ayo diwiwiti acara nguleg-uleg rujakan jowo iki. tapi gandheng sumber
referensine mik sakipit, yo kepeksane sebagai pembukaan iki tak postingna
MOCOPATAN mulai sing gampang dhisik. POCUNG
Ngelmu iku
Kelakone
kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya
pangekesing durangkara
Angkara gung
Ing angga anggung
gumrunggung
Gegolongan ira
Triloka lekere kongsi
Yen den umbar ambabar
dadi rubeda...
Wis sak mene dhisik. kepiye mungguh enake tak lemparna
blas nang panjenengan sami.
Nek ono sing kepengin ngangkat topik
liyane sanget-sanget di antu-antu. iki topik mocopat mono karepku ben
awak-awak iki bisa ngulari jejak-jejak pujangga jaman biyen. sing
selagine jejak jendral sudirman ae do si runut kok ya, lha jejak budhaya
sing kempis-kempis ngene malah dijarno.
Ojok kalah dulur... kita sing
duwe budaya lan basa jawa kok sing dadi
profesor wong Londo?
tabik,
mBah SoeL
Sabtu, Agustus 30, 2014
Sabtu, Agustus 18, 2012
Sugeng Riyadi Fitri 1433 H
![]() |
| Segeng Riyadin Bakdan, 1 Sawal 1945 Jawa.... Nyuwun Gunging Pangaksami |
Monggo bilih wonten ingkang ngersaaken PROPOLIS utawi MELIA BIYANG, kawulo aturi NYEKLIK www.kdpbiz.com/?page_id=217 utawi langsung ngunduh formulir pendaftaranipun ing NGRIKI kangge nggayuh pemetu Rp 5,950,000 sedinten.
Senin, Agustus 13, 2012
150 Abad Kepungkur
![]() |
| http://archivirtual.blogspot.com/2011/05/misteri-relief-candi-cetho-sukuh-dan.html |
Begja kemayangan, ing sawijinging dina aku diundang ambek Pakdhe Bagiono melu teka ing "Diskusi Panel Budaya Bangsa Bahari" ing Libra Ballroom, Jakarta Executive Club, Sultan Hotel.
Lha lucune, sakdurunge aku entuk SMS undangan saka Pak Bag, kok ya aku iki mentas wae tuku buku "Kakawin Desa Warnnana Uthawi Nagara Krtagama" anggitane Prof. I Ketut Riana. Pas maca konsep NUSANTARA-ne Ki Patih Gajah Mada, eee onok SMS saka Pak Bag undangan iku. Mamula ya langsung wae tak iyani.
Nah dina wingine, aku nang Gramedia ing Botani Square Bogor, klintong-klintong nemu buku judule: "Kerajaan-kerajaan Awal Kepulauan Indonesia dan Semenanjung Malaysia". Aha, isine akeh sing cocok, ning kudune diwalik. Sebab sing nulis priyayi Prancis, Paul Michel MUNOZ, kang mesthine pikirane utawa mind-set-é isih wong Lor, wong Eropa, kang wis kawit cilik nganggep nek asal-usule budaya iku saka Lor. Bangsa Nusantara kalebu Wong Jowo, jarene wong neneka saka Lor. Saka Vietnam apa piye ngono sing mangidul lewat Taiwan, Filipina, Sulawesi, Lombok, Bali, Jawa. Njut onok sing mengalor tekan Sumantrah utawa bablas mangulon tekan Afrika Timur.
Nek miturut nalarku kudu diwalik. Dudu wong Jowo sing neneka saka Lor, ning Jowo sing nyebar nang endi-endi papan, terus kawin-mawin nang papan-papan mau dadi pirang-pirang suku bangsa sing onok empere ning akeh gesehe, utamane ing babagan bahasa.
Lha saka para penyaji makalah (nara sumber) sing awan-e sesorah, ketoke mik makalahe Mas Radar Panca Dahana sing koyo-koyo memper karo sing dak entha-entha. Malah Mas Radar ngendika: "Kudu wani ngrombak kabeh sejarah dunia ngenani Nusantara".... Sebab sing dirembug dudu sejarah Nusantara 15 abad kepungkur ning 150 abad kepungkur. Ning yo iku, durung oleh bukti, sebab Mas Radar ora nulis 'sumber' pustakane. Utawa bukti-bukti kongkrit.
