwo MURAH...[nuhun]

Jumat, Mei 02, 2008

Ayam Geprek jilid 2: Keringet Tawon, Nagapala

Ing dina iki (Kemis, 2 Mei 2008) jan-janne ya kesel tenan. Lha witikna kudu keliling kutha Mbogor, mboncengake bojo, je. Ning ya ra papa, wong entuk-entukan kok. Sepisan aku kepengin ngontrol nandur buah naga ing Tajur, mesisan ngecek pesenan 200 tiang (cagak) kanggo tanduran tahap II wis digawe durung.
Weee... ya rada kuciwa. Jarene sing jaga kebon, "Belum putus harganya, Pak... pekerja masih minta lebih dari Rp 5000 per lubang, dengan berbagai alasan..." Lho, kamangka iku lak mik gaweyan tambahan tah... wong lubange 200 nek ping Rp 5000 harak wis sak juta repes?
Bar ngono nonton maneh... eee jebule cagak durung digawe... hek hek hek... wah-wah.... males temen pegawe-pegawe iku... ning ya mungkin isih oleh tugas saka para bos nang kantor... Ya wis ra papa. Mengko wae diurus maneh. Wong nyatane kebon Tajur ya lagi ribet mbangun pabrik pengolahan nanas.
Ning bareng aku nonton pembibitanne... wah marem tenan. Meh kabeh bibit urip lan semi. Kamangka bibit sing dhisik ora patiya maremake. Akeh kang bosok... lha nang Tajur iki sing bosok jari mik 10 utawa 20 saka 900 bibit.... hebat 'pra?
Bar nonton bibit, klintar-klinter golek barang kang aeng. Lha nemu! Onok kembang kaktus keluargane Naga Pala, lagi kembang. Aku seneng, iki kaktus keluargane bisa kembang lan awoh.... mesthine Naga Pala ing kono mengko uga bisa kembang. Iki mik nganggo nalar wae. Lha pas kembang sing tak foto kok ya ditekani TAWON cilik (klanceng antarane) lagi miber-miber arep golek madu utawa pollen. Wooo tibake ngono carane tawon ngumpulake pollen kanggo ramuan Royal Jelly pinangka dhaharane Ratu.
Sing jelas tanduran buah naga Pawitan Bogor tak daftarake dadi salah sawijine "TEACHING FARM" saka departemenku "Agronomi dan Hortikultura". Apese ana rong enggon, siji ing Babakan Dramaga Bogor, cedhak ambek toko Propolis ku... hehehehe.... loro ing Tajur iku. Apese nek mengko kasil aku bisa kolaborasi ambek UF lan PKBT.... wiiiisss.. siiiip deh. Dongakna ya Cah... hahahaha...!!!
Bar moto tawon mabur nang ngarep kembang kaktus, aku klintongan maneh - sambil ninggal bojo kang lagi rembukan dodolan propolis ambek kancane - golek-golek obyek foto. Lha nemu tanwohingpot (tanduran woh ing pot). Wujude sawo. Waduh... uwoheeeee gembel poll.
Weh-weh-weh, iki kudune bisa diangkat dadi obyek pengembangan buah tropis. Nang kebon Tajur onok koleksi wit sawo sing gembel wohe. Mendah nek bisa ditangkarake nganggo bibit sambungan ngono ya? Jenenge mbuh sawo apa, sing baku wohe akeh. Sing baku mengko bisa produksi bibit sawo TANWOHINGPOT iku. Nek wis sak mono ukurane ngono nek diregani misale Rp 500,000 sak wit ngono payu po ra ya? Kudune payu ah... apa maneh njut diwenehi cap IPB ngono hehehehe.
Bar saka Tajur diajak bojo mampir nang kancane maneh cidhek BOKER. Ngeterake pesenan PROPOLIS rong dos. Lha entuk-entukan... kepayon loro.... hahaha.
Bar kuwi... luwe... ya wis nggeblas nang Jl. Bangbarung Raya No. 54. Nang warung Ayam Geprek maneh... Wis, pancen numani kok. Senajan teka dhok ya kudu ngantri nganti setengah jam. Ngenteni nang cedhake wong kang lagi mangan.... hahahaha... koyok wong ngemis kae... hi hi hi... ngemis kok lemu, ya?