Lha bar mangan, Mas Agung saka Yayasan Turonggo Seto, malah nganeh-anehi, nontonake foto-foto gambar relief candi Cetho ing Karanganyar. Ngendikane Mas Agung, "Sekitar 25000 sampai 17000 tahun yang lalu, bangsa Indonesia menguasai 2/3 dunia. Relief candi menunjukkan bahwa nenek moyang Indonesia
berhasil menundukkan bangsa-2 di Amerika Tengah, Sumeria, Cina, Eropa dan Afrika..."
Weleh-weleh, sak mungguhna bener pangendikane Mas Agung, kudune Wong Jowo iki nate duwe kabudayan lan peradaban kang ngedap-edapi.. mik kari nggoleki carane nenek moyang Jowo mau bisa tekan endi-endi, numpak opo? Sakliyane iku, Mas Agung uga ngendika yen kraton-kraton kang kasebut ing Babad Tanah Jawi, kaya ta: 'Giling Wesi', 'Medang Kamulan', 'Purwa Carita' ing tanah Jowo iki ora mik 'mitologi' ning bener-bener nate ono. Malah jare negara-negara ing pewayangan, kaya ta Hastina Pura, Magada, lan liya-liyane iku papan asline ya ing Nusantara utamane Jowo kene....
Ah, sak mungguhna bener.... artine sak suwene 100 abad iki, Nusantara bener-bener kepaten OBOR... malah saiki, malik dadi bangsa kang 'asor banget' merga kekungkung dening 'opo jare'... he he he he. Jarene wong Eropa, wong Jowo iku asale soko Cino Kidul, jarene Wong Eropa iku, wong Jowo diajadi agomo Hindu dening Resi Agastya... jarene, jarene, jarene.... ah embuh lah...
Ki Denggleng Pagelaran
0819-31101719
Monggo sing ngersaake HERBAL TOP MARKOTOP, PROPOLIS lan MELIA BIYANG, dak aturi ORDER nang http://www.kdpbiz.com/?page_id=217. Formulir Pendaftaran biso diundunh nang KENE.
Sabtu, Agustus 11, 2012
Wangine Swarga
mBah Soel (BS) muring-muring sebab, ponakane sing aran Lek Oein (LO) dumadakan tutup irung wektu BS ngomong nang cedhak raine. Olehe muring-muring iku rumangsa lagi nglakoni ibadah pasa lha kok dihina.
- BS: Le.. kurang ajar koen. Anggepmu apa, aku omong koen tutup irung?!
- LO: Sik tah Lek aja nesu dhisik tah. Sampeyan maeng isuk gak gosok gigi tah, sak bubare sahur utawa wektu wudlu kanggo subuhan?
- BS: Gosok gigi mbahmu iku. Wong pasa kok gosok gigi? Batal no?
- LO: Weh.. sing ngatur gosok gigi kanggone wong pasa iku sapa Lek?
- BS: Pokoke iku batal, sak enggak enggake mekruh.
- LO: Lha biyen apa kangjeng Nabi gak sikatan nek bar dhahar?
- BS: Nek biyen lak nganggo siwak?
- LO: O iya ding, siwakan. Lho iku lak mergane jaman biyen gurung usum sabun? Gurung onok Odol tah Peksoden. Mulane nganggo siwak. Malah nganggo ranting tanduran khusus tah Lek. Lha pitakonku, apa maeng Sampeyan siwak? Kok ambune blasss mblengeri abab Sampeyan.
- BS: Mesthine ya uwis Le. Ning lha aku iki lak wis tuwek, dadine sistem jerohan kik ya wis ndak fit maneh. Reaksine ya ngene iki Le...
- LO: Lha ning banget hare Lek. Ning apa ya ngene iki sing diarani wangine kesturi swarga Lek?
- BS: Ha yo embuh. Nek miturut ngelmu kadis kan pancen ngono iku. jarene ganda ababe wong pasa iku bakal dadi wangine swarga mengkone...
- LO: Lha iya Lek, lhanek wangine swarga ae saiki koyok ababe wong pasa, lha terus ambune nraka kaya apa?
- BS: Huuuuu.. senthit ki. Koen iku mbok ra sah njarak terus ngapa Le?
- LO: Lho beke malah kewalik, sing sakiki wangi-wangi reragat korupsi iku mengko dadi ambune neraka. Sing saiki gagah-gagah jumangkah mbelani agama iku mengko malah dadi slangkrahe swarga?
- BS: mBuh Le. Wong mik arep ngrasani sing ribut-ribut ing wulan pasa wae tukmu nglarani rasane wong tuwa. Nganggo nutup irung barang...
Monggo, kanggo mbebasna napas sing ora prayoga, bisa kanthi kumur-kumur larutan PROPOLIS, sing bisa panjenengan pesen kanthi rawuh ing KDPBIZ.COM
Rabu, Agustus 08, 2012
Ma'atology
![]() |
| http://johnfranc.blogspot.com/2011/01/prayer-for-egypt.html |
Yo pancen ora maido yen wong ngrembug Mesir kuno, wis mesthi sing mencungul iku telung wacono, piramida, mummi lan aksoro hieroglif. Katelu-telune iku nek ditelesih kok yo onok sesambungane ambek sesembahane wong Mesir kuno sing sinebut Ma’at (iki nek nganggo carakan tinulis Mangat). Catetan: miturut poro ahli busono (panaliti kang nyinaoni penganggo kanggo nutup awak, jarene sing sepisanan gawe penganggon koyo T-shirt lan suwal (celono cekak) iku yo wong Mesir kuno, mergane Mesir kuno iku hawane panas lan lengas (lembab) lan akeh lemut, tur bongso Mesir kuno wis nemokake bahan kanggo gawe bakalan klambi, wis biso gawe bungkuse mummy.... Mesir kuno ora koyo saiki sing wis selot suwe dadi segoro wedhi, ning keporo tlatah kang ijo royo-royo akeh udan lan subur makmur. Mulane wong-wongane uga biso mikir lan ngeronce nalar nggoleki sesembahane, temah biso gawe bangunan “religius” sing sinebut piramida iku.
Hananging, opo to agamane wong Mesir kuno? Ora ono sing ngerti mergo angel digoleki. Mung sing cetho bongso lan budoyo Mesir kuno iku dadi ilang musno nganti boso lan agamane barang ilang mung amargo ditaklukake ambek bongso-bongso kang nggowo agomo anyar. Sepisan cinathet ing Torah, Injil, lan Qur'an digambarake yen rojo Pirngon iku kelem ing laut merah, naliko ngoyak rombongane Nabi Musa. Keno disanepakake yen budoyo Mesir jaman iku keno pengaruhe budoyo Hibrani tinggalane Nabi Ibrahim sing dipandhegani dening Nabi Muso lan Nabi Harun. Bukti patilasan agomo Hibrani iki malah tekan laladan Mesir kuno ing negarane Yosoa NgKomo ambek Robert Mugabe... Rwanda - Rhodesia.
Bubar iku, Mesir dijajah Romawi disambung karo owah-owahaning agomo bongso Romawi dadi Kristen kuno. Agomo Kristen iki temahan nganti biso ngremboko ninggal patilasan ing Ethiopia sing biyen diarani negoro Ngabesinia sing salah siji rajane kepingin ngelun Mekah mbarengi karo wiyosane Kanjeng Nabi Muhamad. Bar panguwoso sing agomo Kristen, Mesir dijajah panguwoso Islam ing Damascus lan agamane wong Mesir tekan saiki sing akeh Islam.
Ing cathetan sejarah peradaban dunia, sok bongso opo sing njajah bongso liyo sing bedo agamane iku biasane ngubah papan-papan keagamaan dadi papan keagamaanne. Contone yo Mesjid ing Istanbul Turki, Gereja ing Andalusia, rusake Patung Budha rasekso ing Afghanistan... nganti patung-patung kuno ing pulo Jowo sing podo rusak utawa ilang sirahe.... Mung gandheng sing ono iku Piramid, yo ora diowahi... mbok menowo ora cukup tenagane kanggo ngrusak Piramid, kajobo njupuki barang-barang ing njerone.
Nah, saiki ngrembug Ma’at. Meh podo karo bongso Jepang sing neneko, bongso Mesir kuno iku duwe pirang-pirang dewo sesembahan. Mung dewo-dewo iku wis undho-usuk koyo satataning negoro (iki meh podho karo kapercayan ing Cina). Dewo-dewo iku duwe pakaryan dhewe-dhewe, duwe panguwoso dewe-dewe lan uga sok-sok digambarake sak karepe dhewe, koyo dewo-dewo ing Yunani kuno.
Dadi dewo-dewo iku digambarake koyo dene manungso. Ono sing bludregan, ono sing sabar, ono sing lucu lan sak panunggalane. Sing cetho dewo-dewo iku ora nguwasani jagad, isih ono Moho Dewo sing duweni lan ngatur jagad. Dewo paling dhuwur iki malah digambarake nganggo wewujudan “kenya-kembar” ning njawiji sing tanpo pamrih opo-opo, ngatur isen-isening jagad.