Bat-bet pesen panganan. Pesen tempe kemul sak porsi oleh 6 iris.... wuuuik guedhi-guedhi... sambele dicampur kemiri.... weleh-weleeeh... ngeces temenan. Kanggo omben-omben pesen JAMBU FLOAT... ben gaya, omben-omben nganggo basa Inggris gak lengkap.... Biasane nek nang restoran liya lak GUAVA FLOAT ya? Ning iki pancet ar JAMBU FLOAT... Sak umpama aku sing duwe warung ngono tak nehi jeneng "Jambu plus kampul-kampul" hahahahahaaaa...
Ning jambune pancen asli sli jambu biji daging merah. Aromane seger temenan. Aku njut mikir.. lho nang nggone dhewe duwe woh-wohan kang migunani, enak, seger, kari dijur nang blender dicemplungi es-batu, ak wis sip ta? Lha kok akeh-akehe dha ngombe-ngombe sing larang-larang. Setar Buck kek.... Expresso Kek.... Fruit Mix kek... wis-wis...
Pesen mangan sega. Karepe pesen nganggo wakul.... eee sing dodol omong: "Rak oleh Mbah nek mik pesen sega rong piring kok nganggo wakul". Aku takon: "Lha terus paling sithik pirang piring?" Sing dodol njawab: "Papat Mbaaah...." karo ninggal klepat mesenake pangan nang pawon...
Ora ket suwe, pangan teka: Ayam geprek, tempe kemul, trancam, sambel he he he he. Aku blas ra ndulit sambele. Lha biasane pedhese ngudubilah je... kamangka nek mangan pedhes aku ki njut gembrobyos sirahku... ngisin-isini temenan pokokmen



Cukup sambel encer saka tempe kemul ae wis... iku wae pijar-pijer ngelap bathuk nganggo tissue je.... wiiiis.... wis, gara-gara urip nang Okinawa ra tau mangan lombok, anane mik mrica ambek paprika... kok saiki nek kambu lombok thithik wae ngisin-isini...

Apa marga wis tuwek? Ho'oh beke ya.....?

Lha ing warung ayam geprek iki sing tak senengi, kabeh sarwa organis, kajaba piring, cangkir, lan gelas. Nek wong pesen ayam geprek paketan ngono, mesthi diwadhahi besek. Nek sak umpamane kabeh warung nganggo kemasan besek ngono, bisa nguripake pengrajin besek lan penandur pring to yo? Tur ya nek wis dinggo gampang buang-buangane. Ketimbang nganggo plastik, hayo....?


Wis pokokmen MUAREM TENAN nang warung iki. Wong loro (kaya jaman pacaran hahahahahaaaa...) nggethu telap-telep mangan ayam geprek tempe kemul ngombe jus jambu nganggo kampul-kampul.. nganti mele-mele.... eeeeee mik dikongkon mbayar Rp 44,000. Mendah neyaaaa nek aku mangan nang Setar Buck, Hanamasa, Hoka Bento, utawa Kentucky Fried Chicken ngono njut entek pira ya?

Bar kuwi kanthi weteng kebak nganti sebah, tur mata dadi hayub-hayuben, nggeblas nang kantore Mas Joko Pamungkas ing Lodaya Bogor.... weh, jenenge kantor opo to ya? Pokoke papan kanggo naliti Munyuk... he he he he. Biasa ngeterake POPOLIS... hahaha kepayon maneh... Eeee.... nang ndalan onok SMS... antuk kabar saka Roma... Pak Dubes paring kabar bakal transfer duit Propolis 4 paket... weh-weh-weh.... arep kepayon maneh... hi hi hi...

[nuwun]

Kamis, Mei 01, 2008

Bab Pangan - Bio-energy - NAGA PALA

Para sedulur, pepunden, kadang kabeh wae....


DEK kapan kae pas tuku rokok, aku mrangguli jerigen (nek jawatimuran dadi "curigen") dijejer-jejer terus panggongan sing kanggo nyangking ditlesepi tali rafia. Weee... tibake wong antri tuku lenga gas sing masang curigen iku wiwit subuh... Byuh-byuh-byuh... kelingan jaman biyen nalika aku lagi bisa omong... hahaha. Mbok Sonto antri lenga nang tangsi... tangsi lenga, maksude...