Dewo/dewi kembar ning nyawiji iki dijenengi Ma’at kang maknane “Bebener” lan “Aturan” (Truth and Order). Ma’at iki dipercoyo sing ngatur kabeh titah lan tumitah nganggo aturan lan bebener, temah ngasilake jagad sak isine kang sarwo klop, setel, lan timbang. Dadi mbalah wong Mesir kuno iki nganggep yen jagad royo (universe) iku umpomo diarani papan mujudake papan kang luwih dhuwur tinimbang sadhengah papan, mujudake paran kanggo kabeh kang tumitah. Jagad royo kanggone wong Mesir kuno keporo dianggep papan kang “lumrah” lan biso dinalar (the rational place). Jagad royo lumaku kanthi cokro manggilingan nganggo aturan kang wis dumadi, trep lan ora mbalenjani.
Jagad ora bakal mbalenjani lan lirwo karo aturan lan bebener soko Ma’at. Bebener lan aturan Ma’at diparingake marang Jagad lan biso diwoco dening manungso sarono “boso kadewatan” sing tinulis sarono gambar lan pralambang. Manungso biso moco amargo duwe akal lan nalar (ah dadi eling isen-isene surat al-‘Alaq, yen jarene Gusti Allah iku ngajari manungso sarono ‘kalam’). Dadi iman iku saranane nalar lan akal, ora mung pokoke percoyo thok. Sabab iman mono ora mung waton percoyo, ning kapercayan sarono akal, kapercayan kang mowo alesan lan biso dinalar (the reasonable faith). Coba kito gatekake kedadeyan-kedadeyan ing ngisor iki.
Wong Mesir kuno nganggo nalar lan akal iku nemokake Ma’at. Kanjeng Nabi Ibrahim migunakake akal lan nalar nemokake Elly utowo Yahweh. Ing jaman “seratus filsuf” (tahun 600 – 500 SM), wong-wong Yunani kuno nganggo akal lan nalare nemu Logos. Vidharmana Mahavira (599 SM) soko tanah Hindustan nemokake “The ultimate Soul’ sing dadi paraning kabeh kang duwe jiwo, paraning kamukswan. Meh bareng angkate karo Siddharta Gautama manggih Buddha. Ing tlatah Lu (Cina) guru Kung Fu-tzu klumpuk-klumpuk pustoko ngajarake kawicaksanane wong ngaurip. Bareng angkate ambek Nabi – nabi ing Hibrani sakwise Kanjeng Nabi Sulaiman surut.
Sing cetho tinggalane poro paramporo jaman “seratus filsuf’ iku lahir amargo ono tingkah kurang prayogo saka poro panguwoso agomo ing papane dhewe-dhewe. Ing Yunani kuno lagi manther-manthere crito babad lan mitologi sing ora tinemu ing nalar, ning wong-wong kang sugih omong lan umuk biso kuwoso nganti ngaku-aku utusaning dewo.
Ing Hibrani gonta-ganti panguwoso sing tansah nindhes kawulo. Ing Hindustan agomo Brahmin wiwit gawe panguwoso-panguwoso agomo sing kejem lan ora tinompo ing nalar. Sing kuwoso mung wong sithik kang ngaku golonganing Brahmono, utusane Brahman ning ngisep poro kawulo lan pidak pejarakan. Ing Cina mengkono ugo ritual-ritual wicaksono wis pating blasur amargo pimpinan-pimpinan agomo sak karepe dhewe gawe odo-odo njalari negoro tansah ondar-andir, amargo manungso wis ngglewar soko T’ien lan lali marang Shang Ti..
Ma’at ditemokake dening bongso Mesir kuno ewonan tahun sakdurunge wiyosane Iyasa (Yesus) ning isine ditemu maneh karo bongso Yunani, karo Guru Kung, Siddharta lan Mahavira. Lan ing salah siji isine piwulange Sang Iyasa ono tetembungan: “Sak durunge ono sing ono iku Logos, lan Logos iku anane jalaran Gusti Allah... lan sak piturute....”
Udokoro 610 tahun sak wise Sang Iyasa lahir, Kanjeng Nabi Muhammad nompo dhawuhing Gusti Allah kang supoyo “moco”. Ning moco opo? Mesthine poro sedulur biso nglanggati nganggo pepanci maknaning ayat sing koyo mangkene:
QS 96: al-‘Alaq:
- Wacanen nganggo kekanthen asmaning Pangeran kang nitahake
- nitahake manungso soko ‘alaq’
- Wacanen, lan Pangeranmu iku Moho Murah
- kang ngajari Manungso sarono KALAM
- Panjenengane ngajari manungso opo-opo kang ora dimangerteni
- Ngertenono yen manungso iku seneng ngluwihi wates
- jalaran rumongso sarwo ora cukup
- Sak temene yo mung Pangeranmu kang pinaran balimu ing tembe.
Lho, nek ngono iku harak sarwo trep lan runut. Ono Ma’at ing Mesir, ono T’ien ing Cina, ono Logos ing Yunani, ana Dharma lan Sutra ing India. Akhire ono Kalam ing ajarane Nabi Muhammad. Kabeh pinarcoyo kudu sarono nalar lan akal. Ora mung waton manut ing panguwoso agomo. Uga ora mbedak-mbedakake agomo, kabeh manungso ing sak lumahing bumi wiwit jaman kuno koyo-koyo tinuntun dening kang Murbeng Dumadi, nemu lan mercayani sawijining sesembahan.
Nuwun.
=====mBah SoeL
====================================
Suradira Jayaningrat Lebur dening Pangastuti
Sing ngersaake PROPOLIS lan MELIA BIYANG biso rawuh ing www.kdpbiz.com/?page_id=217
LUPA
![]() |
| http://www.sangbaco.com/2011/12/karena-kita-sama-sama-pelupa-tak.html |
Kliwir adik Klowor sudah besar. Sudah masuk sekolah SMP. dan sudah berani mengeluarkan hak interpelasi dan hak angket di keluarganya.Hak interpolasi ditujukan ke 'emak'-nya, Saropah, "Mak jualan jamu gendhong botolan itu harus jelas lho, botolnya bolehnya beli dari mana?"
Hak angket ditujukan kepada bapaknya, Mat Pithi, "Pak, hasil usaha tarik becak Bapak harus jelas lho pembagiannya. Hayo yang buat jajan SOTO SULUNG tiap hari berapa? Yang untuk makan di rumah berapa? Harus rinci dan jelas, Pak...!" Dah pokoknya Kliwir memang cerdas. Kecerdasan dan keberaniannya mengeluarkan OPINI melebihi KLOWOR dan para pengamat yang sering tampil di TV. Cuma ya itu kelemahan Kliwir adalah PELUPA.
Suatu hari pas mata pelajaran Bahasa Indonesia, Kliwir ditunjuk Pak Guru (PG) maju ke depan untuk membacakan ringkasan cerita karangan tugas dua minggu sebelumnya. Yaaah, memang Kliwir Mat Pithi Putra ini jagoan dan berani berdebat dengan PG:
- "Kliwir, ayo bacakan karanganmu!"
- "Lho, kok saya, Pak?"
- "Lhaaah, minggu lalu kan sudah Bapak pesan, kalau hari ini giliran kamu membacakan karangan?"
- "Wah.. lupa Pak?"
- "Lho kamu kan sudah diajari sama Pak Koya, tentang administrasi. Semua kan perlu ada catatannya"
- "Iya, memang Pak. Tapi sekarang saya benar-benar lupa"
- "Apa kamu tidak punya catatan harian?"
- "Punya, Pak. Sesuai ajaran Pak Koya"
- "Kenapa kamu tidak ingat kalau pada hari ini giliranmu membacakan karanganmu? Apa coba isi atau hal-hal yang kamu catat di buku catatan harian" (Guru Bahasa Indonesia Rek, ngomongnya ya begitu, menggunakan bahasa Indonesia yang baik dan benar)
- "Justru di situ letak masalahnya, Pak! Saya memang selalu mencatat apa-apa yang perlu, termasuk bila ada rencana, janji, jadwal pelajaran minggu yad, dsb. Soalnya saya kan pelupa."
- "Lha iyo..terus kenapa bisa lupa?" (sorry pak guru ketenta basa jawa)
- "Maaf pak.... waktu itu saya lupa membawa buku catatan harian itu. Dan tadi pagi lupa pula membawanya..."
Monggo sing ngersakake pesen HERBAL AJAIB, PROPOLIS lan MELIA BIYANG, enggal rawuh ing www.kdpbiz.com. Kula aturi ngunduh formulir pendaftarane, isi, terus kirim nang denggleng@yahoo.com utawa stokis@probeyoung.com
Senin, Agustus 06, 2012
TULI
Ada oma ke gereja dgn cucunya, pada saat perjamuan, karena oma sudah tua umurnya 101 thn, jadi pendeta lah yang antarkan itu anggur ke kursi oma.
Abis itu oma minum anggur perjamuan,
Pendeta : “Bagaimana Oma bisa berumur sampe 101, gimana caranya, tolong kasih tahu?!?"