Lha kok saiki jaman reformasi isih usum antri lenga, ya? Jarene maneh, lenga gas bisa langka iku amarga lenga gas sing basa Inggrisé "kerosene" saiki akeh sing digawe 'bengsine' pesawat (montor muluk)? Kaya sing dicatet nang ensikolopedi gratis wikipedia iki: Today, kerosene is mainly used in fuel for jet engines (more technically Avtur, Jet-A, Jet-A1, Jet-B, JP-4, JP-5, JP-7 or JP-8). One form of the fuel known as RP-1 is burned with liquid oxygen as rocket fuel. These fuel grade kerosenes meet specifications for smoke points and freeze points. Gek kamangka saiki nang Indonesia sing duwe montor muluk sak arat-arat.

Yaaa tah wis sing kurban ya kawula alit. Arep nganggo lenga angel tukune. Dikongkon ganti gas alam... eee diakali anggone arep tuku tengki... hihi hihi hihi... Arep golek kayu, wis ra duwe alas. Arep nandur dhewe kanggo "biofuel" alami (kayu bakar) ya wis ra isoh nandur, wong lemahe wis di dol... dituku para deveoper perumahan.... hek hek hek...


NING jarene amarga reregan lenga patra (minyak bumi) iku dadi larang, terus nagara-negara maju gawe bahan bakar saka hasile pertanian, umpane gawe "bio-etanol" [he he he apa ana ya etanol sing ora bio?] saka umbi-umbia, saka jagung... mbalah ana sing rasan-rasan jare nganggo beras...

Gek kamangka beras saiki cara budidayane ing nuswantara iki wis ninggal budaya. Kaya sing nang foto iku. Carane panen wis mik mentingna hasil thok. Cepet-cepetan dibabat nganggo arit, terus kabeh tanduran (dami sak merange) diangkut saka sawah. Suwe-ning-suwe, sawah dadi ora subur maneh. Ora "loh - jinawi" maneh. Kang tundone ora bisa gemah ripah karta raharja maneh. Wis sepa.
MBUH mungkin saking padha bingunge, nganti wingi ing dina Rebo tanggal 30 April 2008 ing departemen Agronomi lan Hortikultura, bagian Ekofisiologi nganakake diskusi ngenani "Ketahanan Pangan dan Bioenergi".

Wah sing sesorah yo ora baen-baen. Sepisanan Doktor Sobir (Kepala PKBT). Ngandarake kahanan beras ing donya. Jare mundhake reganing beras ndonya iku amarga ing tahun 2007 wingi FAO gawe perkiraan yen produksi beras ndonya bakal anjlok... Lha akibate negara-negara kang duwe beras terus ra gelem ngedol. Negara-negara sing ra duwe beras tur sugih kaya ta Singapur, Iran lan liya-liyane njut mborong kanthi rega kang duwur. Yaaa negara Indonesia kang jarene Pak Sobir salah yen disebut negara kang subur, kepeksa montang-manting. Ning ya apa bener yen negara nuswantara iku ora subur? Ra cocok maneh kanggo nandur pari? Ketokke kok ora yo? Apa maneh ing pulo Jawa.

Ning lha piye wong ngendikane Profesor Samsoeoed Sadjad malah nganjurake yen kudune saiki ngilangi wae anggepan yen beras iku pangan pokok. Beras kudu dilengserake dipadhakake karo bahan pangan liyane. Umpamane umbi-umbian...

Weee lha apa keladuk iki ya. Yen pari nganti dilengserake saka dampar-e pinangka pangan pokok, apa ora teges ngilangi budaya pisan? Sebab mbuh wis pirang atus utawa pirang ewu tahun, nuswantara utamane Jawa iki budayane ya basis-e pari. Nganti jeneng pari iku maneka warna, je. Ana sing ngarani pari, pantun, pare, padi, pali, malah hasil olahane ya maneka warna jenenge. Ana bekatul, ana dedak, menir, glepung, brambut, merang, dami, sega, gendar, bubur, jenang, tape, leri, tajin, intip, karak, cengkaruk.... Lha kok arep diilangi?
NING ya lowong, terus bar Prof. Sadjad, genti Prof. Soleh Salahuddin sesorah. Sing tak senengi panjenengane nganggo patokan pidatone Bung Karno "Soal Hidup atau Mati" (to be or not to be) duk nalika ngaresmekake gedung fakultas pertanian UI 27 April 1952.

Yen, wiwit jaman biyen Bung Karno wis paring peling menawa negara iki bakal cilaka yen ora mikirake pertanian kanggo mujudi kebutuhan pangan. Beras kudu tetep dadi komoditas kang strategis kanggo pangan Indonesia ora kok dadi strategis kanggo politik thok. Nek aku malah mikir ojok sampek beras iku dari KOMODITAS TRAGIS... ha ha ha ha. Jaman kuna makuthi dadi andel-andele pula Jawa, nganti dijenengi Jawa... kok saiki arep disingkang-singkang.
NING ya pancen sing penting iku ora mik mandhek nang diskusi-diskusi, semnar-seminar, rembak-rembuk nganti ngasilake tulisan matumpuk-tumpuk.... sok-sok nganggo mbayar pisan... hahaha. Sing penting ndang tumandang. Ning ya aja njut nglanggar aturan, kaya panen beras SUPER TOY HL-2 wingi. Nek wis nyetujoni duwe undang-undang perbenihan, duwe undang-undang sistem budidaya tanaman lan liya-liyane ki mbok ya tumemen dilakoni, ditindakake lan dituruti ngono lho.

Aja digawe dadi angel, ning ya aja njut gampang dituku.... hahahaha. Mosok varietas pari kang durung genah kok wis dipanen dening presiden lan menteri? Kamangka rong tahun sak durunge onok petani kang bisa ngakali gawe vaietas jagung saka winih jagung kang dituku nang pasar, terus ditandur makaping-kaping nganti entuk babon-jagung, terus dicampur maneh, nganti madhani varietas hibrida weton pabrik.... eeee... malah ditangkep. Didadekake wong ukuman kang kudu lapor mingguan nang pulisi, amarga dianggep luput ora nuruti undang-undang.... opo memper?


Wis ayo ndang tumandang.... ojok min NATO (No Action Talk Only) ning AFTA (Action First Talk After) ngendikane Doktor Arief Daryanto... sing lenggah nang jejere Prof. Rizal Syarief mantan Kepala LPPM IPB. PAWITAN... nek ngendikane PakDhe Gun... Pasar Wisata Tani... ndang tumandang.... wiwit cilik-cilikan saka Bogor [babakan, ciapus, tajur], sarana nandur wit NAGA PALA (buah naga) kaya ngene iki....
























[nuwun]

Jumat, April 25, 2008

Ayam Geprèk

TANGGAL 13 April iku dina dedhaupanku ambek ibune bocah-bocah. Tahun 2008 iki wus ngancik 22 tahun nggonku urip bareng. Atur puja puji Marang Gusti Kang Maha Welas Asih, dene nggonku gendhon-rukon wus bisa ngancik luwih saka 20 tahun, malah wus pinaringan anak lanang loro cacahe.

Eeee, kok ndilalah tanggal 13 April 2008 iku ya padha-padha ing dina Radhite tumapake. Padha karo dhek aku dhaup. Tur ya pas pisan ambek PILKADA(L) Gubernur Jawa Barat. Ketambahan maneh dina sak durunge (12 April 2008) aku sak keluarga ngresmèkaké warung: Warung Biyang Propolis (ing) Dramaga Bogor. Mula ing dina minggu iku kanthi ngerik anak-bojo lan keponakan niat mangan nang njobo. Ning ya gandheng wong sekeng, tetep golek sing reregane ènthèng. Pilihan warung ya nang warung Ayam Geprèk. Papané ing Jalan Bangbarung Raya, sing embuh saiki kok nganggo jenengé uwong. Pahlawan ngono antarané miturut pamarentah KoDya Bogor.
SING tak senengi ing warung Ayam Geprèk iki, ayamé jaré ayam kampung. Pitik Jowo, nèk miturut wong jowo tengahan kana. Tambah wadhahé kuwi lho sing mik ngango "kalo" wis kabèh sarwo organis, kajaba piring, sendhok lan gelasé.

Ayam digorèng terus digeprèk. Bar ngono diwurwuri brambang gorèng. Wuik... lengoné mlekoh temenan. Huénak gurih.... wis to sok sopo sing tindakan nang Bogor... ojo lali nggeprèk nang warung iku.....


Sak liyané kuwi, kancané ayam gawé éling jaman cilikan. Ono tempe kemul. Tempe goreng dikemuli gandum....