Oma : "Haaa??? Apa...>"
*Karna oma tidak dapat dengar, cucunya yang membisikkan pada telinga oma
Cucu : “Oma... pendeta ada tanya, bagaimana Oma bisa berumur panjang dan bagemana caranya?"
Oma : “Ohhhhh... Pak Pendeta kalo mau umur panjang musti dapat penyakit kayak Oma."
Pendeta : “Apa penyakit oma....??" :/
(*Cucu berbisik mengulangi pertanyaan pendeta ke telinga oma)
Cucu : “Pendeta bertanya lagi, apa penyakit oma ."
Oma : ”Penyakit oma adalah 'PONGO' (TULI... #:-s )"
Pendeta keheranan kenapa koq penyakit tuli Oma, bisa buat umur panjang?
Pendeta : ”Kenapa harus tuli Oma???" Setengah berteriak
*Cucu berbisik ulang pada telinga oma
Oma menjawab : ”Supaya kalau TUHAN panggil kita... kita tidak dengar....." >:/
Abis itu oma minum anggur perjamuan,
Pendeta : “Bagaimana Oma bisa berumur sampe 101, gimana caranya, tolong kasih tahu?!?"
Oma : "Haaa??? Apa...>"
*Karna oma tidak dapat dengar, cucunya yang membisikkan pada telinga oma
Cucu : “Oma... pendeta ada tanya, bagaimana Oma bisa berumur panjang dan bagemana caranya?"
Oma : “Ohhhhh... Pak Pendeta kalo mau umur panjang musti dapat penyakit kayak Oma."
Pendeta : “Apa penyakit oma....??" :/
(*Cucu berbisik mengulangi pertanyaan pendeta ke telinga oma)
Cucu : “Pendeta bertanya lagi, apa penyakit oma ."
Oma : ”Penyakit oma adalah 'PONGO' (TULI... #:-s )"
Pendeta keheranan kenapa koq penyakit tuli Oma, bisa buat umur panjang?
Pendeta : ”Kenapa harus tuli Oma???" Setengah berteriak
*Cucu berbisik ulang pada telinga oma
Oma menjawab : ”Supaya kalau TUHAN panggil kita... kita tidak dengar....." >:/
TERSEDIA, Herbal top markotop untuk anti kanker dan awet muda: PROPOLIS dan MELIA BIYANG, harga hanya Rp 550,000 sepaket. Order segera, klik di SINI
Nggambar Segitiga (bahasa Indonesia)
Bu Guru: "Udin, coba kamu gambar segitiga sama kaki...!"
Udin: "Ah Ibu nih ngajarin yg gak bener aja sih.."
Bu Guru: "Udiin..?!"
Udin: "Asal Ibu tau yaaa, saya tuh gambar segitiga sama tangan aja masih, keliruuuu, apalagi sama kaki..! Yang enggak2 aja ibu ini..."
Udin: "Ah Ibu nih ngajarin yg gak bener aja sih.."
Bu Guru: "Udiin..?!"
Udin: "Asal Ibu tau yaaa, saya tuh gambar segitiga sama tangan aja masih, keliruuuu, apalagi sama kaki..! Yang enggak2 aja ibu ini..."
TERSEDIA, Herbal top markotop untuk anti kanker dan awet muda: MELIA PROPOLIS dan MELIA BIYANG, harga hanya Rp 605,000 sepaket. Order segera, klik di SINI
Sing Nemen Sopo?
Sore-sore keluarga Mat Pithi lagi ngeteh. Sinambi nonton tayangan kampanye ngguk TV sing gak mutu, (ngono jarene Klowor). Dumadakan Kliwir sing lagi kelas 3 SD kadingaren ngomong sambil mikir nang Bapake.
"Pak, sampeyan pancene pinter kok Pak, milih Simak?"
Mat Pithi bombong, Saropah mbabrak raine.
"Lho, opoko koen iku, Cung. Bayi ngurusi Pake sing milih Make?"
"Nek tak pikir-pikir sak kampung kene tambah kampung kono, kana, kana kae...ibuk-ibuk sing sak umuran Simak iku, mik Simak sing paling semok"
Saropah kudu ngguyu ambek alok: "Woooo, cah ra urus. Ketularan Pakmu yo? Bayi ngerti-ngertine 'semok'"
"Lho tenan kok, Mak. Mbangane mBokdhe Kimpong kae mbalah kelemon, njut Bu Carik kae masiya resikan ning lak keriput... hehehe!"
"Husssy... malah ngrasani wong liyo... lho njut yok opo? Ngerti tah Pakmu iki pinter milih gendhakan... hehehe..."
"Lha iyo, ning aku iki bingung malah nang Simak....!"
"Weee.... bocah kurang ajar, malah mbingungake Make... njut bingungmu nang endine?"
"Anu, Mak.... kok biyen Simak iku gelem ambek Bapak, ngono lho.....!"
Saropah/Mat Pithi: "Haaaaa? Semprul...!"
(Kliwir cepet-cepet mlayu metu ambek nyekakak.... weruh Pake ambek Make ngethungi sandal!)
mBah Soeloyo
"Pak, sampeyan pancene pinter kok Pak, milih Simak?"
Mat Pithi bombong, Saropah mbabrak raine.
"Lho, opoko koen iku, Cung. Bayi ngurusi Pake sing milih Make?"
"Nek tak pikir-pikir sak kampung kene tambah kampung kono, kana, kana kae...ibuk-ibuk sing sak umuran Simak iku, mik Simak sing paling semok"
Saropah kudu ngguyu ambek alok: "Woooo, cah ra urus. Ketularan Pakmu yo? Bayi ngerti-ngertine 'semok'"
"Lho tenan kok, Mak. Mbangane mBokdhe Kimpong kae mbalah kelemon, njut Bu Carik kae masiya resikan ning lak keriput... hehehe!"
"Husssy... malah ngrasani wong liyo... lho njut yok opo? Ngerti tah Pakmu iki pinter milih gendhakan... hehehe..."
"Lha iyo, ning aku iki bingung malah nang Simak....!"
"Weee.... bocah kurang ajar, malah mbingungake Make... njut bingungmu nang endine?"
"Anu, Mak.... kok biyen Simak iku gelem ambek Bapak, ngono lho.....!"
Saropah/Mat Pithi: "Haaaaa? Semprul...!"
(Kliwir cepet-cepet mlayu metu ambek nyekakak.... weruh Pake ambek Make ngethungi sandal!)
mBah Soeloyo
Monggo lho sing kepareng arep mundhut Herbal Top Markotop: PROPOLIS lan MELIA BIYANG dak aturi rawuh ing www.kdpbiz.com
Sabtu, Agustus 04, 2012
Rivitalisasi Sêni Gamêlan
![]() |
| Gamelan ing Relief Borobudur |
Ono sawêtoro sing ngarani yèn gamêlan Jowo iku entuke amargo nggabung-nggabungake alat-alat musik maneko warno. Saka Arab, India, Cino lan liya-liyane. Ning aku malah khawatir yèn têrus kewalik. Kewalike, malah ndhudhah karawitan dadi sêni pêthilan. Ya iku têrus ono konsèr rêbab, konsèr gambang, konsèr kêndhang... malah têrus konsèr gong.... hehehe.
Sabab ngene, aku duwe pênêmu sing nylênèh ngênani gamêlan. Koyo sing wis nate daktulis nang milis jowo, yèn gamêlan iku 'variasine' nglumpuk nang Jowo gagrag mataraman (Jôgja-sôlô). Jarene para ahli gamêlan, yèn komplit sak pangkon (slendro-pelog) nganti sing riwil-riwil, koyo to 'kôcrèk' lan 'slômprèt' (sing nang reog Ponorogo kae) gunggunge piranti gamêlan iku ôra kurang soko 75 jinis. Nèk lêngkap karô sing nabuh lan sing uro-uro utowo sindhèn jangkêp, jare kudu diayahi ambèk sithik-sithike wong 125. Lha iki gèsèh bangêt yèn dibanding jinise kêsênian musical liyane.
![]() |
| Orkestra Eropa |
Musik klasik Erôpa pancèn biso atusan jumlah pêmaine, ning sing dicêkêl pêrsasat akèh sing podho. Biôla wiwit sing cilik nganti sing selo... kabèh digèsèk. Slômprèt wiwit klarinèt nganti sing guêdhii kae prinsipe yo podo, disêbul. Ning nèk gamêlan, akèh bangêt jinise, arêpa yo akèh sing mèmpêr coro ngunèkake, sarono dithuthuk (pèrcusi).
Lha ing kene aku duwe pênêmu ngene isok lôrô-lôrône mlaku lan pêrlu panaliti sing imbang:
- gamêlan ku mujudake 'gabungan' maneko warno jinis alat musik.
- gamêlan malah dadi sumbêre alat-alat musik.