Lha nèk sing iki, Tahu SUSUR... senajan salah jeneng ora popo... kuduné iki TAHU BRONTAK modèl Banyumasan. Ning yo bèn waé wong karepé sing dodolan ngônô. Wis waton énak lan wareg wé. Mangan wong enem (6) mik diregani Rp 114,000. Wèlèh wèlèèèh... murah to?
Sepisan maneh, monggo sing tindakan nang Bogor jolali, nggeprèk ayam nang kônô. Tak jamin dari TUMAN...

Rabu, April 23, 2008

Ani-ani tandhing Arit

Sedulur kabeh, gambar iki tak jupuk saka internet. Embuh endi alamate aku lali ora nyatet. Mung sing loro saka website-e Mas Blontang Poer : blontankpoer. blogsome. com/ 2006/07/.
Lha sing dhisik iki carane wong panen pari jaman saiki. Sing kerja rata-rata wong lanang. Sak sawah mik cukup wong papat utawa lima, mbabat pari tekan sak bongkot-bongkote. Cepet pancen, sedhela wae rampung.

Hasile ya lumayan akeh. Malah kalebu dami-damine uga bisa payu di-dol. Akibate sawah jaman saiki akeh sing ra subur. Lha kabeh bio-massa-ne dijupuk, ra ono sing dibalekake je....

Sak liyane iku, gandheng sing makarya panen pari iku mik wong lanang, akibate wong tani kang wadon kelangan wektu melu ngupakara kasile panen pari nang sawah. Wong-wong wadon wis ora derep maneh. Para wanita mik dadi seneng ngerumpi. Nek jaman biyen lumayan bisa petan... hahahaha


Lha nek sing iki carane wong panen pari jaman biyen. Nganggo ani-ani. Panenne ya ngati-ati. Sepisan ngati-ati ben ora keperang ani-ani-ne, ping pindhone ngati-ati aggone milih ulenan pari. Ben kasile panen iku akeh sing mentes. Mengko yen oleh bawon ya akeh berase....
Sing dianggo conto Mas Blontang Poer iki kepeneran wae wong kang NGASAK. Golek sisa-sisane pari derepan. Sing siji ngasak nganggo ani-ani, sijine nganggo arit. Sing ani-ani mik nggendhong tenggok (senik, dunak), sing nganggo arit nggendong KARUNG kebak pari... hehehehe.

Yen nganggo ani-ani bisa milih-milih. Pari kang elek ditinggal dadi jatahe wong ngasak. Wong ngasak nek ora saka desa liya, ya wong sak desa ning sing duwe cacat sosial, mula ora diajak derep. Lumayan isih oleh ngasak. Yen cacat sosiale nemen, umpamane malingan, clemer, utawa mik gawe isinne wong sak desa, ya ora oleh ngasak babar pisan. Iki kalebu paukuman tradisional sing efektif. Ketoke kejem, ning ngemu pendidikan sosial bermasyarakat. Wong urip mono ra bisa ijen. Sak liyane kudu srawung kang becik, uga kudu melu njaga kaurmatane desa.
Ning ing jaman saiki cilaka. Wong wadon ora komanan wektu melu ngupakara sawah. Malah sok-sok ora oleh metu nang sawah esuk-esuk. Kudu melu kuliah subuh utawa pengajian... hehehe... nek ra melu dijothak utawa dianggep calon nyemplung neraka.... mula yen saiki pertanian sawah ketok yen dadi bubruk mbok menawa salah sijine amarga ganti cara panen iki mau. Ning ya piye, wong pari-pari jaman saiki iki pendhek-pendhek... nek nganggo aniani bisa-bisa cepet wungkuk.....
Wah, piye ya carane ngurip-urip budaya pari kang bisa luwih njaga kelestarian lingkungan, sosial lan budaya?
--nuwun--

Selasa, April 22, 2008

Kampus Kelebon Politik?

Wah, wiisss.... wis, maune aku yo ora percoyo nemen-nemen yen nganti kampus utawa perguruan tinggi (pawiyatan luhur) iku kelebon politikus. Sak ora-orane kelebon tokoh-2 parte, lha wong aturane pegawe negeri sipil kuwi ora kena dadi aktivis parte. Nek nganti kaya mengkono, bakal kisruh mengko urusan pawiyatan ngelmu-ngelmu luhur-e.