![]() |
| Alat Musik SEBULAN |
Pênêmu lôrô-lôrône iku tansah gawe bingung awakku dhewe. Pênêmu sing ongko lôrô mau sênajan ôra langsung wis daktulis grambyangan mbandhingake 'kemampuan' gamêlan mataraman kanggô gêndhing gagrag Parahiyangan nganti Bali, ning ôra biso suwalike. Ditambah manèh kanyatan sing saiki ono. Ing tlatah Vietnam ono piranti musik (mbuh jênênge aku lali), wujude koyo rêbab, mung 'wêtênge' cilik, mik koyo umplung wadah susu-mèlek. Wis mik nganggo alat siji iku njut dadi sêni musik Vietnam. Ning ing Cino alat siji iku dipadu ambèk piranti sing wujude koyo gitar ning kawate akèh koyo sitêr (sitêr iku jare soko India), têrus dicampuri piranti sing mèmpêr siter ning diunèkake sarana dithuthuk nganggo wilahan pring (sodo), dadi musik mandharin. Nèk digatèkake gamêlan ki kok nang tlatah liyane anane mik pêthil-pêthil.
Côntô manèh ing Korea ono piranti wujude koyo 'kêmpul', bônang lan kêthuk, ning thuthuke atos kabèh, dadi mik cêmêngkling unine kanggo ngiringi 'barongan' Korea.
![]() |
| Maneka Warna Gamelan |
Ôra adoh-adoh ing tlatah Minang têkan Batak, mung kômanan piranti mèmpêr bônang. Sing nang tlatah Palembang ugo mèmpôr ning luwih lêngkap ono sing mèmpêr saron. Sing rodo lêngkap iku ing Dayak (utamane Banjar), jare biyèn sing nggowo dulure Patih Logêndèr sing Adipati Banjarmasin. Lha ono manèh sing mèmpêr jowo nganti têkan tarianne, yoiku ing Kamboja lan Thailand. Jian jôgètane lênthuk-lênthuk koyo bêdhoyo kae, ning iringane mèmpêr têtêmbangan Bali. Cêmêngkling gamêlane lan dhuwur njêngik pesindhène, rodok ôra cetha....
Iki ndhukung pênêmu nomor lôrô, sing unine, "Gamêlan iku asal-usule piranti musik ing Asia Kidul Wetan lan Asia Wetan." Ning sekaligus ndukung penemu ongko siji, sing unine, "Gamelan iku gabungan maneka warno alat musik lan sêni musik sing wis dijawakake." Contone jare rêbab iku asale soko boso Arab, sitêr soko dening 'sitar' (saka India, alat musike dewo Naradha), kêndang iku sing mèmpêr Jowo sak dônya mung kêndhange wong Burma têkan Bangladesh, ditabuh bongkot-pucuke. Dene kendhang sing saka India, ditabuh mik sêsisih, tur bêntuke nyêmpluk-nyêmpluk.
Nèk nuhoni pênêmu sing ongko siji iku janjane muni... "Budhoyo Jowo jaman biyèn nganti ngrakit gamêlan (karawitan) sing pênting biso ngganti 'thuthuk' sing sarwo atos dadi lêmbut lan unine ulêm, sêjatine iku 'puncake' sêni musik. Njut biyèn dadi sêni 'ndeso' iki malah hebat bangêt. Sabab ing budhoyo liyane, biasane sêni iku mik kanggô wong-wong bangsawan utowo para pênguluning agomo. Dene gamêlan bisa warata ing deso-deso koyo ing Bali (umpamane, lan aku duwe penemu ing jaman Majapahit mêsthi ing Jowo yo ngono iku.... gamêlan kanggo sarana manêmbah ing kutha nganti deso-deso, yèn nggatèkake rumus-rumusing têmbang lan gêndhing kang mujudake 'mantra'), artine janjane gamêlan wis dadi 'sukmane' budhoyo Jowo.
![]() |
| Karawitan Rodo Kumplit, nganggo sinden loro |
Mulo yèn aku entuk usul ngônô, balèkno manèh pêlajaran boso Jowo ing pendidikan formal ning ojo di-biji koyo pelajaran matematika. Têgêse, pêrangkat budhoyo Jowo bali dadi pêrangkate 'pendidikan' dasar lan menengah. Yèn saben-saben sekolah dasar tumekane SMU duwe sak prangkat Gamêlan ngônô wae... dakkira bakal môncèr seni gamêlan iku. Lha wong dhasare jiwane wong Jowo iku wis ngejowantah dadi gamêlan kok... Iki yo pênêmu lhô... bênêr-lupute yo sumonggo.
Sing ngersaake Suplemen Top Markotop: PROPOLIS lan MELIA BIYANG dak aturi order liwat www.kdpbiz.com/?page-id=217
Langganan:
Postingan (Atom)