Ning bareng aku dikirimi foto loro iki terus wae cumleng pikirku. Nang nggo poster kampanye Ahmad Heryawan lan Dede Yusuf, lha kok latar belakange mahasiswa-mahasiswa IPB kang lagi dilantik? Weh-weh... opo memper lan bener iki? Yen nganti bener-bener kaya mangkene.. wis-wis mik kari nunggu kapan rontok lan ambruke pawiyatan luhur ing IPB iki. Apa bisa dosen-dosen kang tibake aktif nang parte-parte iku bisa NETRAL anggone mulang-muruk marang mahasiswa? Apa bisa mahasiswa-mahasiswa kang sejatine tokoh-tokoh muda parte iki bisa mrantasi tugas-tugas akademik-e?



Coba digalih yen ing DPC PKS Dramaga kang cedhak ambek kampus IPB nganti ana poster kang kaya mangkene? Mbuh nang endi maneh kiblate para sivitas akademika kampus rakyat iki. Kok umyek melu-melu politik. Apa maneh politik-e melu marang parte kang dhasare agomo? Weleh-weleeeh... piye yo?

Njut piye ngono lho, sikep kang dora (boso arabe munafik) nganti dadi sikepe para ngilmuwan lan calon ngilmuwan kaya mangkene iki. Kapan bisane IPB melu moncer nang donyane akademik lan pendidikan tinggi ing Nuswantara? Apa bisa nggayuh IPB kalebu universitas kang kelas dunia, kelas internasional, yen para akademisi-ne wae tumindak lan darbe sikep DORA kaya mangkene?

Ah, aku minangka dosen utun ing IPB, kepengin ah... asung peling marang kanca-kanca. Mbok ayo mikirake moncere kampus IPB... urusan negara ben wae dipikir ambek sing kepengin kuwasa. Ngideri Nuswantara ya ben wae sak karep-karepe. Ning pelingku... mbok yo minangka dosen utawa guru (luwih-luwih guru besar; jaman biyen sebutane mPu utawa Begawan) kuwi bener-bener bisa diguGU lan ditiRU ngono lho....

Dadi manungsa guru kuwi abot... kudu Ber Budi Bawa Leksana.... Ber budi tegese kebak marang nalar lan penemu kang jumbuh karo pendidikan kang wis dilakoni. Bawa Leksana kuwi ibarate kara manggis sigar tekan kendagane... arepa njaba ireng, ning balibare tetep putih.... apa kang diucapake kudu numus marang kelakone... ya bawane ya leksanane...

Nuwun

BUKAK WARUNG

Warung Biyang Propolis Daramaga


Dhek tanggal 12 Arpril 2008 wingi, aku sak keluarga bukak warung kanthi resmi. Warung iki mujudake cabang utawa STOKIS saka PT Melia Nature Indonesia (PT MNI), sing mik adol 2 werna produk, yoiku: 1) Melia Propolis, 2) Melia Biyang Spray.



Mung gandheng cukup omber pangone, mula toko utawa warung mau uga disediakake kanggo sapa wae kang kepengin titip dodolan. Wiwit dina iki (Senin, 21 April 2008), mbarengi ambek dina peringatan Ibu Kartini, warungku ketitipan BERAS SAE (Sehat - Aman - Enak) sing diasilake dening Gabungan Kelompok Tani (Gapoktan) SILIH ASIH saka Cigombong Bogor.



Mula sok sapa wae kang pinuju tindakan menyang Bogor, dak aturi mampir nang warungku. Eee, sapa ngerti kanthi mampir nang warungku mau kita kabeh bisa oleh owah-owahan urip lan panguripan kang tumuju marang: URIP MULYA LAN TUMANJA.



Monggo lho tak aturi mampir.....



Rahayu


Senin, April 21, 2008

Walah walaaaah..... ngadili kok UTEG

Wah jiannn... mumet tenan dari wong urip nang Indonesia jaman saiki. Lha wong ngrasuk agomo kok yo ènèk-ènèk aé. Iku lho masalah Ahmadiyah sing jarene dikongkon ngelarang po piye kuwi. Lha wong pandengan utawa paheman kok yo diadili. Sopo sing bisa ngilangi pikiran?

Aneh temen wong-wong jaman saiki. Lhah mbok yo uwis, mikir kepriye bisane bangsane dhewe iki moncer ngono lho. Kepriye bisane ora kurang pangan. Ora kabotan yen tuku lengo...

Tur yo piye ngono lho. Lha wong sing Kagungan Donya wae ngeparengake Ahmadiyah bisa maujud. Senajan kepiya kepiye-o kae, barang kang bisa maujud lan ngrembaka iku ya oleh kersane Sing Murbeng Dumadi to yo.... Apa podho ora wedi yen entuk sikuning JAGAD? Udur udreg masalah uteg...

--nuwun--

Rabu, Februari 20, 2008

Meooong....

Bar ngrasakke mangan larang, eee mau (Selasa, 19 Februari 2008) aku kaliren. Wis jam 13.30 durung sempat nang warung utawa kantin. Pas arep golek mangan, ndadak diceluk kancaku, "Arep nang endi mBah?" Jawabku, "Arep mangan". Hehehehe.... kancaku ngajak mlebu kamar kerja, ambek omong, "Nang kene wae aku duwe pangan... sik ya tak kongkonan dhisik...".

Udakara seprapat jam, utusan bali nggawa wungkusan telu. Sing loro padha sing siji langsung dibukak isi gorengan tempe . Jarene kuwi mendhoan. Ning embuh, sing penting isine wungkusan sijine....
Tak bukak mak byaaak... ngono, weleh isine lengkap. Onok segane, onok sayure, onok terinye.... Kancaku omong, "Iki lho Mbah sing diarani SEGA KUCING.... Lengkap to? Regane ya mik rong ewu sebungkus...."

Klemun-klemun nggliyeng aku. Mendah neyaaaa sing tak pangan wingi diijolke sega meong iki.... wiiiiiisssss cukup dipangan wong rongatus... hahahahaha.... Sedih ya?
[nuwun]

Bar mangan

Semprul... Patang Atus Ewu?

Wadhuh... Aku Minggu wingi (17 Februari 2008) diajak ketemu ambèk Bos Bappeda Teluk Bintuni - Papua Barat. Ketemune nang Hotel Borobudur. Wisss-wis Udan nggrejeh saka Bogor, eee tekan Jakarta garing ring.

Tekan Hotel diajak mangan-mangan. Ndadak kancaku alok-alok, "Ndik kene sing huenak iku Sop Buntut Goreng" ... horotoyooooh.... Sop kok goreng... hehehehe... lha ndilalahe sing metu pisanan ya mik sega ditumpuki buntut sapi goreng, ambek sambel sak mangkok, acar bawange wutuh guedhi-guedhi ngene iki. Aku ngglibet sedhilut api-api nang toilet.., terus tak waca jenenge resto kuwi... Blaik jenenge "Bogor Cafe".

Wee... lha apa bener pangiraku ya? Sop buntut goreng kuwi ora duduhan. Garingan thok ngono iku? Tibake ya ora ngono, sebab terus ditututi duduh.. Weleh dadi eling nek jajan bakso Tasik. Mie, bakso dipisah ambek duduhe.

Waaa, ya kepeksa telap-telep telas kathah temenan aku. Bar ngono terus BAFE... (bener ora yo nulise?). Telap-telep maneh... wong ra mbayar....
Bareng arep mbayar, dithuki 'bill' hehehehehe hahahahaha sing kebagian nggawa dhuwit celila-celili... jarene: "Blaik ki kurang je... weleh-weleeeeh, mangan wong lima kok ya rong juta, ngene rek....?" Batinku.... huuuu Sempruuuuul.... mangan sop buntut goreng ambek es-krim wae lho patangatus ewu.... Gek ngono akeh artis lan selebritis mangan-mangan nang kono... njut dhuwite saka ngendi ya?
[nuwun]




Selasa, Februari 19, 2008

Kenalan


Aku Soeloyo, pengin gawe BLOG iki yo ben diarani ora GOBLOG-2 nemen. Sing jelas BLOG iki ora ngapusi. Umpamane onok BLOG gambare seksi... bul isine tawa MLM, Asuransi, Lotre... wis-wis.... rak kapusan to jenenge nek ngono kuwi?


Nek Blog iki ora ngono... blos drong apa anane. Gambare elek... isine ya pancet ae elek.. hahahaha.

Pun ngriku nggih... sing ajeng nyumbang tulisan tak aturi japri ndik soeloyo@yahoo.com. Mengko tak undang wis


Hayu Hayu Rahayu

Lha huikih... senenganku sate tongseng, khas Solo-Klaten. Arepa wis nang warung apik, tetep wae mbakar lan masake nganggo ANGKRING.....